Adhang-adhang

Wis suwé aku ora tumon wong adhang-adhang, yaiku wong kang penggawéané kurang luwih kaya makelar. Nyegati wong kang arep lunga menyang pasar, embuh iku arep adol barang utawa malah arep blanja. Umumé luwih akèh kang arep adol barang kayata endhog, pitik, bèbèk, utawa beras tinimbang tetukon.

Penggawéyan kaya mangkono, yèn ora keliru, wis ora ana ing ndhésaku. Lik Waginah sing mbiyèné panggautané tukang adhang-adhang wis dadi petani, nyéwa sawah pirang-pirang pathok. Modhalé ora liya saka adhang-adhang, banjur mundhak drajadé nganti duwé brak dhéwé ana pasar.

Wong kutha, apa manèh jaman saiki, mesthi padha kangèlan ngira-ira piyé sejatiné nyambut gawéné wong adhang-adhang iku mau. Kurang luwihé mangkéné, wong kang arep adol barang menyang pasar biasané bisa dititèni. Yèn adol bèbèk utawa pitik, biasané sikil kéwan mau ditalèni banjur dicènthaké ana stang pit onthèl. Yèn ora numpak pit, biasané yang dicangking karo mlaku.

Déning Lik Waginah, wong kang liwat iku ditakoni, banjur dagangané dienyang. Yèn rembugé kedadèn, wong kang adol mau banjur nampa dhuwit. Bisa banjur ditanjakaké kanggo blanja menyang pasar, utawa bali mulih nyangking dhuwit. Sebab ora kurang, wong kang adol barang mau amarga dioyak butuh. Bisa kanggo nyangoni sekolah anaké, mbayar SPP utawa kanggo nutup utangé, utawa kaya wayah ngéné iki, arep badan utawa riyaya, mulané butuh dhuwit ora sethithik.

Ora kurang uga, wong kang adol pitik, bèbèk, endhog, utawa beras mau dudu jalaran kekurangan banjur nglempit barang apa waé kang diduwèni. Bisa uga ngingu kéwan pancèn saperlu kanggo cèlèngan. Opèn-opèn kéwan kanggo ngisi uripé bèn orang nglangut, ngiras-ngirus bisa kanggo mipik suweng, kalung utawa gelang yèn wis cedhak karo bada. Apa manèh, sing jenengé dina bada utawa riyaya, padhésan bakal ramé dikebaki sedulur lan tangga kang wis suwé padha nglembara menyang kutha.

Ali-ali utawa gelang, umumé luwih disenengi amarga saben riyaya padha salam-salaman saéngga dadi ketok mlaha undhak-undhakan uripé. Mula ora nggumunaké manèh yèn salebaré ujung utawa salam samad-sinamadan banjur padha grenengan, Lik Anu wis nganggo barlèyan, Mbokdhe Iku gelangé pating krépyang, utawa malah ana sing muna-muni jaré kupingé Nyah Pamèr wis nggawir kabotan suweng.

Semono uga Lik Waginah jaman semana. Saben riyaya, gulu, kuping lan tangané kebak mas-masan. Sanajan mung adhang-adhang, bathiné pancèn bisa dadi cèlèngan kang nyata. Saka ngadhang wong adol pitik, bèbèk, endhog, utawa beras, dagangané banjur digawa menyang pasar didol manèh. Bathiné sithik paribasan segélo-rong nggélo nanging ganep setahun, nyatané bisa kanggo mipik mas-masan lan mundhut klambi anyar.

Saiki, dak kira wis sithik wong kang panggawéyané adhang-adhang. Sing akèh malah makelar lemah amarga ing jaman sarwa angèl, golek dhuwit serupiah waé ora gampang. Wong adol pitik, bèbèk utawa endhog wis ora ana. Ora amarga isin, nanging wis ora ana panggonan kanggo gawé kandhang. Adol beras? Apa manèh bisa adol beras. Saiki luwih akèh wong tuku beras tinimbang adol. Sing duwé sawah sansaya sithik, kuwi waé ambané mung sauplik. Cilik!

Mula ora mokal yèn para penggedhé ngendikané mung njanjèni rega sembako murah utawa mandirèng babagan stok beras utawa swasembada. Rekasané wong ndésa bisa digawé isu kanggo nggèrèt dadi balané, supaya ing témbé padha gelem milih dhèwèké dadi presidèn utawa anggota DPR(D).

Kanggoku, SBY, Méga, JK, Wiranto, Prabowo tumekané Sri Sultan ora luwih dhuwur drajadé tinimbang Lik Waginah. Para priyayi mau mung padha makelaran nasib. Padha adhang-adhang mbokmenawa ana wong memelas banjur bisa éthok-éthok awèh pitulungan. Njanjèni urip kepénak marang rakyat, kamangka sejatiné ora adoh saka awaké lan kanca-kancané dhéwé.

Coba ayo padha mulat, sapa kang urip mulya lan begja kejaba kanca-kancané wong kang duwé kuwasa? Awit Pak Harto nganti sepréné, mung wong kuwi-kuwi waé sing wareg wetengé lan mblendhing wadhuké.

Saka ngendi bathiné Lik Waginah? Ora liya ya mung saka kacèké rega nuku lan banjur adol barang-barang mau ana pasar. Ya kaya umumé wong makelaran kaé, lah….. (nanging dudu makelar perkara kaya Bank Century lan sapanunggalané iku, lho)

Cathetan: Tulisan iki wis tau kapacak ing Facebook-ku, Kamis, 9 April, 2009 tabuh 13:38.

5 thoughts on “Adhang-adhang

  1. adhang-adhang yaiku wong kang penggawéané kurang luwih kaya makelar??

    wong sing seneng awau-awu, nggur golek penake wae, ra gelem sarane
    uripe nggur murih ‘mbokmenowo’

Leave a Reply