Kepacé Pelukis Prancis

tilas murid ngladaki guruné, sawisé nekani pameran lukisané pak guru

Jumat lagi nyedhaki wanci soré wektu aku kepacé *). Ana warta cendhak mampir nèng tilpon gegemku. Surasané, “Pak, ayo nèng Gramèd, nonton pamèran pelukis Prancis.” Ora kakèhan mikir (dhasaré lagi rada pekok), aku njawab, kepara rada kemlanda-landa. Ok.

Cekaké crita, aku ngebut nuju kulon, nempukaké (amarga gedhé, yen cilik apa, hayo? Mosok nemp*kaké?) srengéngé. Raiku, rasané kaya dikapyuk sunar panas telung kapal tanker. Akèhé ora mekakat, nganti kulitku ireng kabèh. Saka tangan, sikil, dhadha, geger, man** (muga-muga padha percaya), ora ana sing kliwatan gesengé.

Tekan Gramed(ia), aku mlebu panggonan pamèran. Clingak-clinguk kaya nayap, ora weruh wujudé Panjul karo Dony si pemuja kopi, sing lagi terobsesi ngurusi toko karpèt ana nJombang. Dak tilpon, bocahé alesan lagi ana njero toko buku, nyawang SPG-SPG sing miturut cah loro iku ayu-ayu (kamangka, sing ayu akhlaq-é lumrahé dudu SPG, nanging PGA).

Pantes wae, kabèh ruang display kang dakinjen suwung. Nginguk ngarep, aku weruh pelukisé. Dudu wong Prancis, jebul dosèné Panjul lan Dony, sing tau sekolah ana Prancis. Ndilalah, pelukisé adu mata karo aku, saéngga aku kudu nyedhaki, ngaturaké kabar keslametan, banjur ngalor-ngidul sing ana gayutané karo pamèran lukisan.

Karo Pak Pelukis sing mbiyèn statusé naté dadi pembimbing sekripsiku, aku didangu apa mbutuhaké katalog pamèran. Dilematis. Aku manthuk. Ora kepénak gawé gela, sanajan asliné pingin gèdhèg (tanpa inex). Weruh corèkan kwas ana kanvas-kanvasé sing katon rada kasar, kurang ana rasané, aku ora patia seneng. Beda karo gambarané (maap) jenaté mBah Affandi. Sanajan wujudé katon pating tlemong, nanging krasa teges. Goresané èksprèsif, spontan, ora butuh ngalus-alusaké nanging uga ora mamèrké kasaré. Ora ana prètènsi kanggo bermain-main.

(Jaaan…kétok kemaki tenan. Kaya-kayaa ngerti lukisan, ngalah-alahaké –maap manèh- jenaté Sanénto Yuliman utawa tukang kritik, Adi Wicaksono. Ning ora papa. Lumantar tangan cengkiling, lan dhasaré cangkem lan poloné uga freelance, mula pating clebung. Yo ben!)

Bingung aku nyawang lukisan-lukisané. Kabèh gaya ana, pirang-pirang motip uga sumadya. Iki pancèn pelukis ngabèhi. Dudu jeneng pangkat abdi dalem, nanging sing tegesé kabèh-kabèh diayahi. Mula jinis lukisané ya pancèn pepak tenan. (Pingin mundhut? Mangga, milih dhéwé, gumantung selérané, kabèh cumepak)

Urip paribasan mung mampir ngombé. Sumuk nyawang lukisan, aku ngajak Panjul, Dony lan kancané (ora ngerti jenengé amarga ora dikenalaké. Penyakité wong tuwa tur kemaki, rada gèngsi ndhisiki. Ngapurané ya, Mas….) golèk ngombé menyang Pujasari, ing sajroning kompleks Sriwedari. Gandhèng mlaku, tekan warung malah sansaya sumuk, kemringet. Nunggu tekané pesenan, aku ngolak-alik katalog.

Maca katalog kang pengantaré ditulis Ketua MPR Hidayat Nur Wahid, aku rada kagèt. Tanpa uluk salam, maksudé assalamu’alaikum… lan saterusé. (Aku mikir, kadingarèn ora nganggo salam, apa Pak Hidayat ora wedi digunem seduluré yèn nembé luntur Islamé? Pikiranku tambah ala: iki mangsa klumpukan biting pemilu, mbokmenawa ben katon pluralis lan ora primordialis. Maklum, public relations iku penting ing wayah klumpukan biting)

Mbokmenawa, Pak Hidayat ora perlu nganggo ambon-ambon Islam, wong lukisané ana gambar wong wadon sing sapérangan badané ora ketutupan klambi. Anuné katon muntup-muntup (yèn pingin ngeres, terusna dhéwé anggoné mbayangaké!). Umpama polahé kwas apik tenan, sanajan itu èksprèsi seni, mesti énggal didhémo amarga dianggep mancing birahi, ngrusak moral, lan sapanunggalané. Bisa kena pasal Undang-undang Pornografi sing mbiyen disponsori parténé Pak Hidayat.

Sing aku gumun, bareng wis nyimak kabèh uniné katalog, aku dadi nganggep yèn pelukisé ora pé-dé. Kartu mahasiswa ASRI dituduhaké, kanggo bukti yèn pelukisé tau sekolah nggambar nèng ngGampingan, Yogya. Profil-e uga nyebut kenalan seniman lukis saka ngendi waé, malah ana bukti fotoné barang. Ana sing aka Vietnam, Jakarta, Sala…. Nonton Pak Affandi nglukis waé dicritakaké, rasané iku bisa kanggo nambahi bobot senimané. Foto bareng SBY (presidèn sing lagi disirik tilas presidèn iku, lho! Mosok orang mudheng?) uga ana. Pokoké, gaul abizzz…, dèh!

Aku bingung, pelukis kang asmané Pak Andrik Purwasito iku sejatiné ahli apa, ya? Mulangé nèng jurusan komunikasi (dudu ngebrik, dudu sms-an, lho) UNS, tau dadi anggota Komisi Penyiaran Indonésia, malah déning Pak Hidayat disebut ahli kang nglairaké tafsir tanda utawa Semiologi Komunikasi lan duwé karya fiksi/nonfiksi kang cacahé luwih saka 10! (Akèh, ya?!?)

Sing genah, sawisé nggatèkaké lukisané, nyimak critané Pak Hidayat lan maca biodata-né, aku bisa duwé kesimpulan dhéwé sing mbokmenawa béda karo liyané. Jebul Pak Andrik iku wong (éh, priyayi) Trenggalèk, dudu Perancis kaya uniné sms-é Panjul.

(Njul, Pak Andrik iku dosèn, sing tau golèk ilmu nganti tekan Perancis. Dudu priyayi Prancis. Jebul kowé ngapusi aku….. Aku kenal banget no, karo Pak Andrik. Nggih to, Pak?)

*) kepacé iku tembung sing popilèr ana kalangané cah-cah anom ing Sala jaman saiki.

Tulisan iki wis kapacak ing Facebook-ku, Setu, 4 April 2009 jam 3.02 WIB. Kaunggahaké ana kéné sawisé diowahi kana-kéné, mliginé sing ana klèruné.

9 thoughts on “Kepacé Pelukis Prancis

Leave a Reply