Kutuk Marani Tutuk

Bayangna uniné bakal kepriyé yèn sing nirokaké tembung ing dhuwur iki bocah cilik sing isih célat. Tutuk malani tutuk! Wah, bakal dadi ramé jalaran tembungé bisa dimaknani werna-werna amarga pancèn banjur dadi asosiatif.Cipokan, dong? Sumangga sing padha arep lan karep mbablasaké…… Cangkem ngajar cangkem alias tutuk adu tutuk?

Sing dakkarepaké kutuk marani tutuk iku ora liya ya iwak kutuk, sing wingi soré dituku bojoku ana Pasar Legi, Sala. Mau bengi diolah nganggo bumbu kunir, énaké ora umum. Duduhé werna kuning kaya sayur bumbu rujak. Hmm….. Mula, sahur iki mau aku télap-tèlep madhang lawuh iwak kutuk. Kutuk marani tutuk, alias kutuk dakkemah-kemah ana njero cang***.

Asli, aku gumun soré wingi bojoku bisa éntuk kutuk. Kok ya ndilalah ya mung ana siji kuwi ing Pasar Legi. Luwih gumun manèh, kok ya isih ana kutuk jaman saiki, nalika banyu wis larang, akèh kali lan wadhuk padha asat kurang banyu. Kamangka, sing jenengé kutuk iku butuh banyu agung, kali sing rada jero.

Kutuk (yèn isih cilik diarani kotès. Jaré, wong mBetawi ngarani iwak iki kanthi jeneng ikan gabus) arang-arang langèn ana ndhuwur kaya jinisé wader, utawa guramèh. Nanging uga ora butuh ana lendhutan ing dhasaré kali kaya déné lélé. Kutuk uga ora seneng matil kaya lélé, mula cekel-cekelané uga rada gampang.

Wektu mulih saka Surabaya, rong tahun kepungkur, aku rada kagèt nemoni akèh warung ing antarané Mojokerto-Jombang sing nawakaké lawuh kutuk. Arep mandheg mangu-mangu, nanging sadalan-dalan terus mbatin. Saumpama ana sing nawakaké kutuk gorèng, aku mesthi mandhegé. Aku kangen gurihé kutuk gorèng, sing (yèn ora klèru) wis 20-an taun ora kepethuk.

Kali kidul ndhésaku wis luwih sepuluh taun asat, déné sing ana lor dhésa miliné uga kari thar-thir. Paribasan iwak wis ora bisa ndhelik saking cethèké kali. Mula, iwak-iwak jinis kutuk (apa manèh lélé) wis ora ana. Wader céthul lan cébong waé wis kangelan urip ana kali lor dhésaku.

Sing marakaké nggrantes malah liyané, yaiku babagan dum-duman banyu kanggo sawahé para kadang tani. Limang taun kepungkur, aku krungu yèn ana tangga sing padu nganti arep kepruk-keprukan pacul gara-gara rebutan banyu. Sing siji rumangsa wis olèh jatah saka kelompok tani lan ulu-ulu, mula awit soré nunggoni iliné banyu. Ndilalah, rada bengi sithik ana sing ngénggokaké iliné banyu ana sawahé. Rumangsané, jatah wektuné wis kliwat mula sing kèri rumangsa wis duwé hak nggilir. Begja konangan tangga, banjur dipisah lan dirampungi pekarané.

Apa manèh tumrapé para tani, sing pancèn butuh banyu kanggo ngurip-urip pari lan tetanduran liyané, ing pangajab bisa kanggo urip lan ragad nyekolahaké anak-putu. Lha wong mung kanggo uripé kutuk waé wis ora cukup. Saiki, aku wis ora bisa maido manèh, kenapa beras waé ndadak di-impor utawa kudu tuku menyang Vietnam utawa Thailand. Lha wong petaniné waé wis ora bisa nandur pari kanthi samesthiné.

Apa manèh yèn ngélingi anané Undang-undang tentang Sumber Daya Air, sing  mengku wigati, yèn banyu iku klebu ‘barang’ sing bisa didagangaké kaya déné beras mau. Bengawan umpamané, saiki dikapling lan dadi duwèké Perum Jasa Tirta. Petani ora olèh sapénak udelé ngilèkaké banyu ana sawahé. Kudu ana ijin, ana aturané.

