Sasi Sura

Tumrapé wong abangan, sasi Sura dianggep dadi wulan kang wingit. Mula padha ngati-ati, banjur ngakèhi lelaku. Racake, kanthi pasa mutih pirang-pirang dina, utawa pasa ngebleng, ora mangan sedina-sewengi, yèn perlu kanthi apati geni, semèdi ana njero senthong utawa kamar pribadi.

Tumrap wong-wong sing duwé barang piyandel, embuh kuwi awujud keris, cundrik, tumbak lan sapanunggalané, sasi Sura klebu wanci kang becik kanggo njamasi utawa sesuci. Keris lan sapanunggalané dikramasi utawa diadusi nganggo banyu kembang lan dikutugi dupa madu. Ing pangajab, supaya sing dipercaya manggon ana sa barang pusaka mau ora éndha, tetep tansah gelem kekancan, ora bakal ganggu gawé utawa gawé saru siku marang sing duwé.

Aku dhéwé, tau nglakoni pasa mutih saben ngancik wulan Sura, udakara 20 taun kepungkur. Paling suwé, kuwatku mung telung dina, kuwi waé mung sepisan saka limang taun nyoba. Dudu mèlu-mèlu laku klenik, niyatku jaman semana mung pingin nyoba, nètèr ‘kadigdayan’ saka godha donya awujud pangan énak.

Blaka suta, karo rada pingin umuk. Rikala semana, aku klebu kulina mangan ayam gorèng Bu Martinah utawa mBok Berèk, lan cokotan cara Walanda kaya déné roti blèk-blèkan cap Mondé lan (sing rada murahan) biskuit Khong Guan. Rasané genah énak, apa manèh tumrap ilat agraris kaya ilatku, sing uripé ngadhep sawah saben dina ana ndhésa.

Ora perlu telung dina suwéné, bisa mutih sedina waé, yaiku mung mangan ing wanci saur lan buka kanthi sega putih tanpa uyah lan banyu putih segelas, aku bisa ngrasakaké paédah utawa hikmahé. Paribasané, rampung pasa mutih sedina waé, telèk léncung bakal bisa metu rasa énaké, kaya rempela ati kira-kirané.

Rikala mutih, kaya lumrahé wong sing keluwèn, rasané gampang semruweng, hawané mung pingin nesu. Pingin nglalèkaké rasa luwé kanthi cara turu, ora bakal bisa. Sakuwat-kuwaté turu, paling mung bisa angler sedhéla. Dadi, nyoba apus-apus weteng kanthi cara mangkono iku ya ora paédah, tanpa guna.

Aja pisan-pisan ngarani aku percaya klenik utawa tumindak syirik. Agamaku pancèn Islam, nanging babagan pasa mutih mau ora ana gayutané karo laku Kejawèn kaya sing disengiti déning wong-wong sing senengané ngrusak lan ngobrak-abrik wong tumpengan utawa gawé kendhurèn. Kaya déné pasa mutih, tumpengan dakanggep ora dosa, ora klèru waton niyaté ora nolèh saka Gusti Allah  Kang Sawiji.

Kanthi pasa mutih, umpamané, aku bisa ngrasakaké rekasané wong keluwèn. Kamangka, wong keluwèn iku padatan gampang nesu, lan yèn nganti sing keluwèn iku éwon utawa mayuta-yuta cacahé, tundhané ya gampang diububi, dipanas-panasi. Contoné wis akèh, sing paling cetha iku ya taun 1998 mbiyèn.

Wong-wong keluwèn sing atusan éwon disurung-surung déning provokator supaya njarah, ngrayah duwèké liyan. Ndilalahé, wektu semana sing dipakakaké sedulur-sedulur kita sing buyut-buyuté saka Tiongkok. Wong-wong sing keluwèn mau gampang kebrongot, banjur brangasan jalaran ana conto siji-loro keturunané wong Tiongkok sing nakal, dhemen maling dhuwité rakyat lan kolusi karo para panguwasa (pribumi).

Pungkasané kabèh digebyah uyah. Sedulur-sedulur Cina sing ora duwé dosa, ora ngerti upa bengkongé perkara melu dadi korbané wong keluwèn sing ngamuk, sanajan ngamuké amarga diububi déning wong-wong sing seneng gawé dredah lan seneng congkrah. Cilaka lan ruginé banjur ditanggung sapa waé, wong sanuswantara paribasané.

Mula, para sedulur, sanajan keluwèn aja nganti kelalèn tanggung jawabé urip bebrayan. Aja mèlu-mèlu sipaté Ruhut Sitompul kang gampang Nyinak-Cinakaké wong liya. Kepriyé waé, wong-wong keturunan Cina ing kené wis dadi warga lan sedulur dhéwé, ora perlu congkrah. Sing salah ya salah, bisa kedadèn marang sapa waé, ora preduli Cina, Jawa, Arab, Batak lan sapanunggalané.

Ngancik wulan Sura iki, becik padha mulat apa sing wis ditindakaké ing wingi-wingi. Yèn ana sajroning kraton-kraton dianakaké jamasan pusaka lan laku sesuci, ing njabané régol para warga Jawa uga nindakaké laku mesu budi, nyapih hawa nepsu kanthi cara pasa ngebleng, mutih, lan sapanunggalané.

Ana uga sing lelaku kanthi ngubengi bètèng kraton kanthi meneng tanpa guneman, iku ngemu surasa laku introspèksi utawa mawas diri, ngéling-éling apa sing wis naté ditindakaké. Yèn akèh alané tumindak, becik disampurnakaké ing taun-taun sing bakal dilakoni, déné yèn wingi wis rada becik, mbésuké diundhaki apiké.

Sura iku taun anyaré wong Jawa, sing dianggit déning Aji Saka lan sabanjuré digunakaké déning Sultan Agung Hanyakrakusuma dadi tauné wong Jawa. asliné pancèn saka pananggalan hijriyah utawa tauné wong Islam, nanging di-Jawaaké déning panguwasa Mataram Islam, supaya Islam katon Jawané, lan Jawa krasa Islamé.

Akèh pralambang lan sasmita ana sajroning pèngetan Malem Siji Sura. Aja pisan-pisan klèru ngonèkaké klenik sadurungé bisa ngoncèki kabèh sasmita ing ana.

5 thoughts on “Sasi Sura

  1. duh akhire njuk sida piye mau bengi Pakdhe, mubeng beteng kelakon oraaa…?

    saiki wis golek woh pace durung…? aja lali kerise sing tumpul lan berkarat iku dijamasi sisan yaa…!
    🙂 Nuwun…

  2. Niesdri Welsh

    Apike dik…..aku kok nganti mrinding moco iki….kelingan jaman isih enom isih duwe wong tuo sing iso ngajarke lan ndunungke kabecikan soko laku prihatin………
    Aku yo wis tau ngebleng, pati geni lan mutih…….nganti gemeter lan keringeten ngewel ra karu-karuan mergo (saiki lagi ngerti) kadar gulone midun drastis……Ning wektu kuwi kok jare yen wis ndredek pratondo arep diweruhi barang sing ra ketok….wah lha malah wedi no aku.

    Two thumbs up. Matur nuwun wis iso nunut moco……

    ah, mBakyu iku, lho… senengane kok mbanget-bangetake. matur nuwun wis kersa ninggali celathu ana blog-ku.
    /blt/

Leave a Reply