Waspada Marang Copèt

Malem Jemuwah klebu sangad sing apik kanggo para copèt. Wanci panèn, kocapé. Mula, para kondhèktur sing apikan kerep ngélingaké para penumpangé supaya luwih waspada. Racaké kanthi cara nyedhaki penumpang banjur klesak-klesik ngandhani anané copèt ana ing njero bis. Kondhèktur wis apal polahé para copèt sing racaké munggah bareng-bareng, antarané wong loro tumekané papat-lima, malah ana uga sing luwih saka kuwi.

Kaya déné marang para copèt, kondhèktur uga apal, endi penumpang sing wis lengganan utawa penumpang anyaran sing nembé sepisanan numpak bisé. Bis saka Sala jurusan Semarang, umpamané, bakal ramé penumpang sapunjulé saka jam siji wengi. Sing padha numpak saka Tirtonadi utawa Kartasura, akèh-akèhé para bakul utawa wong sing bakal  nyambut gawé wiwit ésuk.

Malah, para lengganan biyasané wis padha wanuh siji lan liyané jalaran kerep bebarengan. Penumpang jinis iki uga apal saéngga bisa mbedakaké penumpang sing dianggep anyaran. Kaya sing dakrasakaké rikala aku isih seneng numpak sepur Argo Muria sing budhalé jam 5 saka Stasiyun Tawang, jalaran pingin tekan mBetawi ora kesuken nanging uga ora kawanen.

Wektu iku, ana kira-kira wong lima munggah bebarengan saka kulon protelon Pengging. Déné saka protelon kono, wis ana wong pitu sing nembé waé munggah bis.

“Sampéyan pindhah tengah, Mas. Aku dak lungguh ana pinggir waé,” mangkono ngendikane.

Aku durung sida nyauri, nanging ibu-ibu sing yuswané sewidakan taun iku mbacutaké ngendikane. Luwih lirih, nyedhakaké tutuké ana kupingku, “Sing lima iku rombongan copèt.”

“Wah..wah…Sregepé anggoné padha nyambut gawé!” ujaré ibu-ibu sing jebul dagang lanjon ana Pasar Karangayu iku.

Sing disapa mèsem, ngatonaké yèn wis padha wanuh rupa. Sajaké wong lanang bagus umur telung puluhan taun sing nembé dicelathoni iku sing mandhègani para copèt. “Amit mbokdhééé..,” ujaré priya mau. Blas ora nyujanani.

Dakrungokaké saka lakuné –ndilalah pada seneng nyèrèt sandhal, wong lima sing mentas munggah bis iku banjur padha misah, lungguhé plencar-plencar. Mung wong loro sing éthok-éthok jagongan supaya penumpang liyané ngira wong-wong mau pancèn penumpang biyasa, kaya liya-liyané, sing mung pinuju mbarengi munggahe sawisé padha antri nyegat bis sing bakal liwat.

Lungguh misah pancèn dadi cara paling lumrah, jalaran bisé ora kebak penumpang. Sapa sing kasil anggoné gogoh-gogoh banjur mènèhi kodhe marang liyané, supaya barang rampasan bisa dipindhahaké marang sing siji banjur menyang liyané. Yèn wis ngono, sing nggawa barang banjur mudhun dhisik, kanggo ndawakaké lacak, supaya yèn nganti ana sing alok kecopètan ora bisa mbuktèkaké pandakwané marang wong sing ana ing sakiwa-tengené.

Ewadéné kena ngapa para copèt padha milih malem Jemuwah, tur sawisé jam siji wengi, ora liya jalaran ana ing wayah ngono kuwi wanciné wong-wong padha nyukupaké laku tirakat. Warna-warna wujudé tirakat. Ana sing kungkum ana umbul Pengging nganti ngliwati lingsir wengi, ana uga sing melèkan awit soré, nepi ana tilas pesanggrahané raja ing Kraton Surakarta utawa ing makamé Éyang Yasadipura. Ora sithik uga sing nepi ana pesaréyané Kebo Kenanga, sing papané uga ora adoh saka Pengging.

Wong-wong sing mentas padha laku tirakat iku lumrahé banjur gampang keturon ana njeron bis. Sing padha kungkum, umpamané, mesthi luwi krasa sayahé, mula yèn wis olèh lungguhan banjur kaya diléla-léla lédhung, diteturu déning sumliré angin saka cendhélané bis. Yèn wis kaya mangkono iku, sapa waé bakal gampang ngorok sanajan turu karo lungguh.

Béda yèn wis kebacut padhang, nalikané bis kebak wong mangkat sekolah lan arep nyambut gawé kantoran utawa pabrikan. Kahanan penumpang sing padha ngadeg uyel-uyelan bakal diadhepi nganggo pola sing béda. Padha ngadegé, banjur ana sing embuh éthok-éthok tumindak piyé marang sasarané, bakuné keslimur banjur dompèté diulur saka kanthongan utawa tasé. Pokoké, akèh carané, sing pungkasané awujud pindhahé bandhané wong sing kelimpé.

Becik dimangertèni, ora mung bis-bis jurusan Semarang utawa Sala sing dadi sasaran. Bis-bis Sala-Purwodadi uga dadi papan inceran kanggoné para wong licik lan pinter sandiwara. Ana jalur iki, bakal akèh penumpang sing nyegat bis ana pinggir dalan, ing laladan Sumberlawang sawisé pada laku tirakat ana pesaréyané Pangèran Samodra.

Saben malem Jemuwah mesthi ramé, apa manèh Jemuwah Pon. Ora mung wong sing pingin nglakoni tirakat, nanging uga ora kurang sing saka sekawit wis diniyati arep nyambut gawé utawa malah mung arep seneng-seneng waé. Sing niyat nyambut gawé, ora liya kang daksebut kanthi aran kenya sekeca.

Kenya mangkéné padha grudukan teka kana padha manut marang téoriné ahli ékonomi, yaiku ukum ‘permintaan lan penawaran’. Sebab, ana keyakinan sing isih digugu tumekané saiki, yaiku wong sing bakal kasil tirakaté ana Gunung Kemukus, tlatahé Pangeran Samudra iku ora liya ya mung sing gelem padha laku sanggama marang wong liya, sing ora ana sambung-rapeté marang bebojoan.

Déné sing niyat mung arep seneng-seneng ana kana, racaké para priya sing njagakaké wanita-wanita sing niyat tirakat, lunga ijèn banjur golèk gathukan ana kana. Klop!

Sanajan kabèh mau dudu mujudaké laku sing bener lan becik, nyatané ‘kabudayan’ kaya mangkono wis njalari ngrembakané jinis penggawéyan asor, yaiku nyopèt. Dakkira, cacahé copèt bisa susut menawa wong-wong wis padha kapok tirakat. Bab kapané, ora ana sing ngerti. Apa manèh yèn nyimak crita-crita, jebul wong sing sekolahé dhuwur, para pinunjul, malah tumekané penggedhé-penggedhé republik, saka sing mapan ing mBetawi nganti ing ndhésa-ndhésa waé, nganti saiki jebul isih akèh sing seneng kungkum, merdhukun, nayuh keris lan jimat-jimat.

Harataya…….. Piyé, coba?!?

3 thoughts on “Waspada Marang Copèt

  1. Lha pakde aku dadi wedi yen ameh numpak bis malem. Yen ngana kuwi berati mesti ra turu no. Njagani barang2 ben ra dicopet? Wah sengsara tenan.

    lha kena ngapa ndadak wedi? santai wae, Kang…
    /blt/

Leave a Reply