Sugih Mung Sewengi

Sugih mung sewengi, sawisé malah wedi. Kipa-kipa ora gelem mbalèni, mengkirig mbayangaké yèn nganti mlebu mbui. Nganti pirang-pirang sasi, Mas Bandi ora tau klayaban bengi-bengi. Saben metu bengi, rumangsané kaya ana sing mbuntuti, ngetutaké saka mburi, nginthil menyang ngendi waé parané.

Arep ngilangi spion pit montoré, wedi yèn nganti kena mukmènan pulisi. Apa manèh rebuwèsé wis telat telung sasi durung dianyaraké. Ndilalah, tanggapan lagi sepi. Bisané mung nyekel gitar mélodi kanggo ngiringi lagu-lagu top forti, nanging wong Sala saiki lagi kédanan kroncong asli, rada nyirik campursari. Apes. Mas Bandi rumangsa lagi apes.

Jan-jané, gara-garané mung sepélé. Kedhuwuren mabuk ngombé ciu karo kanca-kancané, dhèwèké ora wani mulih. Wedi marang bojoné sing galaké ngalahaké asu manak, dhèwèké pilih mubeng-mubeng kutha, ngisis ing pangajab bisa ngendhokaké mendemé. Saka Kampung Sèwu, ngalor anggoné mlaku, liwat Jagalan banjur Sekarpacé, ménggok ngétan nganti tekan Palur. Mripaté sansaya blawur, Mas Bandi banjur bali ngulon lan mandheg ana pénggokan kulon kreteg Jurug.

Sepedha montoré dijagragaké, banjur nglékar ana sandhuwuré saking aboté sirahé. Lungguhané Honda GL pancèn rada amba tinimbang sepedha montor liyané, mula kepénak tenan kanggo nyèlèhaké awaké Nyawang lintang ana langit sing resik, katon biru digebyur cahyaning rembulan. Gandhèng wis kedhuwuren sing mendem, ora let suwé banjur keturon. Nglésus. Jakèt kulit warna ireng ngrukupi awaké saka adhem, sepatu pantaloné sing njanges uga dadi srana nutup sikil saka embun sing wis padha tumurun, déné rainé cukup diamping-ampingi topi.

Turu nglepus, angler banget jalaran mabuk, nganti ora krasa yèn kerep ana montor sing mandheg, yaiku truk-truk sing golèk dalam sidhatan supaya énggal tekan Pasar Legi utawa Pasar Gedhé. Kuduné ngulon bablas, nanging pilih padha ménggok liwat Pucangsawit bèn ngirit wektu, tur golèk sepiné lurung. Saben mandheg, ora luwih saka rong menit, mesthi ana sing mudhun saka montor, mlayu nyedhaki Mas Bandi banjur nyèlèhaké dluwang ana dhadhané. Ana puluhan èwu, ana limang èwunan.

Sing genah, ésuk-ésuk Mas Bandi melèk, dhèwèké kagèt banget. Menyat saka turuné, dhuwit-dhuwit dluwang mau padha gogrog ana aspalan. Lingak-linguk ora ana wong sing weruh, dhuwit mau dijupuki siji-siji dilebokaké ana kanthongan jakèté. Dhèwèké dhéwé bingung arep dikapakaké dhuwit-dhuwit kuwi. Ditinggal éman, wong dhuwité ya akèh tenan, apa manèh lagi wayah sepi tanggapan.

Rampung nganthongi, Mas Bandi nyetater sepedha montoré banjur nggenjrit, mulih. Sirahé isih gliyang-gliyeng, nanging wis luwih kepénak tinimbang sadurungé turu mau. Dhèwèké durung kober mikir, déwa apa sing wis mènèhi rejeki nomplok kaya ngono kuwi.

Tekan ngomah, bojoné wis rampung anggoné nyapu latar. Gagé-gagé menyang mburi nggodhog banyu sawisé weruh Mas Bandi wis tekan omah. Wedang kopi kesenengané bojoné kudu dicepakaké, jalaran ya mung kuwi sing disenengi Mas Bandi saben ésuk. Déné sing wadon ngracik wédang ana gandhok, Mas Bandi raup, ngresiki rai karo ngiras-ngirus nyuda nggliyengé.

Éthok-éthok ngising, Mas Bandi ngétung dhuwit sing mau bengi gemlethak ana dhadhané. Jebul, gunggungé ana Rp 325 èwu. Yèn sak montor ninggali Rp 10.000, tegesé paling ora ana 32 truk sing mandheg ninggal dhuwit. Iku tegesé, truk-truk mau padha niyat nyogok, ninggal setoran timbang ketemu sempritan lan layang thilang, bukti pelanggaran, sebab liwat dalan sing ora diolèhaké kanggo truk-truk muatan, embuh momot beras, pohung, pisang, kenthang utawa sayur-sayuran saka Tawangmangu.

Saka kedadèyan bengi kuwi, Mas Bandi dadi wedi. Wedi yèn nganti ana sing ngonangi dhèwèké wis ngrayah jatahé petugas. Mula, sawisé dina iku, dhèwèké wedi dolan ing wayang wengi.

Theklak-thekluk neng kamar mandi sing campur wc, dhèwèké lali yèn ana téras wis dicepakaké wédang kopi. Saumpama lawangé ora digedhor bojoné, mbokmenawa Mas Bandi nerusaké turuné, karo ndhodhok nèng ndhuwur wc.

6 thoughts on “Sugih Mung Sewengi

  1. nonreni

    ndas gundul dikepeti
    mendhem sing ngrejekeni
    klenger sing ngasilke
    caturan sing megelake, he he he, ojo nesu, ojo ngambek

  2. salam..
    wah jan moco critane dadi nuwuhake roso bathin….yen sing mlarat mung sewengi ???? kawulo tenggo seratan seratan lajengipun…
    salam…suwun

  3. kekekekekek.

    dadi kelingan kanca pabrikku sing tau mlaku-mlaku kanthi nganggo jaket ireng tur kaca-mataan ireng. dasare priyayine gedhe dhuwur tur rambute dicukur cepak, wong umum sering kleru nganggep dewekne pulisi.

    ono sawijining dina, dhewekne arep dolan nang nggone kancane. nah. pas ngepasi sak gerombolan wong sing lagi padha main ana pinggri ndalan, njuk dhewekne mudhun saka mobile. karepe, arep takon alamate kancane kuwi mau amarga alamat kang diwenehi kuwi ora patia genah.

    lha jebul wong-wong kuwi malah bubar lan padha mlayu sak kayange. kari bakul warung kelontong sing ora isa mlayu amarga kudu nunggoni dagangane.

    kancaku (K) kuwi mau banjur nyedhaki dhewekne. lha jebul bakule (B) malah ndredheg lan pucet keweden.

    B: kula mboten ngertos napa-napa pak. saestu. saestu. sanes kula.
    K: hush. aku ki dudu pulisi. aku ki mung arep takon. sampeyan ngerti kancaku iki ora?

    kanthi menehi secarik kertas catetan. cahyane bakule kuwi mau langsung jenggirap sumringah.

    B: uwalah pak. tak pikir iki are garukan pak, pak….

Leave a Reply