Gela Ditinggal Lunga

Saumpama gelem blaka, sing arané lara ora bakal ngambra-ambra. Gara-gara ditinggal lunga tanpa pamit kaya adaté, Lik Manto nesu keliwat-liwat, nganti ngudhal-udhal sekèh perkara sing kuduné ora perlu dijèrèng. Mesthi waé Mbak Cahyaningrum mencak-mencak-mencak rumangsa dikilani dhadhané.

Ana ngarepé wong akèh, Lik Manto pancèn nganggep Ningrum kaya sisihané. Dhèwèké ora trima yèn Ningrum sing setengah randha dièlèk-èlèk marang sapa waé. Karepé Lik Manto, dhèwèké pingin ngaling-alingi Ningrum, kanggo nyidhem guneman sing werna-werna lan ngarah dadi pitenah.

Ora tau duwé wedi digrenengi jalaran pancèn Lik Manto ora duwé karep piyé-piyé utawa luwih kaya sing didakwakaké marang kanca-kancané. Nyatané, yèn wis sakloron karo Ningrum, Lik Manto ya ora tau tumindak piyé-piyé, apa manèh kaya déné kuwajibané marang bojoné.

Kanggoné Ningrum dhéwé, Lik Manto pancèn dadi kaya kangmasé dhéwé. Ndilalah, kahanané ya wis ontang-anting, wong tuwané lan sedulur-seduluré pada transmigrasi ana Borneo. Ruwet-rentengé pikir, kerep diluwaraké ana ngarepé Lik Manto, sanajan ora kabèh dibukak bkal-blakan. Déné bisané tekan Boyolali, jalaran Ningrum melu calon bojoné sing nembe magang pegawé kabupatèn.

Cilakané, tangga-tanggané ana Banyudono ora ngerti sapa sejatiné Ningrum iku, sanajan tekané ana ndhésa kuwi ya wis padha ngerti yèn diajak déning Damar, lan dikenalaké tangga teparoné yèn Ningrum iku bakal sisihané. Rumangsa cedhak karo omahé sing dipanggoni, Ningrum kerep crita larah-larahé bisa kenal karo Damar. Sunarni, bojoné Lik Manto uga kenal apik jalaran Ningrum kerep ujug-ujug mlebu gandhoké banjur mèlu olah-olah. Biyasané yèn dhèwèke lagi sumpeg ana omah, utawa wegah nonton TV sing acarané dirasa njelèhi.

Bakuné, sejatiné antarané Ningrum lan Lik Manto ora ana apa-apa sadurungé kedadèyan wengi kuwi, wektu Ningrum, Lik Manto lan Mbah Gito padha jejagongan cangkruk karo nyegat baul wédang rondhé sing liwat. Suwé ora ana kabar, Ningrum nampa SMS saka Damar. Sajak ana kabar ora becik, Lik Manto nyawang ulaté Ningrum sing malih. Bubar guyon lakak-lakak malih mbesengut, banjur ngajak bubaran anggoné jejagongan.

Mung mesem pratandha pamitan, Ningrum lunga klépat. Nembé ésuké Lik Manto olèh kabar saka Ningrum yèn dhèwèké lagi regejegan karo Damar. Ora neges ora takon, Lik Manto mung sarwa maklum jalaran pisan-pindho ya wis naté krungu sambaté Ningrum.

Nanging Lik Manto kuwatir sing keliwat-liwat bareng sedina muput ora ana kabar saka Ningrum. Pikirané werna-werna, ngira ana kedadèyan apa-apa tumrap Ningrum. Lagi tengah wengi bisa tèlpun-tèlpunan, yèn Ningrum ngabarké apaik-apik waé kahanané. Ora trima, malah sajak sujana, Lik Manto banjur nesu-nesu rumangsa ditilapaké. Lagi sésuké Lik Manto bisa nemoni Ningrum.

“Ora biyasané kowé lunga tanpa kabar kaya ngéné. Menyang ngendi waé?”

“Aku lunga karo kanca lawas jaman nèng Pontianak, sing jebulé saiki manggon ana Sala. Dhèwèké tèlpun aku ngajak ketemu, ya dakladèni wong jenengé karo kanca lawas. Apa salah?”

Lik Manto meneng, ora bisa njawab. Nanging tetep sujana, yèn lungané Ningrum mung perlu seneng-seneng kanggo ngilangi sumpegé ati ditinggal Damar. “Ora ngono, yèn disawang tangga kowé lunga karo priya liya banjur piyé?”

“Lha ngapa Lik Manto ndadak nlesih urusanku? Apa aku ora duwé hak kanggo nentokaké uripku dhéwé? Ora usah nggawa-gawa urusanku karo Mas Damar. Aja-aja, sampéyan cemburu karo aku?”

“Sapa sing cemburu? Memangé awaké dhéwé ki sapa? Ora ana hubungan apa-apa, apa manèh babagan sih katresnan.”

“Ya wis, yèn ngono aja kakèhan mlebu urusan pribadiku, ora usah ngundhat-undhat apa sing wis tau daklakoni lan dakcritakaké. Aku butuh bisa mandiri. Aku isih kuwat ngrampungi apa waé sing dadi kuwajiban lan tanggunaku tanpa sampèyan. Wis ta, tinggalen! Aku ora apa-apa,” ujaré Ningrum, setengah nesu.

Mbujuk rembugan apik-apik kanthi lerem lan sirah ora panas wis kangèlan. Ningrum nangis banjur nyalahaké awaké dhéwé. Rumangsané, Lik Manto pingget atiné jalaran dhèwèké. Apa manèh, Ningrum kelingan yèn Lik Manto tau dadi seksi apa waé kedadèyan sing wis tau dialami. Nanging, sajaké tekadé wis gedhé, Ningrum pingin bisa ngadeg jejeg dhéwé tanpa dikancani Lik Manto manèh.

“Wis, Lik. Tinggalen waé, aku ora apa-apa. Ora usah kuatir marang aku, sebab aku ya ora kepénak yèn disawang tangga-tangga dikira awaké dhéwé ana apa-apa. Aja nganti Mbakyu dadi sujana mundhak rusak sedulurané awaké dhéwé. Wis, ndang lunga kana. Tulung…”

Lik Manto pasrah. Pamit lunga sawisé njaluk pangapura. Ing njero batiné, Lik Manto durung tega ninggalaké Ningrum ijèn, kamangka yakin kahanané lagi butuh kanca. Nanging piyé manèh, Ningrum wis njaluk dhèwèké énggal lunga. Tanpa nolèh, Lik Manto mulih. Ana ngomah, dhèwèké dheleg-dheleg, kèlingan kedadèyan sing kaya pangimpèn iku.

Nganti krungu jago kluruk, Lik Manto durung bisa turu. Wetengé sing uga kluruk uga ora digagas. Kamangka, sasuwéné Ningrum lunga, dhèwèké ora doyan mangan. Diakèhi ngombé tèh, kopi, udud, ngombé tèh manèh, mangkono saterusé. Krungu bedhug subuhan saka langgar kulon omahé, Lik Manto nembe menyat arep menyang kolah. Dhèwèké pingin adus bèn énggal krasa ngantuk lan bisa turu. Karepé, sawisé tangi, Lik Manto pingin weruh Ningrum ngguya-ngguyu kaya wingi, bèn dhèwèké bisa doyan madhang manèh.

3 thoughts on “Gela Ditinggal Lunga

Leave a Reply