Pulisi Turu

Wengi-wengi, udan-udan numpak sédhan, karepé metu saka perumahan golèk lampu plenthong kanggo nggantèni lampu ing njero kolah sing nembe waé mati. Saka komplèks sing dakpanggoni, mlakuné lenyer amarga dalané pancèn alus, ora ana anggelan utawa pulisi turu. “Grok…!”

Sepisan, pindho, nganti ganep kaping telu swara grak-grok keprungu saka ngisor linggihanku. Jebul, sédhan dagangan kanggo modhal ajar makelaran titipané sedulurku kuwi pranyata cendhèk tenan. Jiann!!! Montor tuwa waé kok ndadak didhéprokaké, diganti rodhané nganggo ring rolas, kacèk adoh saka gawan pabriké.

Nanging piyé, yèn dipikir-pikir manèh, sejatiné sédhan tuwa kuwi ora bakal nemu cilaka amarga nggasruk anggelan, sing buntuté bisa gawé cacat lan ngudhunaké rega nyang-nyangan. Yèn wis ngono kuwi, aku banjur nggunakaké paling gampang, cara nyalahaké wong liya, pihak ketiga utawa si wedhus ireng (iki ilmu larang sing pirang-pirang taun kepungkur tau dadi jurus pamungkasé panguwasa).

Ya, wong-wong sugih sing omahé magrong-magrong ana sakiwa-tengen perumahan sing dakpanggoni sajaké padha kewedèn. Dalan-dalan padha ditutupi nganggo palang wesi, supaya wong sing ora kulina saba kana padha keblasuk utawa kangèlan metu. Mliginé tumrap sedulur utawa kanca sing arep pada medhayoh, lumrahé wis dikandhani ancer-ancer lan ngendi waé liwaté. Dadi, ya ora bakal bingung banget.

Béda karo sing arané maling utawa garong. Yèn mung waton arep colong-jupuk utawa meksa njaluk, mesthiné ora kudu gawé sekètan utawa gambar dhénah (kanggo mlayu yèn konangan). Tumrap wong culika kaya mangkéné, anané anggelan utawa pulisi turu lan palang portal dianggep bisa kanggo njagani bèn playuné ora banter utawa ora gampang uwal saka kepungan.

Sapérangan wong nganggep anané pulisi turu (embuh kenapa kok nganti ana unèn-unèn polisi tidur kanggo nggantèni tembung anggelan) luwih migunani. Ratan pating gronjal padha dialusaké nganggo aspal, malah ora kurang uga sing digawé kanthi hot mix, nanging tundhané banjur digawèkaké anggelan, supaya kendharaan sing liwat ratan kuwi ora padha ngebut. Ora kampung lawas ora perumahan anyar, padha kompak nyithak pulisi anggelan (malah ana sing pendhak sepuluh mèter) utawa masang palang utawa portal.

Yèn miturut panemuku, kabèh mau jalaran wong-wong saiki ora tau olèh piwulang babagan budi pekerti. Ora bocah ora wong diwasa banjur kélangan tata krama, kethul ing rasa-pangrasa. Saumpama isih padha duwé pangertèn babagan rasa lan tata krama, mesthiné duwé pétung lan tepa slira, ora biyayakan olèhé nglakokaké sepédha montor utawa mobilé ing tengah kampung.

Portal utawa palang ora bakal ana saumpama isih padha apik sesrawungané marang tangga teparo, sebab siji lan sijiné bakal padha mèlu njaga kelametan lan katentremaning bebrayan. Ora kaya kosok-balèné, arang sapa aruh marang tangga, malah ora kurang sing padha ora tepung karo wong sing manggon ana jèjèré, jalaran saben omahé wis rada gedhé banjur tembok dhuwur diadegaké. Ngerti jeneng siji lan liyané mung padha lumantar réwang-réwangé sing luwih kerep ketemuné, paling ora yèn omah wis suwung ditinggal lunga juragané.

