Sadran

Saben nyedhaki wulan pasa, dhésaku mesthi ramé. Kramatan utawa saréyan uga dadi reja. Titènané gampang. Biyasané, wektuné sepasar sadurungé ngancik pasa, wong-wong sing wis suwé nglembara menyang kutha liya padha kondur. Mulih menyang dhangkané saperlu nyekar, ziarah kuburé para pepundhèn sing wis padha sumaré. Nyadran utawa ruwahan tembungé.

Ana sing nggawa kembang mawar, mlathi lan kenanga, kang diuwur-uwuraké ana sandhuwuré kijing sawisé ndongakaké leluhur lan sanak-kadangé. Ana uga sing teka glundhungan tanpa cangkingan amarga perluné mung kirim donga kanggo sing wis pralaya. Bakuné, nyuwun marang Gusti supaya sing wis padha séda sami dijembaraké kuburé, dipadhangaké alamé lan sapanunggalané. Kembang, pranyata amung dadi srana, supaya makamé tetep wangi lan arum.

Sadurungé nyadran, biyasané ana gotong-royong resik-resik (pa)saréyan utawa kramatan sing déning warga dhésaku diarani besik. Anom-sepuh, kabèh sengkut njabuti suket, alang-alang lan nyaponi kabèh papan sajroning makam. Para warga isin yèn nganti ana salah sawijining saka para sanak-kadang sing wis adoh-adoh nyelakaké kondur banjur weruh papan sing njembrung.

Kanggoné bocah cilik-cilik, besik dadi kahanan sing paling nyenengaké. Ora mèlu tandang gawé, nanging lumrahé banjur padha golèk kembang semboja utawa kamboja sing ganep cacah kelopaké (kelopak ki basa Jawané apa, to?). Bisa papat utawa nenem saka racaké sing cacah lima akèhé. Mbiyèn, aku uga seneng golèk kaya ngono kuwi, banjur disimpen ana satengah-tengahé buku.

Embuh saka ngendi larah-larahé, jaréné wong-wong mbiyèn, kembang semboja kelopak ganep iku bisa marakaké pinter kanggo sapa waé sing gelem nyimpen ana satengahé buku. Ndilalahé, kembang kuwi ya ora ngrusak dluwang buku sanajan disimpen mataun-taun, nganti garing-mekingking lan sansaya cilik wujudé.

Miturut panemuku, kenapa kembang semboja bisa njalari pinteré bocah, sebab saben kelingan angèlé golèk kembang kelopak ganép mau, bocah-bocah padha niliki kembangé kanthi cara mbukak buku. Yèn buku wis kebuka, ora kétang sithik mesthi ana sing kewaca banjur nyènthèl ana sajroné pengéling-éling, saéngga yèn kerep dibolan-balèni buka buku, mesthiné ya tambah ilmuné mula diarani pinter.

Kaya ngapa tatacara utawa adat nyadranan, saben dhésa duwé ciri dhéwé-dhéwé. Nèng nggonku, biyasané diadani kendhuri luwih dhisik. Wektuné, biyasané dipilih sing padha karo dina riyaya. Kaya taun iki, ndhésaku sing bakalé riyaya ing dina Senin Pahing, nyadrané uga kalaksanan ing dina Senin Pahing. Tegesé, selapan sadurungé riyaya.

Senin Pahing ésuk, saben somah ngetokaké ténong isi tumpeng, sing pepakané awujud gudhangan, sambel gorèng krècèk, rempèyek kacang lan dhelé lan sapanunggalané. Kabèh ténong digawa menyang cedhak kramatan, dikupeng utawa diadhep para kakung banjur didongani déning modin utawa kaum. Dongané donga keslametan, lan panyuwunan diapurané dosa sing wis padha séda lan atur sukur awit kabèh peparingané Gusti sing wis ditampa lan dirasakaké. Rampung didongani, digawa mulih dhéwé-dhéwé sawisé saben ténong dijupuki isiné sithik-sithik banjur diaturaké modiné.

Guyub lan nyenengaké. Wong sadhésa padha nglumpuk. Malah, biyasané wong-wong sing wis suwé lunga adoh utawa netep ing kutha liya sing seneng nekani kendhuri, ngiras-ngirus karo ketemu kanca dolan jaman cilik utawa kanca nyuluh welut jaman isih padha nom-nomané. Kangen-kangenan, banjur padha mbabar crita dawa-dawa.

Béda dhésa, béda adat. Ana ing dhésané Pakdhéku saka ibu, saben sadranan malah kaya wong duwé gawé, nganggo pésta andrawina. Saben kulawarga mesthi adang lan masak rada akèh, kayata soto, sop utawa opor ayam utawa bèbèk. Ayam utawa pitiké dibelèh dhéwé, jalaran racaké ya opèn-opènané dhéwé-dhéwé. Kabèh mau kanggo nyuguh, mulyakaké sedulur-sedulur sing racaké padha mampir sawisé nyadranan, nyekar utawa kirim donga kanggo arwahé sedulur-seduluré.

