Nglarung Kembang Telon

Sawitri wis umak-umik ing pinggir bengawan sisih njeroné bonbin Jurug. Nanging, kembang telon putih –mawar, mlathi lan kanthil, sing wis ana gegemané wurung disebar. Dhèwèké kèlingan welingé dhukuné, Mbah Jayaguna, supaya sarat sarana mau ora kena kècèr siji-sijia ana sandhuwuré lemah pinggir bengawan. Wedi ora kabul tirakaté lan badhar lakuné, Sawitri nglemprek, ambruk banjur semaput. Awaké anyep njejet.

Sepasar suwéné Sawitri pasa mutih, mangan sega tanpa uyah lan banyu putih tanpa rasa. Laku nglarung sarat sarana iku kanggo mungkasi setiyaré golèk tamba kanggo marèkaké ibuné sing nandang lumpuh tanpa sebab. Pirang-pirang dokter, puskesmas lan rumah sakit wis tau diparani, nanging kabèh ora bisa ngusadani. Yèn nganggo ilmu kedokteran, bocah sing lagi umur  rong taun kuwi waras-wiris, tanpa virus lan ora ana memala ing njero badané.

Mbah Jayaguna, sing kondhangé sekti mandraguna saindengé Ponorogo iku, pinter mènèhi tetamba sekèh lelara lan jaréné bisa ngilang, kepeksa diparani. Sanajan sejatiné ora percaya marang laku klenik, nanging sumpegé pikir lan karep pingin énggal weruh ibuné pulih waras lan bisa mbukak warung sotoné kaya limang sasi kepungkur, Sawitri kepeksa nglakoni.

Pungkasané ya soré kuwi, manjing dina Jemuwah Wagé, dhèwèké kudu nglarung kembang telon putih. Jaré Mbah Jayaguna, werna putih mujudaké niyat tulus lan laku suci. Pilihan dina Jemuwah, ujaré, sebab iku dina becik, sebab prayogané padha nyandhang klambi sarwa putih, yaiku wadhag resik nyembah Gusti.

“Déné Wagé iku, Nggèr, ora liya sasmita sing kudu dimangertèni sapa waé, yaiku wewaler Allah ginanjar éling. Dadi, Gusti Allah mung arep ngélingaké wong-wong kaya awaké dhéwé, klebu ibumu sing nandang lumpuh kaya mangkono kaé. Muga mbesuké padha tansah éling marang sing akarya jagad, sing nduwèni nyawa, lara, obat lan séhat,” ujaré Mbah Jayaguna.

“Muga-muga, kanthi niyat suci lan panyuwunan sing ikhlas, Gusti Allah maringi kanugrahan kanggo kesarasané biyungmu, sing wis nggulawenthah awakmu, awit isih ana weteng tumekané saiki. Rekasamu pasa mutih iku durung sepirané yèn ditimbang karo rekasané ibumu sing nyawiki lan ngganti popokmu saben wengi nganti taunan suwéné.”

Tekan Jurug saka Ponorogo isih rada padhang, Sawitri lega atiné jalaran ora telat anggoné bakal nglarung kembang telon. Welingé Mbah Jayaguna, upacara ngèlèkaké kembang ana satengahé bengawan ora olèh kedhisikan kenthong ngisak. Sasuwéné setengah jam semaput, Sartono sing ngeteraké lungané Sawitri, kétok bingung. Bisané mung mijeti karo ngrekepi awaké Sawitri nganggo jakèt supaya anget.

Sartono ora bisa ninggal Sawitri kanggo golèk pitulungan, sebab bakalé ya mung muspra. Awit jam lima, bonbin mesthi nyenyet, wis ora ana wong nonton kéwan. Para pawang uga wis mulih jalaran biyasané padha nyèlèhaké pakan awit soré supaya énggal-énggal bisa ditinggal lautan.

Wektu Sawitri katon obah lan bisa njenggèlèk, dhèwèké langsung ngrebut kembang telon sing dicekel Sartono sasuwéné ketinggal semaput. Ora takon jam pirané, bakuné wis kétok peteng, dhèwèké kudu énggal-énggal ngèstokaké dhawuhé Mbah Jayaguna. Yèn nganti wurung, tegesé kudu mbalèni pasa sepasar suwéné, lan miwitiné kudu nunggu dina Ngat Wagé sing ateges isih sewulan manèh.

