Sido Kabul

Sido Kabul pancèn pinunjul. Paribasan modhal dhengkul wani golèk panggonan kanggo ndudul. Yèn ora percaya takon waé wong tuwa-tuwa Sala sing nakal semi-propèsional, nanging butuhé mung sadrema netepi laku urip munyal-munyal. Sak cekak utawa kanthong bolong tetep bisa ngalong: mabur nèng petengan, ménclok rada dhedhemitan.

Ya, Sida Kabul pancèn pinunjul. Nganti tekané akhir taun 1980-an utawa awal 1990-an, aku isih kerep krungu sènior-sènior kuliyahku nyebut papan iku. Jaré, kepénak kanggo rèndevu. Rada primpen, rada kiwa. Ujaré salah sawijining kanca, dhèwèké seneng mrono jalaran kèlingan ngendikané sawijining penggedhe rekiblik wektu Bung Karno arep kélangan daya lan panguwasa: Kuasai RRI sebelum pagi!

Kenapa mangkono, jebul yèn kebacut padhang, kancaku mau wedi yèn konangan kanca, tangga utawa malah kancan sekolahé anaké. Sanajan wujudé penginepan, sing kuduné sapa waé bisa nyéwa kamar kanggo nggléthakaké awak, nanging Sido Kabul kebacut kondhang dadi ‘hotèl tiga jaman’.

Sing dikarepaké dudu hotèl sing wis ana awit jaman pendudukan, jaman merdika lan tekan jaman Soeharto kuwasa, nanging hotèl sing cukup diséwa saperluné: telung jam waé. Kaya semboyan program Keluarga Berencana: telung jam cukup, lanang-wadon padha waé!

Embuh piyé larah-larahé, sanajan Sido Kabul cukup popilèr tumrapé wong-wong Sala, nanging ora pendhak wong wani crita blaka yèn tau mrana utawa nembe mulih saka kana. Arep diarani jaim uga kena, nyatané yèn ngaku njalari tuwuhé rasa pakéwuh karo si A si Bé. Sèniorku tau ngalami. Mulih saka kana, kaosé kuwalik. Jalarané sepélé, wektu chèck in kahanané wis menthit, kakèhan kelebon topi miring utawa banyu saka Sovièt.

Nanging salah sawijiné crita ngenani Sido Kabul sing ora marakaké aku lali mung siji. Yaiku wektu ana bocah bingung nggolèki dosèné kanggo konsultasi skripsi, nanging dikongkon nyusul ana Sido Kabul.

Mangkéné critané:

Awan-awan ing sawijining dina, ana bocah wadon ngolèki dosèn pembimbing skripsiné sing arané Pak Rajoko. Digolèki ana kampus lan omah ora tau ketemu, bocah wadon mau teka ana warung mangan sing biyasané kanggo kumpulé dosèn karo kanca-kancané. Wis ping pindho bocah mau teka mrono, nanging ora ketemu.

Teka sing kaping teluné, bocah iku banjur dikandhani déning Pak Lélur, supaya nakokaké dosèn mau marang resèpsionis Sido Kabul.

“Sampéyan mang mrika mawon, Mbak. Yèn mriki napa dalemé mboten wonten, paling-paling wonten mrika.”

Gandhèng kétok ora mudheng, bocah mau banjur diwènèhi ancer-ancer supaya énggal nyusul menyang Sido Kabul. Ora kakèhan takon, bocah mau gagé-gagé lunga sawisé ngaturaké panuwun.

Dina sabanjuré, dosèn Rajoko teka ana warung kuwi. Pito montoré dijagragaké, nyedhak warung banjur muring-muring. “Bajingan! Sapa sing wingi blawanan ngongkon mahasiswaku nggolèki menyang Sido Kabul?” ujaré Rajoko.

Pak Lélur semaur. “Ko, kowé ora usah nesu-nesu kaya ngono kuwi. Mbok duwé welas sithik. Genah bocah arep ngrampungaké skripsi waé diangèl-angèl. Mesakaké bocahé, uga wong tuwané sing wis rekasa golèk biaya sekolahé.”

“Nanging ya aja kaya ngono carané. Gawé wirang waé…..!”

“Lha kok ndadak wirang ki ya ngapa? Wong nyatané sabamu ana kana.”

“Dudu babagan kuwi. Mau bengi bocah kuwi teka nèng omah. Jaré bar saka kéné, banjur soréné menyang Sido Kabul nggolèki aku. Sarèhné ora ketemu, banjur bablas menyang omah.”

“Lha wis ketemu, ngapa isih nganggo muring-muring?” ujaré Pak Lélur.

“perkarané, durung sida lungguh, bocah kuwi ngomong yèn bar saka Sido Kabul. Gèk ngomongé banteré ora mekakat. Yèn krungu bojoku apa ora dadi gendra? Bejané bojoku lagi olah-olah nèng gandhok.”

“Alaahh….. Mung ngono waé kok bingung. Kaya ora tau saba Sido Kabul tenan……”

“Wong édan! Bojoku ki yang sujana karo kancané sing gawéyané nyindhèn. Nanging yèn nganti ngerti aku kerep mrono apa ora nyulayani? Cangkem wong tuwa-tuwa kok senengané blawanan, ora mesakaké kanca!”

Pak Lelur mung nyengèngès. Ora wangsulan akèh-akèh, nanging kepara cèkat-cèket nglebokaké barang-barang kata buku lan sapanunggalané ana ngetas. “Wis, aku mulih sik, Ko. Terusna yèn mung arep muni-muni….”

Dosèn Rajoko mangkel. Atiné dhongkol jalaran dadi bahan gojègan pacé-pacénané kanca-kancané dhéwé. Sanajan mangkono, dhèwèké seneng rumangsa luwar saka bebaya: konangan bojoné yèn kerep mlebu-metu Sido Kabul karo dhemenané.

Sapungkuré Pak Lélur, Rajoko klècam-klècem dhéwe. Kanthi mbatin, dhèwèké ngucap, “Gusti Allah pancèn tresna marang aku. Panyuwunku supaya ora konangan bojo, jebul klop karo papan kesenenganku.”

*) Katrangan sithik: gandhèng ana kleru/kekurangan sing nuwuhaké protès, tulisan ing ndhuwur wis dakowahi, yaiku babagan ngendikané Bung Karno. Nyuwun ngapura…

8 thoughts on “Sido Kabul

  1. Gusdjar

    Sae sanget tulisan njenengan niku, kula mesam-mesem kaliyan nyemak. Nanging wonten ralat lho sing ngendiko Kuasai RRI sebelum pagi! niku sanes Bung Karno, tapi Jenderal Sarwo Edhi Komandan Kopassus mertuanya pak Beye…ngih nopo nggih….nuwun

Leave a Reply