Sala dadi papané wong sing arep nyuwargakaké manuk wis kawentar awit mbiyèn. Sadurungé dadi taman sing éndah saploké Pak Jokowi dadi walikota, Balékambang wis dadi jujugané wong-wong saka njaban kutha. Nanging, saiki para priyayi sing ngawula manuk padha pindhah ana taman ing sajeroné Stadhion Manahan, saliyané Pasar Dhépok.
Nanging, papan-papan kuwi mau mung ramé yèn meneri dina prèiné wong nyambut gawé, embuh kuwi Setu lan Minggu utawa saben tanggal abang. Awit ésuk tekané soré, manuk-manuk pating crènthèl, dikèrèk munggah ana wit-witan saka wesi tanpa pang tanpa godhong. Swarané pating cruwit, sing duwé manuk manthuk-manthuk karo singsat-singsot sajak ngudang manuké.
Malah, saking raméné Pasar Manuk, siji-loro sok ana sing ucul, banjur mabur golèk kamardhikan. Racaké, manuk-manuk sing ucul mau kedadèyan rikala ana pawongan sing milang-miling pingin ndarbèni, nanging kurang ngati-ati. Yèn wis ngono kuwi, biyasané para bakul banjur njaluk sraya marang tukang tulup, sing cacahé ora pati akèh.
Salah sijiné tukang tulup sing wis kondhang titisé, jenengé Mas Budi. Saking prigel lan titisé, priyayi setengah tuwa sing omahé ana Manahan kuwi banjur keceluk kanthi paraban Budi Tulup. Miturut critané wong akèh, Mas Budi titis banget. Dhèwèké nggunakaké pakan tulup utawa peluru sing wujudé manéka warna, gumantung jinisé manuk sing arep ditulup. Sebab, ana manuk sing takat utawa bandel, uga ana jinis manuk sing ècèk-ècèk utawa ora kuwat lara.
Miturut Mas Budi wektu daktemoni mbiyèn, nulup manuk kudu ngati-ati. Cukup digawé semaput, banjur yèn wis tiba terus ditampani nganggo jala utawa jaring supaya tibané ora nganti ngenani lemah. Larang murahé gumantung jinisé manuk. Saya larang rega manuké, saya larang béyané. Mula, mbiyèn Mas Budi kerep diundang menyang njaban kutha saperlu nylametaké manuk opèn-opènan sing ucul saka kurungané.
***
Béda Budi Tulup, séjé Budi Ngiwa. Sing arané Budi Ngiwa iki duwé kaprigelan nulup jalaran duwé rasa tresna sing keliwat-liwat marang manuké. Ora ngrèwès dina prèi utawa dina kerja, senengané nyelakaké wektu kanggo nyuwargakaké manuké. Budi Ngiwa-Budi Ngiwa ora mung saka Sala, nanging ora kurang sing asalé saka njaban kutha.
Wong-wong sing arané padha, yaiku Budi Ngiwa, racaké wis padha ngerti, ana ngendi waé papan-papan sing dodol utawa nyéwakaké kurungan manuk: Turisari, Kertèn, Pasar Nongko, Sambèng, papan-papan séwan amatiran, utawa pasar sing raméné ora jamak. Kayata, ing Gilingan utawa sakiwa-tengené RRI. Bakuné, kari nari kanthongané.
Kira-kira limalas taun kepungkur, ana papan séwan kurungan manuk sing kondhang kaonang-onang. Jenengé Satu Nol Tiga. Yèn jaman-jaman saiki, sing rada kondhang Lima Dua. Para tukang tulup sing jejuluk Budi Ngiwa utawa bebudèn mangiwa racaké nudhing sing dicocoki banjur digawa lunga utawa njaluk dikirim menyang papan sing wis ditemtokaké.