Lega bisa nglarung kembang telon tanpa kècèr, Sartono nganthi Sawitri sing wis lungkrah tanpa daya. Kèlingan larané biyungé, Sawitri nangis manèh, sanajan saiki wis rumangsa lega bisa nindakaké laku kanggo mariné sang ibu.

Durung sida tekan mobil sing diparkir rada adoh, dumadakan ana sing nyorot sakloroné nganggo lampu sènter. Saking sulapé, Sartono ora bisa nyawang sapa sing nyorot dhèwèké.

“Padha ngapa bengi-bengi ana pinggir bengawan?” ujaré wong sing nggawa sènter mau kanthi kasar.

Durung sida semaur, wong mau mbacutaké tembungé. “Ngisin-isini, kelon kok ana kéné? Apa ora bisa nggolèk papan sing rada apik, piyé? Wong hotèl ya akèh, kok padha kelonan ana kéné!”

“Mboten, Pak. Niki wau mung sadrema netepi laku pados tamba kagem tiyang sakit,” ujaré Sartono.

“Ayyakkk, kakèhan alesan! Kéné KTP-né! Loro-loroné gawa mréné!” ujaré wong mau, sing jebulé pulisi.

“Ayo Mbak, kowé mboncèng aku! Kowé nyusul ana ngepos!” ujaré pulisi mau kanthi nggetak.

Tekan ngepos, pulisi mau masrahaké mangsané marang kancané, sing pangkaté sajak luwih dhuwur. “Iki, Ndhan, peteng-peteng padha main ana pinggir bengawan,” ujaré pulisi sing nyènteri mau.

Karo nyopir ngetutaké pulisiné sing mboncèngké Sawitri, Sartono tèlpun seduluré sing dadi pulisi, karepé njaluk bantuan. Ora let suwé, seduluré teka nanging ora nganggo klambi dhines. Pulisi sing lagi teka banjur ngajak minggir pulisi sing pangkaté rada dhuwur mau, rembugan ngadohi pos.

“Ya wis, mang kondur mrika. Mbok awit wau sanjang yèn nembé nglakoni, dadiné mboten kados niki,” ujaré pulisiné.

Sartono ngaturaké panuwun. Karo nampa KTP sing disita pulisi sijiné, Sartono ninggali dhuwit sèketan èwu telu sing diuntel-untel. Diulungaké wektu salaman, pulisiné wegah nampa. “Sampun, mboten mawon! Mboten usah kados niku,” ujaré pak pulisi.

“Kula niku mung sadrema nindakaké kuwajiban njaga katentreman. Wonten mriki pun kathah kedadèyan wong sing dirampok wayah dalu. Umumé nggih wong-wong sing padha nembé lelaku. Mula, biyasané sami lapor mriki supaya saged diawat-awati sanajan saking kadohan,” ujaré pulisi.

Sartono mbatin, pancèn bener omongané pulisi kuwi. Dhèwèké mbiyèn kerep maca kabar babagan perampokan ana koran, kedadèyané ya ing sakiwa-tengené papan iku. Nanging, akèhé perampokan iku malah sawisé Jurug resik saka wong-wong nakal sing mbiyèn padha adol awaké ana kana. Ya ora mokal yèn kaya mangkono, sebab jaman isih akèh wong wédok nakal mangkal ana kana, lanangan sing saba uga matikel-tikel cacahé, ora anom ora tuwa.

*) Matur nuwun kanggo Mas Edi Budianto sing wis maringi idé crita

9 thoughts on “Nglarung Kembang Telon

  1. wekekekkekeke…. (sing ping pisan ngguyu nyekakak)
    Pulisi basi, lagune sok kaya mengkono nek wus kecandak telpun saka atasan utawa kanca pulisine (komentar kanggo pulisi nomer loro)

    Sing ping telu….
    Aqu pas awal wulan iki July tanggal 2 ya oleh kahanan sing meh podho karo critane sampean kui Kang, lucuuuuu….

    Kaping papate, Matur Nuwunn….
    🙂

Leave a Reply