Kepacé Korban Bom Afghanistan

Nyedhaki kenthong subuh, aku ngurupaké Fèsbuk. Mak jegagik! Aku weruh Kang Andi Riccardi onlèn. Aku rada nyicil ayem, sebab kanca sing wis kaya sedulur iku nembé waé cilaka, nampa pacoban saka Pangèran. Panser Stryker sing ditumpaki bareng-bareng karo tentara NATO ngidak bom, banjur njeblug. Wektu iku, Selasa (11/8) awan, dhèwèké mèlu patroli. Iring-iringan nganggo panser papat, sing dinunuti Andi ana ing urutan nomer loro. Mangkono ujaré Kang Andi.

Dhasar wong sableng, wis genah lara kaya kuwi, sing ana kéné bingung marang kahanané, éé… dhèwèké malah tilpun. Aku sing kuduné mapan turu, malah dadi melèkan. Mbokmenawa dhèwèké uga butuh kanca, wong Mbak Pingkan, garwané isih ana njero montor mabur karo Jeng Dessi, kanca sakantoré Kang Andi ing APTN.

Dhasaré ama pulsa, tilpun ana sejam suwéné, crita ngalor-ngidul. Aku mung ngrungokaké, suwarané gandhang, nanging mliyat-mliyut, sajaké amarga salurané ora pati apik. Ditakoni kahanané malah ngèkèk. “Awakku waras, tapi tulang rusukku kiwir-kiwir. Tapi tenang waé, ora krasa lara, kok. Awit Selasa, aku mangan obat sing bisa ngilangi rasa kelaran,” ujaré.

Andi Riccardi nembé dipriksa (Foto: Pingkan Hendriks alias Ny. Andi)

Andi Riccardi nembé dipriksa (Foto: Pingkan Hendriks alias Ny. Andi)

Sadurungé tilpun, Kang Andi chatting karo aku. Dhèwèké nganggo laptop, njaluk diwuruki carané upload tulisan ana NOTES Facebook-é. Aku njlèntrèhi carané, sebisaku. Ngerti-ngerti dhèwèké takon, yèn tilpun aku nèng nomer sing endi (dikirané aku duwé nomer akèh). “Nèng nomer biyasané waé, sing mburiné sèket papat,” jawabku.

Lumantar Fèsbuk, Kang Andi pingin crita pengalamané nampa alangan dina iku. “Aku kesel yèn kudu njawab siji-siji, embuh kuwi liwat tilpun apa nganggo èF-Bi. Mosok crita padha dibolan-balèni!” mangkono alesané pingin nulis pengalamané.

“Yèn wis daktulis, kanca-kanca lan sapa waé rak mung kari maca dhéwé. Aku kepenak, bisa ongkang-ongkang ana rumah sakit sing kaya hotèl bintang lima iki,” ujaré Andi. Ya, dhèwèké pancèn nyritakaké yèn saiki dirumat ana City Hospital, Dubai. Rabu ésuk, dhèwèké lan Emilio tekan kana.

“Rumah sakité kaya hotèl lan rèstoran. Sedhéla-sedhéla perawaté teka, yèn bar takon kahananku banjur nakokaké aku pingin mangan apa. Daftar menu diulungaké, kari milih sasenengé. Sakjané, aku pingin masakan Jawa, nanging angèl golèkané,” ujaré Andi, sing pirang dina sadurungé musibah ngaku pingin mangan indomi karo sambel pedhes.

“Mbak-mbaké ayu-ayu tur grapyak….. Uénak tenan rumah sakité,” ujaré, ngiming-imingi.

***

Dhèwèké banjur crita, yèn dina Selasa iku jan-jané wis males liputan. Mèlu patroli tentara, gambaré mesthi mung ngono-ngono waé. Wong ya bola-bali Andi, sing ora seneng nggambar utawa shooting kahanan biasa-biasa waé. “Tapi aku mesakaké Emilio, ijèn nèng panser ora ana kanca guneman. Mulané aku banjur budhal, niyaté ngancani waé,” ujaré Andi.

Cekaké rembug, panser sing momot Andi lan Emilio, tukang potoné kantor berita Associated Press sing tugas ana Pakistan, iku ngidak bom. Ranjau dharat sing dibasang déning tentara Taliban. Njeblug banter banget, dhèwèké sing keturon banjur njenggirat. Apa manèh, miturut critané Andi, ana sikil tiba ana pundhaké. Basan disingkiraké, jebul sikil sing ucul saka badané wong, embuh sing endi. Ana sajeroning panser, ana wong pitu. Sing loro tukang mbedhil, manggoné ana ngarep dibantu déning tukang nyepakake peluru.

Diinterogasi petugas.... (Foto: Dessi Ariyanti)

Diinterogasi petugas.... (Foto: Dessi Ariyanti)

Andi lan Emilio lungguh adhep-adhepan, adu dhengkul saking ciuté papan lungguhan. Jèjèré sakloron, ana kaptèn lan lètnan NATO, sing jebul padha kélangan kabèh sikilé. Déné Emilio, kelangan sikil siji. Andi ora crita, sikil kiwa apa tengené.

“(Nèng njero panser) wong papat, lungguh adu dhengkul, ranjau meledak nèng ngisoré. Sing 2 tugel kabeh sikilé. sing siji tugel siji, sing sijine mung tulang rusuké tugel 3….Endi sing sekti?” ujaré Andi. Tetep kanthi cengèngèsan.