Kaya ngapa raméné Pasar Kurungan Manuk? Miturut critané wong-wong pandhemen kaé, sing aran pasar kurungan iku pranyata ngembyah ing saindenging kutha. Malah, ana uga sing kaslimuraké nganggo aran panti, kamangka bakuné yang mung nyéwakaké kurungan manuk kanggo para tukang tulup. Mula, banjur ana tembung sasmita kanggo ngarani panti-panti mau, yaiku Enggal Tegang.
Sapa kira-kira wong sing diarani Budi Ngiwa mau? Akèh jinisé. Ana wong pangkat lan priyayi brèwu sing senengané milih hotèl-hotèl larang kanggo olah kaprigelan lan titis-titisan anggoné nulup. Wong-wong kaya ngéné iki, racaké teka saka njaban kutha: Jakarta, Semarang, Ngayogyakarta lan liya-liyané.
Umumé uga ora gelem klayaban dhéwé menyang pasar kurungan manuk, nanging mung tèlpan-tèlpun thok. Wis ana juru utawa tukang ngekir sing mesthèkaké yèn jinis kurungan sing dikersakaké bakal trep, cocok karo sing digolèki.
Kanggoné wong biyasa-biyasa sing sanguné cumpèn lan nrima, biyasané ya padha nulup ngenggon. Bisa ana panti utawa menyang mburi RRI.
Sing paling cilaka iku yèn tukang tulupé ora gaul utawa ora ngerti lor-kidul. Wong-wong ngéné iki biyasané mung pasrah marang tukang bécak utawa sopir taksi. Cilakané, yèn wongé sajak minggrang-minggring utawa konangan cethèk pamawasé, biyasané banjur dadi sasaran empuk para tukang bécak sing ngiras pantes dadi naip.
Wong-wong ngéné iki banjur digolèkaké wong sak-saké, banjur dipacaki sakapik-apiké nanging diakokaké warna-warna: bisa wong kuliyahan, èS Pé Gé, utawa wong nyambut gawé kantoran. Bakuné bisa ngepruk nganggo rega larang.
Ayo, sing padha ngati-ati yèn dolan menyang Sala. Aja padha sembarangan blanja tinimbang cilaka. Luwih becik aja nganti dakarani kanthi jeneng Budi Ngiwa…
apik kih 😀
kritik sosial yang dialirkan dengan halus 🙂
Emak… aku lagi moco stensilan….
aku yho gelem diterke kang, neng ngone budi nengen….he…he..he…he.
kemutan jaman cilik, maen tulup-tulupan, mimise lempung
salam mawun damel budi ngiwo ben cepet nengen
Dhe, ono meneh sing dijenengi Budi Nengen. Kosok baline karo Budi Ngiwa. Yen iki, sing seneng ngobrak-abrik anggone Budi Ngiwa angon manuk. Modale ayat karo nekat. Makane, yen angon manuk, ati-ati, ojo nganti konangan Budi Nengen.
Pakdhe kula nyuwun kurunganipunnnnn….
hiks hiks (nggedrik nggedrik sikil lan mrembik mrembik)
“Sala dadi papané wong sing arep nyuwargakaké manuk …”
setuju, kalebu manuk-manukkan..
astaghfirullah… masya allah… mboten sae niku pakdhe…
ning, pintenan to jane niku? hahaha
wah….sajake panjenengan pengalaman probadi to pak bhe???
nganti apal panggonan….
hihihihihiii
@All: menang tuwa tur duwé kanca akèh, makané kerep krungu crita saka kiwa-tengen. saka kana, banjur dakcritakaké ana kéné supaya pada mangèrtèni. tutur tinular, lah…..
/blt/
bulakna pancen 17+.
astafirullah
solo tak tinggal dadi koyo ngene?
La kok budi ngiwa mas, padahal nulupe mesti pas tengah.
Aku bola balo lewat RRI rung tau weruh… 😀
Moco boso jowo susah juga ya..
edian, ate blonjo opo iki mau kok wes oleh woro-woro ra pareng sembarangan……..
*menawi badhe blonjo manungso dipun akuarium pripun?*