Matematika Pilkada

Taun iki bakal akèh pilihan bupati lan walikota. Ora mung sa-Jawa Tengah, nanging mèh rata saÉndhonésa. Bakal akèh dhuwit disebar, bakal akèh wong kapusan. Kaya netepi kodraté urip ing jaman édan, akèh wong pinter bakal ngédan, ngapusi wong akèh sing cilakané ya pancèn dhemen diapusi.

Sampéyan kabèh mesthi ora percaya yèn dakcritani, menawa wong nyalon bupati, walikota utawa gubernur kuwi bisa kanggo golek dhuwit. Dadi, anggoné nyalon iku mung laku sandiwara, apus-apus cara alus. Politik tingkat tinggi miturut tetembungané wong-wong jaman kiyi.

Isih akèh lho, wong sing duwé patrap kaya mangkono. Duwé jabatan, embuh ana pamaréntahan utawa perusahaané negara lan swasta, atawa duwé usaha rada lumayan, wis bisa kanggo pancatan. Paling ora wis bisa kanggo modhal, saora-orané wis dadi wong. Perkara wong liya nganggep dhèwèké apa ora, wis ora penting.

Bakuné, wong-wong sing duwé patrap wagu kaya mangkono mesthi teteg, mula wani main sandiwara kanthi laku mata picek kuping budheg. Lha mbok uripé kerep culika lan kondhang duraka, tetep waé wani pamèr rupa. Rumangsané, kabèh èlèké mau bisa diresiki kanthi umuk kabecikan, pamèr bandha.

Carané gampang, ngundang juru warta nalika ada-ada andum beras lan gula-tèh marang wong mlarat. Ngulungaké bantuwan kanthi mèsem mung yèn pas dipoto wartawan. Sabanjuré, mléngos manèh wektu salaman utawa ninggalaké papan sing lagi kanggo padha rebutan pangan. Modhalé sithik. Andum sembako rega selawé èwu kanggo wong sepulu èwu wis cukup kanggo malik drajat, malih dadi wong becik.

Ning kocapo, pengusaha jaman saiki sing akèh-akèhé urip mulya ana donya kanthi cara KKN, nyogok kana mbeseli kéné supaya olèh proyèk, ya ora mari-mari anggoné nyebar rejeki. Waton ana calon sing sajak moncèr, dianggep duwé massa akèh banjur dianggep perlu dicedhaki lan disumbang. Yèn ana pirang-pirang calon sing katon kuwat dhukungané, kabèh ya bakal dibagèhi ‘rejeki’. Kudu pinter, kudu ider.

Lha, kahanan mangkono iku sing disenengi wong-wong julik. Sumbangan ditampa, sabagèyan didhelikaké, turahané diuwur-uwuraké, diècèr-ècèr awujud sembako lan mbayar tim suksès. Yèn yakin menang ya diterusaké, yèn rumangsa bakal kalah, swara pendhukungé bisa didol, diijolaké marang mungsuhé.

***

Kira-kira, étungané kaya mangkéné. Saumpama aku pengusaha gedhé utawa pensiyunan penggedhé, aku bisa wara-wara arep nyalon. Ngundang wartawan, masang reklamé saakèh-akèhé, lan sapanunggalané. Sawisé kuwi, aku nyebar sisik melik. Yèn rakyat nampa becik, aku banjur ngira-ira lan ngetung kekuwatan dhukungan. Bèn tambah manteb, aku bisa gawé ada-ada warna-warna: andum sembako, pengobatan gratis, lan sapanunggalané.

Umpama nganggo conto nyalon nèng Kutha Sala, kira-kira sing dakbutuhaké ing antarané kaya ing ngisor iki:

Andum SembakoGula, tèh, beras, lan sapanunggalané rega Rp 25 èwu kanggo wong 20 èwu, didum ana 20 papan/kampung, butuh dana kira-kira Rp 500 juta. Kanggo séwa téndha/kursi lan panitia Rp 5 juta x 20 papan = Rp 100 juta.

Réklamé – Gawé 5.000 spanduk rega Rp 100 éwu klebu ongkos pasang mung butuh Rp 500 juta, yèn disebar wis cukup kanggo ngregeti kutha. Apa manèh ora perlu pajek.

Ongkos gawé lan pasang banner gedhé-gedhé ora nganti Rp 100 èwu. Cukup masang 2.000 wis dadi kondhang, kamangka mung cucul biyaya Rp 100 juta.

Nyithak poster sing gedhéné saambané tanggalan cacah 1 juta, paling-paling mung modhal Rp 150 juta.

Réklame ana layang kabar uga penting. Yèn ora pasang iklan, bisa-bisa ora diberitakaké kanthi becik kaya sing dikarepaké. Mula, bèn ora muspra anggoné sandiwara, racaké padha pinter-pinter andum rejeki. Umpama ana lima layang kabar, dipilih waé sing gedhé-gedhé utawa sing dianggep penting. Umpama milih telu, diratani kanthi kontrak iklan Rp 50 jutanan, mung perlu Rp 150 juta, ta?

Iklan radio lan tipi, anggep waé anané 10 radio dipasangi kabèh, lan dibagèhi Rp 10 juta, lan iklan tipi dicepaki Rp 20 juta, totalané ya mung Rp 120 juta.

Tim Suksès Ongkos tim suksès, anggep waé mung wong 500, yèn dirata-rata butuh Rp 5 juta saben wong siji, kira-kira kecandhak angka Rp 2,5 milyat.

