Ngalah Marang Kahanan

Ngepasi malem tahun baru, nalika wong-wong pating dlidir ana dalan gedhé, aku malah kesusu mulih, pingin énggal tekan omah. Mudhun saka montor nunutan sing wis nggawa aku sakanca layat Gus Dur, aku banjur nganyang bécak ana ndhek-ndhekan bis Kertèn. Mathuk bayarané, aku banjur nyéngklak.

Ana ndalan, aku rasanan karo tukang bécak, sing banjur ngenalaké asmané, yaiku Pak Jani. Omahé cedhak setasiyun Gawok, ngakuné mancal bécaké wiwit soré tumeka ésuk. Dhèwèké wis wegah mbécak wanci awan. Jaréné, wong kaya dhèwèké wis dadi korban rejané jaman.

“Kula kedah ngalah dumateng kawontenan. Tiwas rekasa sedina nyengklung, penumpang mèh mboten wonten. Aluwung kula nggé ngaso, malah saged ngawat-awati laré-laré,” ujaré Pak Jani, nyrocos kaya èmbèr borot.

“Saèstu, Mas. Sanajan rekasa, kula ngéman laré-laré kula. Napa malih èstri sedanten, sing mbajeng pun SMA, sing ragil taksih SMP. Jaman kados sakniki, nèk mboten pinter ngawat-awati malah nyilakani.”

Aku meneng sawetara. Trenyuh. Apa manèh, aku ngerti dhéwé, Sala pancèn klebu kutha mbebayani tumrapé bocah-bocah jembagar, ora lanang ora wadon. Kurang sangu bisa mlebu wuwu, kédanan dhuwit bisa diuntal dhemit. Yèn wong tuwa ora pinter anggoné nggulawenthah anak lan njaga rukuné kulawarga, wis, aku wani bedhèkan, yèn perlu nganggo botohan: bakal bubrah pangangen-angené, kelaut sakabèhé!

Aja manèh mung ombèn gendulan, mbako Acèh, obat pélo lan puyer koplo waé gampang golèkané. Gampangé golèk sarung manuk, hotèl telung jaman, lan papan kanggo lairan sesidheman, kaya-kaya wis dadi mèrek kutha gedhé, sing jaré maju samubarangé. Mula, bocah-bocah saiki kendel mbolos sekolah kanthi alesan sing manéka warna nganti guru mung bisa percaya.

Tukang bécak, sopir taksi klebu wong-wong sing paling pantes dadi seksi, mliginé kahanan jagad wengi. Wong-wong lanang sing seneng ngiwa lan karem plesiran menyang Sala, apa manèh saka njaban kutha, biyasané padha sambat marang kanca-kancané Pak Jani, utawa para sopir taksi kanggo tamba klesikan.

Mula, aku ya mung bisa manthuk-manthuk ngrungokaké critané Pak Jani. Apa manèh, kabèh anaké klebu pinter sekolahé, apik-apik bijiné, mula kudu dirumah supaya slamet tekan dhiwasané.

“Pak, kénging punapa kok panjenengan langkung remen narik ing wanci dalu? Menawi siyang niku lak nggih langkung kathah penumpang, ta?” pitakonku marang Pak Jani.

“Oalah, Mas. Jaman pun sansaya reja, Gusti Allah nggih sampun kagungan cara kanggé andum rejeki. Ajenga kathah penumpang wanci siyang, yèn mboten ngalah marang kahanan malah mung damel mriyang,” jawabé Pak Jani.

“Lha kok saged? Punapa kalah kaliyan angkuta, wong nyatané angkuta lan bisa ing Sala niku nggih mboten komplit jurusané?”

“Mboten niku, Mas… Angkuta nggih arang-arang wektun mlampahé….”

“Ojèk nggih mboten wonten, mula mboten saged diarani ngrayah rejekiné tukang bécak,” kandhaku.

“Ojèk nggih pancèn mboten wonten, Mas. Nanging sakniki tiyang-tiyang ingkang nitih bis saking Jogja utawi Semarang sampun sami nggunakaké ès èm ès. Mula mudhun jleg saking bis pun dipethuk kulawargané.”

Sabanjure, aku mung bisa meneng. Tambah anteng, gulu krasa garing, kamangka mauné wis nganggo lèrèn ngombé ana warung wédangané Kumis sing mèpèt tembok Faroka.

7 thoughts on “Ngalah Marang Kahanan

Leave a Reply