Suparto Brata: Blogger Sepuh Crita Nyembrèt Kutang

Sepuluh dina kepungkur, aku olèh kanugrahan saka Pangèran Ta’ala. Nyowani Pak Harsoyo alias Pak Arjo jalaran wis suwé ora ketemu, rasané aku kaya njegur ana sajroning Umbul Mantèn ing Janti, Polanharjo. Banyuné bening, tansah anyep lan seger kanggo ciblon. Ndilalah kersaning Allah, mungkasi jagongan wong loro iku, Pak Arjo nuduhaké buku ngenani Jawa lan basa Jawa, sing pirang-pirang cacahé.

Pak Suparto Brata
Pak Suparto Brata

Gandhèng lagi kemecer ajar basa Jawa, aku nyilih siji. Dom Sumurup Ing Banyu (DSIB), novel anggitané Pak Suparto Brata dakgawa mulih, perluné arep dakwaca kanggo nyocokaké, mbokmenawa tulisan-tulisanku isih akèh sing klèru. Saliyané iku, aku butuh golèk panutan supaya tulisan-tulisanku bisa mundhak apik lan tembungé karoncé kanthi becik lan trep. Asmané Pak Parto wis suwé dakrungu, nanging durung ngerti kaya apa kara-karyané.

Mula, Dom Sumurup Ing Banyu banjur bisa sinebut dadi novel basa Jawa sing sepisanan dakwaca. Yèn crita cekak utawa tulisan-tulisan popilèr nganggo basa Jawa, aku wis tau kenal saka majalah Jaya Baya, Panyebar Semangat utawa rubrik basa Jawa ana koran-koran. Nanging, iku wis biyèn mula wektu aku isih SMP, rikala pamanku sing ngasta guru SD isih sugeng.

Lagi mbukak pirang-pirang kebèt, aku wis ngrasakaké ceblok dhemen marang tulisané Pak Parto. Juanggkrik! Dhahsyat tenan! Aluré dramatiké kepénak, lan ana pérangan-pérangan sing meksa aku kudu ngguyu ngakak. Kaya déné nonton filem James Bond, ana DSIB aku nemoni adegan wong lanang nyembrèt kutang, banjur tangané ngraman lakang, alesané sandhangan jerohan kang bahané saka nilon iku ora pantes diagem déning putri rekiblik. Mèmper-mèmper nggunakaké sèntimèn antinéolib yèn nganggo tembung cara saiki.

Kamangka, olèhé nyembrèt kutang lan grayangan menyang lakang kuwi mau mung kanggo perlu sing mligi lan sawiji, nuntasaké brahi! (Yèn kemecer pingin maca, mangga golèk dhéwé bukuné).

Saka Pak Arjo sing sejatiné jagoan sastra Jawa, aku ora mung ditepungaké Pak Parto lumantar bukuné. Ndilalah, dina Ngad utawa Akad, 14 Juni, Pak Parto dirawuhaké ing Sala déning Galeri Soedjatmoko dadi salah sawijiné pujangga Jawa kontemporèr ana diskusi babagan budaya Jawa kang jejuluk Wong Jawa Ilang Jawané.

Novel Dom Sumurup Ing Banyu
Novel Dom Sumurup Ing Banyu

Ésuk ketemu ana papan diskusi, benginé aku nemoni Pak Parto ana dalemé Pak Lis utawa Suliyanto DS, seniman kang naté nggedhèkaké paguyuban sandiwara basa Jawa sing wis kondhang kawentar ing nuswantara, yaiku Téater Gapit. Critané akèh, manékawarna. Aku ngangsu sakèh-akèhé, mumpung ketemu suhu, nyecep ilmuné guru.

Sing tansah dakéling-éling, Pak Parto ngendikakaké perluné maca lan nulis. Tekun maca tundhané olèh kepinteran, déné baud nulis bakalé bisa nglestarèkaké lan nularaké crita lan ilmu kanggo sapa waé, ora mung ing wektu saiki nanging tekan tembé, embuh kapané.

Awit bocah jaman urip ing Sragèn, mangkono ngendikané Pak Parto, wis dhemen maca buku. Pindhah Surabaya semono uga, kepénginané malah sansaya werna-werna lan kepinterané cepet ngrembaka. Buku-buku wacan basa Inggris lan Walanda, kabèh diwaca. Sekèh buku, ora mbédak-mbédakaké sanajan miturut ngendikané luwih seneng crita detektip. Sepisanan, buku-bukuné Agatha Christie terbitan Penguin sing akèh dilalap.

Saking senengé maca lan nulis, saka sakjam ngendikané wektu sapejagong karo aku lan kancaku, bengi iku, aku rumangsa wis éntuk ilmu akèh banget. Meneng-meneng, nyimak saka kabèh critané malah isin dhéwé. Sing dakwaca durung apa-apa, sing dakngerteni ora ana sakuku irengé. Puokoké, wuisin pol! Coba, priyayi wis yuswa 77 taun kok isih kersa maos Laskar Pelangi-ne Andrea Hirata barang, iku ora klebu ‘kurang gawéyan’? Andhap asor tenan, Pak Parto iku.

Novel Kunarpa Tan Bisa Kandha
Novel Kunarpa Tan Bisa Kandha

Sadurungé pamit mulih, aku disangoni ilmu awujud buku, uga crita detèktip, kang judhulé Kunarpa Tan Bisa Kandha. Timbang isin ngaku cubluk nanging tambah bodho, tur ora ana wong akèh, aku banjur wani takon marang Pak Parto: kunarpa niku napa ta, Pak?

Pak Parto banjur njlentrèhaké, yèn sing diarani kunarpa iku ora liya ya jisin, jasad utawa mayit, racaké kanggo nyebut korban rajapati. Kira-kira, kaya mayit sing ditliti para dokter forènsik jalaran sédané ninggal teka-teki.

Oh, iya, siji manèh sing perlu dakcritakaké ana kéné. Sanajan wis sepuh, Pak Parto isih rajin korespondhènsi lumantar émail. Tepungané akèh, ana negara ngendi waé ana. Aku seneng, aku bungah. Apa manèh, Pak Parto iku duwé kesenengan kaya aku, yaiku nge-blog. Nganyari posting diayahi dhéwé, njawab émail uga trengginas. Dikirimi SMS waé uga cepet anggoné mangsuli.

Jiaaaannnn, Pak Parto iku pancèn pantes dadi idhola, kanggo panutan sapa waé. Blog-é lumayan aktip yaiku http://supartobrata.com/ lan http://supartobrata.blogspot.com/.

Anané aku nulis ana kéné, jalaran Pak Parto nitipaké weling marang aku, kan ditulis ana buku sing diparingaké marang aku: Mas Blonthang (nganggo th lan g), yèn èlèk critakna marang aku, yèn apik critakna marang wong liya. (sajaké, Pak Parto kerep mlebu rumah makan Padang)

Pak Parta, kula sampun netepi dhawuh panjenengan. Nyuwun pangestu, kula badhé ngangsu……………. Nuwun.

Leave a Reply