SurveiWah, malah kelalèn, durung nglebokaké anggaran survéi. Iki klebu penting kanggo mangertèni sepira tingkat keterpilihan utawa èlèktabilitas calon. Yèn kangèlan nglakoni dhéwé, saiki wis akèh lembaga sing gawéyané survéi. Biayané ora larang, Rp 100 juta wis cukup kanggo mangertèni ampuh-orané calon. Wong-wong lembaga mau wis bakal survéi, nakoni akèh warga sing dadi sampel. Pokoké, sip.

Malah, ana lembaga survéi sing mung ngregani Rp 2 milyat kanggo total komunikasi: survéi, pengadaan alat peraga/matèri kampanye lan sapanunggalané.  Iki modhèl borongan, sing klebu ‘murah’, ngirit lan nggampangaké lakuné calon.

***

Dadi, kabèh Rp 4.220.000.000! Bèn rada longgar, kudu dilebokaké étung-étungan cara manajemen modhèrén, mula kudu ditambah 10 persèn. Dadi, kira-kira bakal butuh bandha Rp 4.642.000.000. Ya, dianggep waé perlu modhal Rp 6 milyat kanggo urusan liya-liyané, wong biyasané uga perlu pésta suka-suka lan nyéwa gali, sebab bisa kanggo wedèn-wedèn lan njaga spanduk bèn ora dithèthèl mungsuh.

Ditambah manèh, perlu uga (maah kepara penting) kanggo mbayar tokoh-tokoh masyarakat sing kemaruk bandha donya supaya bisa ngandeli rembug lan bisa umuk dhukungan. Wong-wong sing bisa dituku, biyasané oknum-oknum tokoh agama, tokoh partai, organisasi masyarakat, lan sapanunggalané.

Saka ngendi olèhé dhuwit balèn? Waton bisa gawé percayané liyan, jenengé dadi kembang lambé ana satengahé masyarakat, wis mesthi dijamin akèh pengusaha sing bakal nyedhaki. Potènsiné werna-werna. Pengadaan buku sekolah SD/MI, umpamané, anggarané luwih saka Rp 10 milyat setauné. Sepuluh persèn diénggokaké ora krasa, wong étungané penerbit mung separoné. Kamangka, saperiodhe iku limang taun!

Biaya pembangunan gedhung sekolah, kantor pemerintah, perawatan dalan lan sapanunggalané bisa atusan juta setauné. Kamangka isih akèh manèh anggaran sing kudu diblanjakaké kayata biaya perawatan kendharaan operasional, pengadaan alat-alat kesehatan kanggo rumah sakit an puskesmas…. Wis, pokoké atusan milyat setauné, lan trilyunan rupiah saperiodhen jabatané!

Dadi, kanggoné pengusaha, bisa kolusi iku pancèn bakal nyugihaké. Yèn nganti bisa malak proyèk, nutup Rp 10 milyat ya isih kuwat, ora ana ruginé. Déné kanggoné sing akal-akalan nyalon, tetep bisa bathi yèn pinter ngétungé.

Percaya kena, ora ya ora dadi ngapa, wong iki dudu agama. Aku tau krungu, ana wong nyalon (rasah disebut nyalon apa, pokoké babagan pilkada) sing kalah nanging malah dadi tambah sugih. Ana sing olèh turahan ‘sumbangan’ pirang-pirang milyat, malah ana uga sing jaréné luwih saka Rp 10 milyat. Éling lho, ya, iki mung gosip, durung mesthi bener….. Aku mung crita lan ajar othak-athik angka.

Piyé, sampéyan pingin nyalon apa ora? Yèn isih drajat rakyat, becik ngati-ati lan waspada sadurungé milih pemimpin. Wong sing kakèhan umuk lan ngatonaké nepsu kuwasané, biyasané wis ngerti étung-étungan kaya mangkéné.

Becik dibédakaké karo priyayi sing tulus, seneng ngemong, lembah manah gelem ngrungokaké liyan tanpa nyawang sandhangané lan ora aèng-aèng. Sing kaya mangkéné, mesthiné luwih bisa dijagakaké mbésuké.

11 thoughts on “Matematika Pilkada

  1. woooooo…
    ngono ta jlentrehane ki Pakdheee…….
    sampean niat ngumpulke pawitan oraaa…? aku tak dadi tim sukses e wiss…… luayan sithik sithik isa nerapke nglmu sengkuni lan durnaku taa….
    🙂

  2. niesdri welsh

    Wah…..ngono ta kocape neng mburi geber pencalonan Bupati.
    Gek mongko ono 3 koncoku sing nyalonke dadi Bupati. Mongko wong 3 kuwi sekolahe ra genep lho….Universitas Status Tedengar wae mbuh rampung opo ora? Opo malah Universitase bubar sak durunge deweke rampung semesteran……
    Aku ngerti nyat wong tuone sigih mblegedu….embuh soko pesugiha opo korupsi aku ora ngerti. Lha piye wong-e dewe yo sulap je yen weruh wong sugih banda.
    Wah…..gah aku kok soyo rusak ngene tatanan negoroku.

    huahahuaua… ya kaya ngono kuwi negarane dhewe, Mbakyu….. lucu, ya? kaya mung dongeng, kamangka kasunyatan…
    /blt/

  3. dadi sakjane ki wong-wong pada nyalon ki mung nggo nggolek duwid toh? piye yo yen ana larangan kampanye, dadine dana sing gedine sepirang-pirang ngono kan ra mungkin enek…

  4. weh jan bingung tenan aku moco tulisan jowo ngene iki, padahal awake dewe yo wong jowo tus… sek tak wocone alon-alon sopo ngerti mak jegagjik onok duit milyatan sing nyiprat nang raiku he he he

Leave a Reply