Pelem Sengir

Wanci sore ing sawijining dina, aku pamit mulih sawisé mertamu sawetara ana ing dalemé kanca. Aku disangoni cangkokan wit pelem, sing jebulé naté dakpesen wektu aku dolan kira-kira rong sasi sadurungé. Aku lali saplengan, ora kèlingan yèn naté kepingin duwé wit pelem sengir dhéwé, sing wis mataun-taun kangèlan golèk wohé sing dadi senenganku rikala isih cilik.

“Lataré taksih longgar, ta?” pitakoné kancaku. Aku manthuk, banjur njlèntrèhaké ambané papan kanggo nandur wit pelem paringan kuwi.

Nembé njawab sakecap, kancaku nerusaké anggoné ndangu. “Rak nggih sampun gadhahané piyambak, ta?”

Sepisan iki, aku gèdhèg. “Nyuwun pangèstu kémawon, mugi-mugi saged kula pundhut. Saumpami mboten, nggih idhep-idhep nandur kabecikan, nilar tetenger supados ingkang kagungan griya remen kula rumat,” jawabku. Aku banjur nyritakaké yèn papan sing dakpanggoni saiki isih kanthi cara nyéwa utawa kontrak taunan.

Sajaké kancaku seneng jalaran olèhé rekasa nyangkok ora muspra. Nanging saumpama katon kuciwa, winih mau bakal dakgawa mulih menyang ndésa, sing kebon lan lataré isih rada amba.

***

Sajaké pancèn wis ginaris dadi begjaku. Olèh winih wit pelem sengir, sing sangertiku wis langka ing jaman saiki. Aku dhéwé, wis ana rongpuluh taun ora meruhi woh pelem sing awit pentil waé wis legi, apa manèh matengé.

Aku banjur kèlingan wektu isih cilik seneng mbalangi woh-wohan sing pating grandhul ing lataré Mbah Lurah Dhongkol, sing papané ana mburi omahé simbahku. Saben konangan, aku sakanca padha mlayu, ora nggagas yèn woh-wohan sing mauné abyor ana pang wis padha pating glundhung ana latar.

Woh pelem sengir wujudé bunder, ora gedhé-gedhé banget. Yèn gelem awoh, biyasané abyor utawa ndadi. Yèn wis tuwa ana semburat ungu ana bongkot utawa cedhak ganthilané. Déné yèn mateng wit, titèn-titènané rada gampang. Semburat unguné isih katon, nanging pucuké pelem dadi semurat kuning rada abang.

Yèn olèh sing mateng uwit, bungahku ora mekakat. Apa manèh yèn nganti olèh pelem tiban sisané Dèn Mas Codhot. Hmmm….. Lha mbok golèkana pelem sakjabalkat sing bisa ngalahaké manisé. Pelem gadhung? Pelem gandhik, kwèni? Wis, ora ana amput-amputé, apa manèh yèn mung pelem arum manis sing sangertiku klebu jinisé pelem dadèn-dadèn utawa asil saka stèk pirang-pirang jinis pelem.

Ayo, sapa sing isih duwé wit pelem sengir? Wani botohan, mesthi mung siji saka wong sewu sing seneng nandur pelem. Tur manèh, racaké sing omahé ndésa kaya aku wis padha ngganti tanduran kuwi kanthi wit-wit pelem gagrag anyar kaya jinisé arum manis. Butuhé mung pada seneng nyawang yèn wit-witan kaya jinis arum manis kuwi padha awoh. Wité ora dhuwur, godhongé bisa kanggo eyup-eyupan, tur wohé akèh. Panèné uga gampang, ora butuh sosoh.

Béda karo wit pelem sengir sing racaké dhuwur-dhuwur, saéngga ora gampang yèn arep methik utawa manèn. Apa manèh wong-wong jaman saiki ora ana sing seneng pènèkan. Hahaha… Apa manèh seneng pènèkan, bisa mènèk waé paribasané wis klebu wong pinunjul. Jaman sarwa gampang, yèn butuh njupuk who-wohan sing manggoné ana ndhuwur ya kari golèk sosoh utawa mènèk andha.

Béda karo jaman cilikanku biyèn. Bocah ora bisa diarani lanang yèn ora bisa mènèk wit-witan. Sing paling peng-pengan, ya wong sing bisa lan wani mènèk wit klapa. Coba padha diéling-éling, apa saiki isih ana bocah utawa wong kesliyo utawa tangané putung jalaran tiba saka mènèk wit, utawa katut sempalan pang getas sing kepidak wektu ngranggèh woh-wohan?

(Jaman saiki, sing akèh ya mung wong méngslé utawa njepat balungé jalaran tiba saka numpak pit montor. Iya apa ora?)

Related posts:

  1. Pasar Cilik
  2. Sushi lan Hotèl Tiga Jaman
  3. Virus In Dhèh Dhong
  4. Donyané Lelembut
  5. Pulisi Turu
Tags: , , , , , ,

7 Komentar
Beri Komentar »

  1. nek menek uwit mung arep colong jupuk pelem utawa kambile tanggane opo yo diarani peng-pengan?

  2. Sekarang produktivitas menulisnya kok turun ya, padahal tulisan panjenengan tansah kawula antu antu lo.

  3. selamat malam teman…JR kembali hadir disini untuk absen malam ini, bagaimana kabarnya teman…..

    met weekend ya

  4. cilikanku paling dhukdheng penekan wit… sing paling angel menek aren nganggo sligi… jempol sikil kudu kuwat.
    nek mung uwit klapa wae, kueciilll…

  5. mangga sengir? baru dengar namanya … manis tidak mas? kalo aku, favoritku mangga gedong yang kulitnya warna orange itu… d.~

  6. Angel sanget jaman sakmeniko pados cerkak basa Jawi kulo remen sanget

    wah, wonten sadherek ingkang saweg pinarak, ta.. weeeh… mangga..mangga… katuran mlebet… nuwun
    /blt/

  7. Sarujuk Mas… leres bilih penek’an punika mlebet ing satunggalipun ketrampilan..
    Bab pelem…kula nyuwun wohipun mawon nggih…heheh

Leave Comment

CommentLuv Enabled