“Coba sangu keris, sok awakmu waras-wiris,” jawabku sekacandhaké, karo cengèngèsan.

“Iya, ya. Ndilalah aku ya ora sangu keris Brajamukti,” jawabé kanthi ngèkèk.

***

Tilpun iku wis dadi hobi si hama pulsa kaya Andi iki (Foto: Dessi Ariyanti)

Tilpun iku wis dadi hobi si hama pulsa kaya Andi iki (Foto: Dessi Ariyanti)

Andi pancèn wartawan édan sing dakngertèni. Ora duwé udel, sebab ora tau katon kesel. Ora duwé wedi, jalaran tau crita yèn aja-aja Gusti Allah maringi nyawa rangkep telulas. Anané crita kaya kuwi, dhewèké kerep banget slamet saka bebaya. Embuh kuwi ana perang Irak, Ambon, Timor Lèsté, Afghanistan lan liya-liyané. Kamangka, taun 2000 kepungur, gegeré wis kelebon peluruné tentara Afghan. Kamangka, kerep banget dhèwèké nyipati kancané tumeka ing pati, embuh kena peluru utawa kejeblugan granat lan bom.

Saiki, dhèwèké wis rada ngrasakaké luwih kepénak ana Dubai. Ketemu rumah sakit apik, dokter apik lan perawat sing nyambi dadi waitress.

Oh, iya. Mèh ana sing cèwèt. Wingi, dhèwèké ketekan petugas saka Konsul Jénderal Rekiblik Éndonésa. Takon ngalor-ngidul, banjur nakokaké apa sing bisa dibantu. Nanging, sadurungé ngomong akèh, petugas mau crita ora bisa mbantu luwih yèn perawatané ana rumah sakit kuwi. Bareng ditlesih, jebul amarga kuwi rumah sakit larang, lan KJRI ora duwé anggaran.

“Ora usah mikir bayaran rumah sakit, Pak. Kabèh wis ditanggung kantorku!” ujaré Andi.

Krungu jawaban mangkono, petugas mau banjur sumringah. “Liyané kuwi, apa sing bisa dibantu?”

“Yèn ana, aku nyuwun témpé waé,” jawabé Andi. Penjalukan sepélé katoné, nanging gandhèng ana Dubai ora ana wong ngidak-idak dhelé, mesthiné ya dadi méwah jalaran langka. Eéé…  ndilalah kok ya keturutan. Andi lega. Seneng ketemu panganan saka Jawa. (Dhasar ilat ndhésa!)

Petugas mau banjur cekrak-cekrèk, motrèti Andi. Mbokmenawa kanggo lapuran ana kantoré, ing Départemèn Luar Negeri.

***

“Wah, apik kuwi, Kang… Mengko, tulisen nèng èF-Bi nganggo cara kaya awakmu crita karo aku ngéné iki. Bèn padha ngerti jlèntrèhé,” ujarku.

“Asem, ki! Lha wong chatting waé aku males, apa manèh kok crita pengalaman nganggo wujud tulisan. Anané aku tilpun awakmu ki supaya kowé banjur nggawèkaké tulisan kanggo aku. Dadi, aku mung kari ngopi nèng Fèsbuk-ku,” ujaré.

Aku mlongo….. Mata sing wis krasa sepet jalaran ngantuk banget, dadi padhang. Kamangka latar wis kétok njingglang. Aku kelap-kelip, bingung mbayangaké piyé nulisé……

8 thoughts on “Kepacé Korban Bom Afghanistan

  1. ipung_cahyojow

    Kudune dijuduli; Blonthang Dikadali. Utowo; Kadal Dipangan Boyo. Rapopo, apik kok. Luwih jelas timbang media maintream tur menghibur. Dedane meneh, berita kui dadi ora syerem. Sip.

    hmm… sumangga saja, lah
    /blt/

  2. we.. la da la.. wes ngerti ono bom kok jik di idak 😉 opo mung kepengen arep turu rumah sakit sing koyo hotel :mrgreen:

    wong ya alangan kok, Mas. mangsa ya ana wong nerak, nekat ngidak bom yen bakale nemu cilaka?!?
    /blt/

  3. Sanajan rumah sakite kaya hotel, tapi aku yo wegah nek kudhu ngrasakke lara kaya kang Andi, miris nda. Sajake wong iki nyawane telulas tenan, sok malah luwih.
    Enggal waras njih, kang 😀

    kowe memang jirih kok, Don
    /blt/

  4. wawan

    critane ngenani kanca sing lagi keno cilaka, ananging tulisane marakke kekel. nuwun kanggo kangmas blontank.

    korbane iki pancen lucu kok, Wan. tapi asyik…
    /blt/

  5. be

    kaaaang tulisan sampean nggawe aku mesam mesem dewe. Bojoku sempet ngindik ndelok opo seng nggawe aku mesam mesem,..lah dalah seng ono garuk2 kepala deknene ..
    aku sempet mikir “wah yen mama melu moco mestine yo dadi sumringah karena tulisan sampean, pengobat kesedihan kemaren2 iku” ..yo wes tak print wae yo ..trus tak poske

    gak usah. biar aku sing nge-print, nanti kuserahkan mama. aku juga lagi nyimpen koran-koran buat mama, niy…
    /blt/

Leave a Reply