Kéwan Begja, Asu Sekti

Asu siji iki mlebu ana jinisé kéwan mujur. Bola-bali coba dipatèni, nanging ora énggal koncatan nyawa. Mesakaké sing wis kebacut nuku asu iku, ora bisa énggal ngolah lan nggolèk bathi. Mbokmenawa, ya iku lelakoné jagal asu dicilakakaké déning kéwan sing wis suwé mèlu nyangga uripé.

Critané mangkéné. Simbahé kancaku wis pingin lèrèn opèn-opèn asu, sanajan mung siji. Mula, ing sawijining dina, asu mau ditawakaké marang jagal sing ngiras pantes buka warung saté jamu lan sèngsu, tongsèng asu. Cekaké rembug, rega wis putus, kedadèyan kanthi perjanjèn sing nuku nyekel dhéwé. Sebab, sanajan asu ingon-ingon, nanging girasé ora mekakat, ora gampang dicekel.

Saking angèl olèhé nyekel, déning sing nuku (sebut waé asmané Karso Gawon), asu kuwi banjur digebug endhasé. Asu kaing-kaing, banjur mlayu mbrabat. Dijarké waé karo disawang, mbokmenawa bakal mati ing keboné tangga. Luput! Jebul asu kuwi ngilang. Rong dina asu ora ketok, Karso wis rumangsa genah tombok.

Mbahé kancaku banjur ngabari Karso sawektu weruh glibeté asu ing kebon mburi omah. Cèkat-cèket, Karso marani si asu kanthi nyangking lading mingis-mingis. Rasané wis getem-getem pingin énggal matèni asu kuwi. Ndingkik saka gandhoké Mbahé kancaku, Karso weruh yèn asu mau isih énak-énak ndhéprok ana ngisor tritisan.

Balung diuncalaké ana sacedhaké asu. Bareng wis rada keslimur, Karso Gawon nyedhaki asu kanthi tangan tengen nyekeli lading kang didhelikaké ana mburi geger. Durung bisa nyandhak kewané, asu wis nyoba éndha, pingin ngadoh. Ora sranta, lading gedhé sing mingis-mingis mau disabetake. Cress!!! Asu banjur mlayu, kaing-kaing kaya sambat yèn gulune godrès getih. Kaping pindhoné, Karso Gawon ketiwasan.

Ééé… kok ya ndilalah kersaning Allah, asu iku pancèn durung cedhak marang pepesthi. Limang dina sawisé dibabat lading, asu mau mulih kanthi kahanan gulu wis pulih. Kaya ora ana tatu, saka kadohan mung katon bélong.

Setengah gumun, separoné anyel banget. Karso Gawon ora kurang athikan, banjur nggunakaké jurus pamungkas. Ya, dhèwèké blanja apotas rada akèh! Apotas diracik nganti bener-bener ngrasuk ing daging sing bakalé kanggo pancingan. Pokoké, pikiré Karso Gawon, sepisan mangan bakal énggal mati ana kono uga. Wayah surup ramuan racun disebar ana kebon, ésuké wis bisa nggawa mulih wadhagé asu keparat mau.

Watara jam pitu ésuk, Karso Gawon mara ing keboné Simbahe kancaku. Dhèwèké kagèt, nyawang pitik pating klékar. Yèn dinalar, pitik-pitik kuwi ora bakal mati jalaran mangan daging sing wis diramu apotas. Surup mlebu kandhang, subuh nembe pada saba manèh.

Sepisan manèh, jebul dina iku dadi pengapesané Karso Gawon. Luwih saja rong puluh pitik sing mati, ora mung ana ing kebon´mbahé kancaku, nanging uga ana latar lan keboné tangga-tanggane.

Jebul, asu mau mutah-mutah sawisé mbadhog daging-apotas lan playon golèk papan dhelikan. Ana sadalan-dalan, utah-utahan asu mau dadi panganané pitik sing nembe waé metu saka kandhang, saba golèk pangan. Mula ora anèh, yèn utah-utahané asu dadi racun sing matèni pitik-pitik ing dhésa kuwi.

Ngracun asu sing njalari puluhan pitik dadi bathang, Karso Gawon banjur panèn unèn-unèn. Tangga-tanggane padha ngamuk, nesu, nyalahaké anggoné nggunakaké cara matèni asu kanthi ramuan apotas. Karso Gawon kapok. Dhèwèké ikhlas lan pasrah, ora ngarep-arep bisa nggawa mulih asu sing wis dituku. Dhuwit ilang ora sepira akèh, apa manèh yèn dibandhingaké marang ruginé tangga-teparo sing wis kélangan pitik. Apa manèh, bathangé pitik klebu karam. Didol ora payu, mangan ya ora ana sing doyan.

Pirang-pirang dina sawisé kedadèyan pitik mati, ana kabar kang nguciwani kanggoné Karso Gawon. Asu sing pirang-pirang dina dadi mangsa iku mati ketrunjang montor gedhé sawektu nyebrang lurung gedhé aspalan ing ngarep omahé Simbahe kancaku mau. Wektu itu, akèh wong sing nyeksèni, yaiku para tangga teparoné Simbahé kancaku sing lagi cepak-cepak arep tahlilan ana omah sangarepé, ing sebrang dalan.

Simbahé kancaku wis kebayar, Karso Gawon sing tombok. Sing ngrasakaé énaké daging lan getihé asu mung ana loro: aspal lan ban montor… Asuné dhéwé mecèdhèl, gèpèng lan tipaké rada lucu. Lulangé kelèt ana aspalan, mbentuk gambar asu lagi turu.


*) Matur nuwun kanggo Lik Jrabang, critamu ing Wisma Seni bengi iku njalari anané tulisan ini.

3 thoughts on “Kéwan Begja, Asu Sekti

  1. omong “asu” kanthi luwes ki paling penak yo ngarang tulisan babagan “asu” ..hehehe…
    kang, kok gek seneng tema ” asu” ?

    aku wae ya bingung, kenapa tiba-tiba seneng tema asu. ya ndilalah wae kerep krungu crita babagan asu, mula banjur terperngaruh.
    /blt/

Leave a Reply