Nggathok Tèh

Pancèn bener ngendikané para leluhur menawa urip iku luwih becik samadya waé. Saumpama ora èling pitutur becik kaya mangkono, mbokmenawa aku isih sangu tèh celup saben lelungan, kaya limang taun kepungkur. Wektu semana, aku mesthi nyimpen tèh melati weton Slawi sing edhisi celupan. Akèh-sithiké gumantung suwé-orané anggonku lelungan.

Tèh celup kuwi mesthi dakwungkus plastik supaya ambuné ora ngabar. Apa manèh biyèn saben lunga mesthi ranselan sing isiné campur bawur, klebu andhuk lan kathok Superman. Saumpamané duduh tèhé sing ngabar, bisa-bisa ilang rasané jalaran kena seplèteran penguké kathok.

Généya kudu sangu tèh, wektu semana kutha jujuganku mung loro: mBetawi utawa mBandung. Warga kutha loro kuwi, ilaté ora ana sing gaul, ora kulina ngrasakaké tèh énak, ginasthel kaya déné ilaté wong Sala. Mula ana kana ora ana tembung keplèk ilat.

Mbokmenawa, pancèn kuwi donyané wong modhèren, ciriné wong maju sing sakabèhé sarwa kapetung, klebu ing kéné, wektu. Time is money, wektu kang ndayani urip. Ora ana jagongan mat-matan utawa thenguk-thenguk, nglaras nyethèti manuk sinambi ngrungokaké tembang kroncongé Sundari Sukotjo, langgamé Bu Waljinah utawa rengeng-rengeng gendhing Laler Mengeng.

Sanajan ora ngono waé, kanthi nyandhing tèh ginasthel, ngetik bisa betah jalaran gagasan bisa metu kaya déné banyu manthur saka padhasan. Coba, nganti semono dayané tèh, bisa njangkepi rasa kepénaké nglakoni urip, uga bisa ngudhari petengé ati, embuh kuwi nembé kuciwa apa nandangi gawéyan sing rekasa.

Pokoké, tèh is the best kanggoku. Kopi, jahé lan sapanunggalané mung bisa kanggo nylimuraké ilat sawetara, utamané yèn aku lagi saba ana mBetawi utawa mBandung. Luwih becik ngopi (dudu kopi pasté, lho) lan njahé tinimbang ilaté kelebon tèh celup Sari Wangi tinimbang ora ketemu tèh cenceman.

Tèh celup senenganku biyèn iku tjap Sosro sing gambar bathik wungkusé. Nanging kèri-kèri ilatku wis bisa rada narima, gelem nampa mèrek Tong Tji utawa Kepala Djenggot. Dadi, ya mung telung mèrek iku sing biyèn mesthi dakèwèng-èwèng menyang ngendi waé.

Sing nganti saiki isih nggumunaké, ya mung siji: généya wateg-warteg ing mBetawi utawa mBandung luwih seneng nggunakaké tèh Sari Wangi utawa Sosro sing wungkusé werna abang… Kamangka para bakul warteg iku asalé saka sakiwa-tengené Tegal lan Slawi, gudhangé tèh énak ing Éndhonésa.

Luwih saka iku, Sari Wangi iku pabriké kumpeni, sing asalé saka mancanagara. Saya akèh payuné, saya akèh dhuwit bathèn sing digawa mlayu menyang njaba. Kamangka sing setor bathèn kuwi, ora liya yang bangsané dhéwé, wong Éndhonésa sing lemahé bisa nguripaké tetanduran apa waé, klebu tèh iku mau. Sing jenengé Sari Wangi dakkira yang mung nukoni godhong-godhong tèh saka Slawi lan liya-liyané. Kelarangen yèn ndadak impor, nekakaké saka negara njaba.

Coba yèn kabèh warteg didadèkaké panggonan kanggo dhasar lan masaraké tèh gawéyan pabriké wong Éndonésa dhéwé, wis pira yuta wong sing bakal ngrasakaké manpangaté. Sokur hotèl-hotèl lan ‘lèstoran’ gedhé uga mèlu mamèraké rasané tèh ginasthel. Sing tau dakrasakaké saben mlebu hotèl-hotèl larang ana mBetawi utawa kutha-kutha liya, sing daktemoni mesthi tèh-tèh sing énaké mung lamis.