Sapa wani nganti nyekar tanpa mampir menyang dalemé pakdhé-pakdhé, tegesé wis wani dikudang yèn nganti ketemu ing liya wektu. Werna-werna surasané, nanging sing paling jamak iku ya dianggep nglalèkaké sedulur, utawa dianggep wis wegah menyak jogané amarga reged. Liré, dianggep semugih, banjur anggak ora gelem nyrawungé sing ora duwé.

Yèn wis tekan babagan kaya ngono kuwi, bakal répot. Kamangka, durung mesthi sing dikudang utawa dionèk-onèkaké para Pakdhé-Budhé iku pancèn luwih sugih tinimbang panjenengané. Bakuné, sadranan utawa ing pérangan liya sinebut ruwahan (jalaran wulan sing dianggep becik kanggo kirim donga kanggo arwah?!?) iku mujudaké sarara ngraketaké paseduluran. Nyatané, ing jaman saiki, ora pendhak wong bisa kondur, apa manèh komplit sabatih, ana wektu riyaya. Saliyané larang ragadé, uga angèl mlakuné lan suwé tekané. Dalan-dalan mesthi macet.

Embuh sapa sing mbiyèn nemokaké sadranan.Yèn pamawasku, iku tinggalané para wali sing nyatané bisa ngrembakakaké Islam ing tanah Jawa. Saba kuburan lan nggawa kembang, mbokmenawa mujudaké gantiné sajèn kaya sing dilakoni para sedulur sing ngrasuk ageman Hindu ing jaman semana. Diganti kembang bèn ora njeglèk bédané, banjur tinuntun nganggo wacan donga kanggo nyuwunaké pangapura marang Gusti Allah kanggoné para arwah.

Mula ora maido, yèn wong-wong sepuh mbiyèn utawa sapérangan wong Jawa jaman saiki, isih nggunakaké tembung jembarno kuburé, padhangna jagadé saben krungu kabar kepatèn. Ora liya, iku mau mujudaké donga, panyuwunan.

Nanging, kabèh crita ing dhuwur iku kahanan pirang-pirang taun kepungkur. Saiki wis sansaya sithik sing éling sadranan, nyekar pepundhèn lan sedulur sing wis ndhisiki séda. Apa manèh nganti ngajak anak-anak. Sajaké, jamané pancèn wis owah. Sadranan ora modhèren!

Kamangka, kanthi nyekar bebarengan, bocah-bocah bisa dijlentrèhi sapa sing lagi disekar utawa didongakaké. Kabecikan nalika isih uripé bisa kanggo tuladha, yèn duwé keluwihan uga bisa dadi sangu, motivasi saéngga ing ngarep bisa tumindak sing luwih, ora mung kaya sing dilakoni sedulur utawa pepundhèn nalika isih sugeng mbiyèné.

Kaya aku, umpamané, bisa nuladhani Mbah Kakung saka ibu, sing jaré jaman taun 1950-an wis mangku mesin jahit lan dhasar ana pasar. Tegesé, sapérangan wong-wong ing sakiwa-tengené dhésaku bisa klambèn becik saka simbahku. Malah, nganti saiki, ana wong-wong tuwa sing saben ketemu aku banjur nitèni, yèn aku putuné Mbah Marto Mesin (Coba yèn para modhèl kaya sing metu ing Fashion TV iku kenal mbahku, mesthi klambiné rada ganep).

Déné Simbah Kakung saka bapak, kanggoku luwih heroik, luwih ngawu-awu. Ing taun-taun semono uga, simbahku numpak pit onthèl nganti tekan Tawangmangu saperlu mburuh gawé omah. Mataun-taun simbah nglakoni penggawéan kaya ngono iku. Mula, simbahku nganti kaceluk dadi tukang batu sing ampuh. Aku yakin, omah-omah lawas sing saiki isih ngadeg bakoh iku asilé olah-kridhané simbah. Kamangka, jaman semana durung akèh semèn kaya saiki.

Mula, sarekasa-rekasané wong saiki, sajaké isih luwih kepénak tinimbang jaman mbiyèn. Yèn dakrasa-rasakaké, nyekar wektu sadranan utawa ing wektu-wektu liyané, isih akèh gunané tumrapé generasi jaman saiki. Déné yèn isih ana sing anti utawa ora seneng nyekar utawa ziarah kubur, ya bèn waé. Kabèh duwé panemu dhéwé-dhéwé, kudung padha-padha ngurmati. Sing penting ora pdha ganggu gawé…..

3 thoughts on “Sadran

  1. inggih pakde…jane kathah paedah wonten ing sak lebetipun ,ananging wekdal meniko kathah ingkang sami dipun tilar….terjerat rutinitas……jarene…
    suwun..suwun…suwun…(.halah…koyo wis di sangoni….).

    matur nuwun, Kang. badhe nyadranan wonten pundi?
    /blt/

  2. sri juni

    great,good,Ok bgt..

    Tp pusing..OMG..Jawa bgt sih..selang seling donk..
    Hukumnya apa kl ga pernah nyadran??

    yang OK tuh apanya, Mbak? soal gak pernah nyadran gak ada hukumnya. itu kan cuma bagian dari kebudayaan saja, meski baik juga kalau dilakukan. mau ke Jawa? hehehe…
    /blt/

Leave a Reply