Percaya kena, ora ya ora papa. Ing tlatah Bolivia kana, naté ana aturan negara, sing intiné: nampung banyu udan iku waé kena pajek, kudu mbayar marang negara!!! Saumpama nèng Jawa utawa bumi nuswantara iku ngango aturan kaya mangkono, mbokmenawa mujahir, guramèh, lan sapanunggalané (kajaba kutuk, lho) iku bisa bareng-bareng karo petani tapa pépé ana ngarep Istana Merdhéka, protès marang sing mengku negara.

Oalah kutuuuuk…kutuk. Nasibmu kok ya apes temen. Isih mujur aku bisa nyawang awakmu sanajan banjur dakpangan kanggo sahur. Lha bocah-bocah ing ndhésaku saiki, mesthi wis kangèlan mbayangaké wujudé iwak kutuk. Wong tuwa-tuwa isih durung bakal kangèlan umpama anaké takon apa tegesé paribasan kutuk marani sunduk! Nanging, yèn nganti anaké njaluk dijlènthrèhi tembung siji mbaka siji, mesthi wong tuwa mau bakalé mung bisa njawab kanthi mènèhi conto, apa sing diarani sunduk nanging kangèlan mènèhi gambaran utawa katrangan babagan kutuk.

(Héhéhé… apa manèh kutuk, lha wong nyontoni lélé waé, paling pol ya mung lélé sintètis, yaiku lélé dhumbo, sing pakanané pèlèt, uga pakan sintètis gawéyan pabrik. Mula léléné lemu-lemu, gelis gedhé, nanging ora ana rasané jalaran kalah gurih yèn dibandhingaké karo lélé kalèn).

Yèn miturut panjenengan sadaya, pilihen salah siji waé saka tembung-tembung ing ngisor iki, endi sing paling diapali wong-wong jaman saiki:

  1. Kutuk marani sunduk,
  2. Kutuk marani tutuk, utawa
  3. (modhèl cah cilik) : Tutuk malani tutuk?

(Yèn aku, nomer loro sik banjur sing nomer telu. Nanging, yèn kepèpèt, diwalik uga ora dadi ngapa, nomer telu dhisik lagi sing nomer loro)

6 thoughts on “Kutuk Marani Tutuk

  1. wonten sekrinsut te mboten? dereng nate kepanggeh kutuk, nek kepanggeh tutuk sampun kerep…

    gawe sekrinsut iku angele kaya golek pahala. nganti saiki durung bisa…
    /blt/

  2. waaaa…. boso jowo kromoku nggilani ik >.<

    tenaangg… aku ora gila babar blas, Meth. ora perlu cilik ati
    btw, milih mertua wae kok Salatiga. aja-aja sedulure PamanTyo? xixix
    /blt/

  3. *sisan latian kromo aaah, karo wong tuwo* 😛

    dalem njih namung kepanggih kalih ulam kutuk njih namung kaping setunggal, pas dolan wonten dalemipun calon-morosepuh wonten salatiga.
    ibu ngendika menawi ulam meniko angsal saking rowo pening. wonten salatiga dimasak santen pedes mekaten.

    tutuk madosi tutuk?
    wah dalem remen sanget niku…. upsstttt… hihihhiihi~~

    sangat paham. ehm..ehm! *ethok-ethok watuk*
    /blt/

  4. Jarene sedulurku sing hobi mancing, iwak kutuk kuwi wis punah kaya dinosaurus!
    Aku dewe terakhir mangan kutuk goreng ndek jaman SMP, kuwi wae mung wujud irisan, ora utuh. Dadi aku durung pernah weruh wujud iwak kutuk sing utuh utawa isih urip

    berarti aku klebu mujur nasibku, isih nemoni kutuk. kamangka, terakhir ketemu wis 20-an tahun. hehehe…
    /blt/

  5. jongil kim

    dadi kelingan telek ( lek banyune asat, diubek terus nggrogoh ngisore suket ) iwak kutuk nang sawah ngarep omah mangsa cilikan mbiyen.
    ruwahe emakku lek masak kutuk di kelo kuning (rodo pedes titik) eunak teman,
    aku milih nomer loro ae

    sip… milih nomer loro luwih enak, tur rada sopan. yok opo kabar sampeyan, sam?
    /blt/

Leave a Reply