Kabèh padha mikir urusané dhéwé-dhéwé. Nanging saben ana wong alok jaré patrap kaya ngono kuwi jenengé egois utawa individualis, racaké padha ora trima. Wong maju, sing diarani modhèren iku ya pancèn kudu ngono kuwi, ora kena ngurusi prekarané liyan kajaba dijaluk utawa disambati. Piandelé mung saklimah: mind your own business, urusen prekaramu (dhéwé). Aja mèlu-mèlu, ora perlu canthuk lawung marang urusanku.

Mula ora mokal, wektu aku krungu crita tanggaku sing wis luwih suwé manggon ana kiwa omah kontrakanku, ndadak tetepungan karo wong-wong sing padha kemruyuk ana salah sawijining omah sing nembé kemalingan. Wanciné durung sepira wengi, wektu ana tangga sing alok bar kemalingan, ndilalah ya mung bisa bengok-bengok, ora bisa sambat pitulungan jalaran pancèn ora tepung marang tangga kiwa-tengen omahé.

Sing luwih nggumunaké, ing lingkunganku saiki ora ana sing jenengé kumpulan utawa arisan bapak-bapak. Sing ana mung kumpulan ibu-ibu, sepisan pendhak sasi. Babagan rondha utawa keamanan wis diurus déning Pak Satpam sing dibayar saka urunan sasèn pas arisan ibu-ibu. Ketemuné para kepala kulawarga mung pendhak taun, ngepasi pèngetan Agustusan lan halal-bihalal saben riyaya.

Blaka waé, urip ana kutha wis ngadohaké aku lan wong-wong jaman saiki saka piwulang luhur saka para leluhur, sing biyèn uga naté digembar-gemboraké déning sapa waé –saka  presidhèn tumekané Pak RT, supaya padha guyub lan maju gotong royongé. Kamangka, yèn padha wanuh marang sakiwa-tengené, kahanan bakal luwih tentrem jalaran guyub. Paribasané, aku bisa dadi satpam tumrapé tanggaku, semono uga kosok balèné.

Piwulang budi pekerti, sanajan wis ora bisa diolèhi saka sekolahan jaman saiki, bisa ditindakaké déning wong tuwa marang anak-anaké. Waton padha duwé pekerti luhur, bakalé padha ngerti tata krama lan duwé tepa slira, saéngga ora perlu ana tulisan Pelan-pelan, banyak anak-anak lan sapanunggalané, apa manèh tembung kasar sing ditèmplèkaké témbok utawa digantung ana ndhuwur ratan, kaya déné: Awas, ngebut benjut!

Sing dadi prekara, wong-wong tuwa jaman saiki wis rumangsa ora perlu mènèhi piwulang budi pekerti. Luwih seneng ngajari anak-putu kanthi cara kemlanda-landa, jalaran padha rumangsa risi yèn kahanan balé somahé dimangertèni déning liyan. Mind your own business!

5 thoughts on “Pulisi Turu

  1. paijo suparjo

    HEHEHE MESAKNE PAK POLISI UTOWO BU POLISI. SING TURU KUWI POLISI SING MANGSUDE PENGAMAN. COBA NEK POLISI TIDUR MAU DIGAWE POLISI BANGUN HA RAK MALAH KETABRAK TABRAK SING LEWAT NO. ALAH MBUH AH.

  2. Desi Suyamto

    Lha punika sami kemawon kaliyan damel pasar mini swalayan ing padesan, sanajan masyarakatipun kathah ingkang dereng sejahtera. Mak blegedus. Ujung-ujungipun, pemikiran kategoris (‘nggampilaken’). Security dipun perketat. Tansah curiga punawi ingkang tumbas kados gembel. Kosok balenipun, punawi ingkang tumbas perlente, wangi borjuis, dianggep sanes maling.

  3. Polisi turu wae gawe susah lan nyebabke rega sedhan mudhun ngono lho Pakdhe…!
    Njuk nek rasane sampean Polisi tangi luwih parah ora Pakdhe..?!!!

    wah, aja mancing-mancing nggrenengi pulisi. UU ITE isih dianggep penting dening pulisi, jeksa lan hakim, je…
    /blt/

Leave a Reply