Cecak, Baya, Aligator…

Gègèran utawa ontran-ontran baya angop ngécé cecak sajaké bakal rada suwé. Kanggoku, apa sing diramèkaké déning koran, tipi, radio lan internèt saiki nembé pemanasan. Korupsi proyèk radhio ana Départemèn Kehutanan durung ana amput-amputé yèn dibandhingaké marang potènsi korupsi Bank Century.

Malah, miturut pamawasku, saya ramé perkara rekaman tilpuné Anggodo (iki dudu seduluré Anila, lho. jaman wayang durung ana tilpun), wong-wong sing tau kecèh bandha Bank Century bakal luwih seneng. Mula aku dadi kuwatir, sujana, aja-aja perkara siji iki pancèn sengaja terus digawé ramé supaya ora ana sing nguthak-uthik perkara Bank Century.

Dadi, kaya ana priyayi sing lagi matek aji panglimunan, nylamuraké wong sanuswantara. Wong 200 yuta cacahé dianggep longa-longo kaya kebo déning wong-wong sing rumangsa pinter, keminter nanging padha keblinger. Sapinter-pinteré padha nyimpen wadi, tetep waé mambu, banjur kabèh padha krungu sapa sing dadi lakon maling sing saèstu.

Apa tumon, bank kéré sing bandhané ora mbejaji, sing mauné njaluk talangan mung kira-kira Rp 1,7 trilyun malah diwènèhi Rp 6,7 trilyun?!? Lha kira-kira nalaré wong édan ngendi sing bisa nampa alesan yèn bank sing diduwèni Robert Tantular iku pantes ditulungi déning negara semono akèhé, kamangka asèté mung saupil gedhéné.

Nanging kepriyé manèh, pancèn tanahané Éndhonésa iku dadi papané wong-wong édan lan wong ngédan. Kabèh pingin keduman, embuh kuwi saka rayahan utawa apus-apus, sing nyata kabèh mau ora klebu rejeki paringan saka Pangeran. Kabèh padha mabuk, dumèh penthung lan watu bisa dadi tanduran, iwak bisa urip ana kolam susu kaya déné lelagoné Koes Plus kaé.

Aku dhéwé mung bisa ndomblong. Gègèran cecak mungsuh baya iku mung sanépa. Cecak sing kuduné migunani tumrap manungsa jalaran pinter nguntali lemut malah mèlu ngrikiti sembarang kalir. Baya sing kuduné mung kungkum utawa langèn ana banyu utawa klosotan ing lemah pinggiran kali lan wadhuk, pingin nyélaki kodrat, krèkèl-krèkèl ngarah cecak sing manggon ana ngepyan utawa témbok.

Prasasat kabèh wong Éndhonésa wis padha ngerti, yèn baya (sing dadi perlambangé pulisi miturut ngendikané Pak Susno Duadji) akèh sing galak, seneng nyathèk apa waé waton nemu perkara. Zébra, yaiku sandhiné punggawa sambang dalan, kaya dadi mesin sing bisa ngasilaké dhuwit akèh kanggoné korps kepulisian. Sanguné layang manuk (thilang) sing bisa diijon ing sadhéngah papan, utamané tumrap wong-wong sing ora nggawa SIM, STNK, utawa nglanggar aturan lalu lintas, nanging wegah mèlu sidhang ana pengadilan.

Macan utawa sandhiné korps resèrse semono uga. Saking galaké siji-loro oknum, njalari èlèké prajané pulisi. Unèn-unèn sing paling popilèr ana satengahé masyarakat malah manékawarna. Saka sing umum utawa lumrah yaiku golèk uceng kélangan deleg nganti lapur kélangan pitik malah dadi kélangan sapi jalaran patrapé oknum sing dhemen meres.

Sanajan kaya mangkono, beciké kita aja nganti kelalèn, klèru pandakwa. Sing salah iku mung oknum sing cacahé ora mingsra. Sing luwih becik lan temen isih akèh, matikel-tikel cacahé. Kuduné, mumpung lagi dadi sorotan kaya mangkéné, Pak Presidhèn prayoga ndandani korps pulisi. Sing nakal lan jahat dirangkèt banjur dilebokaké mbui, sing apik-apik diwènèhi posisi kanggo reresik.

Kosok balèné, lembaga sing arané KPK miturut aku ya ora resik-resik banget. Sanajan angèl anggonku mbuktèkaké, nyatané aku naté ketemu karo wong sing ngakuné staf ana kantor kang gawéyané nyèlèksi perkara sing mlebu KPK. Wong kuwi crita akèh babagan ‘potènsi kerugian negara’ sana salah sawijiné kabupatèn ing Jawa Tengah.

Critané rada gablang, bisa nyebut jinisé proyèk sing anggarané ora trep, kayata mbangun rumah sakit lan dandan-dandan pasar. Malah, priyayi kuwi nyebut ana pirang-pirang jeneng bupati lan walikota sing bakal dipriksa déning KPK.

Yèn nggatèkaké omongané, wong kuwi kaya-kaya pancèn nasionalis sejati. Sebabé, sanajan ora cetha wéla-wéla, nanging kerep banget nyebut UUD. Mbareng suwé dimat-mataké, jebul UUD kuwi dudu sing ganepané angka 1945, nanging UUD sing jarwané ujung-ujungnya dhuwit. Lha ya wis, jebul priyayi mau pancèn klebu golngané asu.

Perkara bener lan orané wong kuwi saka KPK, nyatané data lan berkas sing disebutaké mau cocok, klop marang kasunyatané. Ngertiku, kancaku sing ndilalah dadi bupati kuwi pancèn mbeneraké data-data sing diduwèni wong sing ngaku duwé wewenang nlisik bocoré dhuwit negara mau. Begjané, kedadèyan anané kerugian negara iku wis pirang-pirang taun sadurungé dijabat kancaku.

Sanajan mangkono, kancaku mau malah ngguya-ngguyu. Rasanan karo aku, jaréné pancèn akèh wong-wong sing ngaku saka KPK kaya mangkono. Dhatané pancèn komplit. Mula wong-wong mangkono kuwi kerep gawé rikuh tumrapé wong-wong sing lagi kesandhung perkara, apa manèh sing bener-bener dhemen nyolong dhuwit rakyat.

Tiwas mènèhi dhuwit, jebul malah disikat kanthi pandakwa nyogok, déné yèn ora ngulungaké nyep-nyep, bisa-bisa dadi nyepetaké jadwal pemanggilan kanggo dhèwèké, lan sapituruté.

Ana peluk mesthi ana geniné. Sapa sing nyumet geni dadi ora penting, nanging sing jenengé KPK kudu dadi lembaga sing kuwat, bisa ngresiki Éndhonésa saka tikus-tikus sing seneng ngrikiti bandhané negara. KPK, pulisi, cecak, baya, kabèh isih pantes ana, miturut kodraté kanggo kebak-kebak donya.

Sing kudu dipikiraké, aja nganti cecak nguntal baya, kosok balèné uga aja nganti ana kedadèyan baya ngidak-idak cecak. Perkara Bank Century-né waé sing perlu énggal dituntasaké.

Sapa ngerti, yèn perkara Bank Century bisa kewiyak, cecak lan baya bisa katon isih ana apiké jalaran nggragas lan kurang ajaré  isih kalah karo sing jenengé aligator utawa malah dinosaurus…

5 thoughts on “Cecak, Baya, Aligator…

Leave a Reply