Layang Takwa

Anyel marang kahanan politik sing sarwa wagu lan kebak apus krama, jebul mung nambahi cubluking pangertènku. Nyatané, aku isih kagèt lan gumun krungu kabar yèn kabèh calon anggota lègislatif utawa calèg kudu tapak asma ana layang bukti takwa marang Gusti Allah. Jaré Kang Jlitheng Suparman, dhalang kang duwé kanca akèh sing lebar nyalèg, layang iku wis sumadya ana KPU.

“Sedaya tiyang ingkang ndaftar kedah nandhatangani layang kados makaten niku,” ujaré Kang Jlitheng.

“Napa inggih, ta? Mosok takwa marang Gusti Allah namung wujud dluwang?!?” Aku isih bingung, durung ngerti jalaran pancèn ora mudheng babar pisan. Pikirku, saumpama ana layang takwa, mesthiné sing luwih ngerti iku mung malaékat, jalaran makhluk kuwi sing diparingi kuwajiban déning Gusti Allah kanggo ngawasi manungsa lan saisiné donya.

“Inggih. Blangko-né sampun dicawisaké wonten kantor KPU. Kantun nyerat lan tapak asma banjur ditumpuk sekaliyan sarat-sarat sanèsipun. Niku sampun dados peraturan, angger-angger ingkang mboten saged diterak,” mangkono ngendikané Kang Jlitheng.

Tetep waé aku ora mudheng karepé pemerintah nganakaké sarat awujud layang sing kaya mangkono iku. Saumpama ditapaksamani déning malaikat Rakib lan Atid, aku bisa nganggep iku luwih mungguh lan bisa dianggep sah. Malaékat loro kuwi pancèn duwèni cathetan becik-alané tumindaké manungsa.

Nanging aku banjur mikir: yèn malaékat loro kuwi nganti ngetokaké layang, mosok ora wedi mlebu neraka jalaran wis nyalahgunakaké wenangé kanggo manungsa ing ngalam donya? Mosok malékat bisa disogok utawa mesakaké marang manungsa sing éthok-éthok keraya-raya nyalèg, jaré duwé niyat ndandani negara nanging sejatiné padha rayahan bandha donya?

“Aturan kados niku, jannn… Mboten lucu babar blas!” pangandikané Kang Jlitheng.

“Kanggé kula malah lucu. Nyatané kathah pelawak mboten payu, malah siji-loro tekan patiné,” aku semaur sakenané.

Kang Jlitheng ngguyu. Lawak utawa dhagelan pancèn kalah lucu yèn ditimbang kalawan polahé politisi. Mula jaman saiki arang sing payu. Kasèt lawak waé ora cumepak ing toko-toko, jalaran ora ana produser sing gelem ngrekam lan dodolan. Sing bisa disebar gratisan lumantar internèt waé uga ora ana. Pasaré pancèn ora ana. Béda banget yèn dibandhingaké vidéo wudo anggota DPR karo dhemenané, utawa wong nganggo sragam PNS nanging kerekam nembe jaranan karo wédokané.

Sing luput cinatur ya mung dhagelané jenaté Mbah Basiyo lan wayangé Mbah Nartosabdho. Kasèté isih akèh, CD-né ya lumayan cacahé, déné nèng internèt sansaya luwih akèh. Sapa waé bisa ngundhuh sawayah-wayah, sajebolé, sabodongé, samaremé. Jaman sugengé Mbah Basiyo lan Mbah Narto, lelucon lan piwulang becik pancèn durung akèh. Sanajan sejatiné ana wong siji sing ndhagel keliwat-liwat utawa superlucu sapolah-polahé, nanging kanggo mèsem waé padha wedi. Yaiku Pak Harto. Salah ngguyu bisa ditutuh nggeguyu, tundhané badan lan ati malah dadi tatu. Mimis bisa celathu, apa manèh sepatuné saradhadhu!

Nanging, mbareng dakéling-éling, Layang Takwa iku pancèn warisané Pak Harto sing katoné isih padha dileluri tumeka saiki. Negara kudu mèlu-mèlu ngurusi cara lan laku uripé wargané, klebu babagan bektiné manungsa marang Pangèrané. Kamangka, suwarga lan neraka wis dicepakaké kanggo manungsa, sing tansah éling apa sing lirwa marang dhawuh Gustiné.

Mesthiné, agama iku ageming ati. Ajiné ana tumindaké, dudu saka macak lan nyandhang panganggoné. Sanajan nduwèni Layang Takwa yèn nyatané isih dhemen korupsi, ngunthet haké rakyaté, banjur ana ngendi paédahé layang iku mau dianakaké?

Tobiiiilll…tobil! Aja manèh mung colong jupuk. Wong-wong politik Éndonésa iku pancèn senengé ndhagel sakepénaké udelé. Ora bisa gojègan marang sapadha-padhané, banjur ngajak gojègan Gusti Allah. Apa ora padha wedi kuwalat, ya???

One thought on “Layang Takwa

Leave a Reply