Ilaté dhéwé diapusi déning reklame ana layang kabar, radio, tipi lan sapanunggalané. Tèh ora énak sing simbah-simbah mbiyèn ngelokaké jarè rasané kaya (nuwun sèwu) ‘uyuh jaran’ diumukaké dadi tèh sing bisa mènèhi citra kelas marang sing ngombé, lan sapanunggalané. Coba digatèkaké waé, apa gandhèng-cènèngé tèh bisa njalari rukuné wong bebojoan?

Lha yèn sing leladi wong wadon sing ayu, ana njero omah magrong-magrong, lanangé kondur mudhun saka montor alus, klambiné nganggo dhasi, nganggoné tas kantoran apa iku ora kena diarani mbujuki? Ngadohaké rasa tèh saka ilat, diénggokaké menyang alam pikir lan angen-angené urip kepénak, supaya lali rasa tèh sing sejati.

Wis akèh para penggedhé sing dakajak saba warung-warung cilik ana Sala, embuh wédangan apa warung mangan sing tèhé dakanggep énak. Saben bubar nyruput mesthi manthuk-manthuk banjur ngalembana saking énaké.

Yèn aku wis mesthi ora maido. Para priyayi kaya ngono kuwi wis biyasa blusukan hotèl lan restoran larang. Unjukané ya ora bakal adoh saka tèh uga. Mung bédané, ilat (èh, lathi, dhing) para priyayi mau wis jinajah déning pakulinan. Kana-kéné ketemuné mung tèh tanpa rasa, mula kepethuk tèh rada énak sithik waé wis gumun.

Kapan ya kahanan kaya mangkono iku bisa dipétung, didadèkaké srana kanggo diplomasi lan sapanunggalané? Aja nganti énaké tèh Éndhonésa didhaku déning Malaysia, kamangka gara-garané mung sepélé: ilaté wong Éndhonésa kethul-kethul.

8 thoughts on “Nggathok Tèh

  1. Nek kepeksa ngombe teh celup, aku biasane pilih teh cap Tjatoet. Kapan2 dakajak nyang wedangan mbah Loso Karanganyar, coba ngrasakke rasane teh gaweane simbah, muga2 cocok

    Sip. kapan-kapan ke sana ya…
    /blt/

  2. nek nggen kulo paling2 teh 666 (opo teh 999?). murah meriah.
    luwih enak malih nek dimasak ngangge areng, dudu kompor minyak/LPG. rasane bedo banget.

    iklan teh paling apik niku iklan teh wonten radio jaman jadul. sing judule “teh gardu”.lucu tenan. panjenengan sampun nate mireng dereng pak?

    teh 999 sajake. yen 666 aku malah durung tau nemoni. soal iklan teh, oke. aku ya seneng kok sing kuwi. rasane ndesaaaa bwuangett. biasane mbarengi pas siaran wayang kulit. cleguk…
    /blt/

  3. ananging ngombe teh iku yo aja akeh-akeh banget, jarene wong sains kedokteran iku iso marahi ngurangi kalsium je 😀

    jaman saiki gampang, kurang kalsium kari matur bu umi kalsium. beres…. simbah-simbah mbiyen nggathok teh, ning sehat, umure dawa-dawa. teh disalahke, aja-aja merga wong dikongkong akeh ngombe banyu putih. kamangka, banyu putih saiki larange pwuoll
    /blt/

  4. aku jek seneng teh cap BANDULANkaro TEH KOTAK….., kaet cilik-ku rasane uenak…..

    soal merek terserah wae…. apike ngadohi produk saka pabrik kanthi pemodal asing
    /blt/

  5. nek teh gopek kuwi saka ngendi kang??? mbahku mbiyen senenge teh gopek, nek sari wangi pancen diarani uyuh jaran. wakakakakka. aku dewe ra doyan sariwangi.

    Teh Gopek, saelingku saka Pekalongan. yen Sosro, Tong Tji, Dua Tang, lsp iku saka Slawi. Teh Kepala Djenggot saka Karanganyar. pancere teh enak iku ana ing Slawi, Wonosobo, Kemuning/Karanganyar. teh saka daerah Puncak, Bogor uga enak-enak…
    /blt/

Leave a Reply