Wong Ndhésa Ngrembug Néolib

Senthun lungguh dheleg-dheleg ana sejroning gubug. Omah-omahan saka pring kang diedegaké ana pojok sawah limalas taun kepungkur iku isih katon pengkuh, malah isih kuwat nyangga wong papat yèn para tani pinuju nunggu pariné. Mbiyèné dipayoni rapak, nanging wis limang taun diganti gendhèng jalaran wis kangèlan golèk godhong tebu dianam dadi payon.

Sawahé bera, macul seprapat pathok waé wis krenggosan. Sanajan mangsa ketiga lagèk waé anyak, nanging lomahé wis atos ora karuwan, kaya-kaya mung marakaké gowang paculé. “Saumpamané Lik Naya isih duwé kebo, mbokmenawa aku ora bakal nemoni rekasa kaya ngéné….” Senthun gemremeng. Cèrèté wis arep asat, sedhéla-sedhéla ngombé banyuné.

“Lèrèn, Thun?”

Apal karo swarané, Senthun semaur sakenané. “Sing ora kudu lèrèn ki priyé, wong lemah atosé ora mekakat, ngalahké watu lintang.”

Lik Manto sing nembé teka banjur mèlu nggloso, njèjèri Senthun. Ora nggawa pacul, tekané kono mung modhal caping karo cangkingan rantang, cèrèt lan cangkir gembrèng. Lik Manto arep ngirim sega kanggo rolasané tukang nggaru sawahé sing nganggo traktor.

“Kowé mono kepénak awaké, kuwat mbayar tukang nggaru sak nglukuné. Lha, aku sing mung bandha bau, nggaru-ngluku ya kudu udhu bau. Saumpama Lik Naya isih duwé kebo mono, aku isih bisa sraya dhèwèké,” ujaré Senthun.

“Iya, ya? Saumpama isih ana wong gelem ngingu kebo, aku ya ora kudu nganggo traktor sing séwané tikel tekuk ping teluné regané Lik Naya,” saurané Lik Manto.

“Sing gelem ngingu kebo ki ya, sapa. Dalan-dalan waé kabèh diaspal utawa dibeton, mongso suket gelema thukul. Lha keboné dikongkon mangan krikil apa? Coba, yèn galengan-galengan dadi sansaya ciut ngono kuwi, sing arep ngarit suket njur menyang ngendi? Lapangan sing mbiyèn bisa kanggo bocah-bocah angon kebo, saiki malah wis didadèkaké pasar….,” ujaré Senthun.

“Ééé…, Thun. Mau bengi neng tipi kok ana priyayi Jakarta ngendikaké babagan néolib. Kowé ngerti apa ora?”

“Embuh, Lik. Dakkira ki ya kaya déné lipenstik. Ning kok kayaké dudu kuwi dikarepaké. Wong saben ana sing muni néolib, lan mesthi ana gandhèng cènèngé karo pilihan présidhèn, ki,” ujaré Senthun.

“Lha ya kuwi. Awit mbiyèn ki, aku ya ora tau krungu unèn-unèn kaya ngono, kok mbasan jumedhulé Pak Budiono kok saiki dadi ramé babagan néolib kuwi. Jaré wong-wong nèng tipi kaé, Pak Budiono sing ngancani Pak SBY kuwi anthèké IMF. Kuwi lho, sing jaréné rèntenir sing gawéné potang kanggo negara-negara kéré kaya nggoné awaké dhéwé iki. Malah, jaréné layang kabar kaé, mlaraté negarané dhéwé ya jalaran diblebeg utang karo IMF, Bank Dunia lan sapanunggalané kuwi.”

“Dadi, kuwi ora ana sambung rapeté karo bèngès, sanajan nganggo ukara lip-lipan barang,” Lik Manto mbacutaké.

Sajak kaya ngerti-ngertiya dhéwé, Lik Manto terus ndremimil mbacutaké sesorahé. Sanajan mung pènsiunan pegawé ndhèk-ndhèkan, Lik Manto pancèn linuwih sakabèhé tinimbang Senthun sing mung pedhotan SMP kelas loro. Ya pendidikané, ya bandhané. Sanajan pensiunané mung sangangatus èwu sewulan, nanging sawahé ana pirang-pirang. Panènané bisa kanggo nyekolahaké anak-anaké, telu cacahé, ana Universitas Sebelas Maret. Mula ora maido, Lik Manto ora kabotan nyéwa traktor kanggo nggulawenthah sawahé.

“Lha sing diarani néolib kuwi sing kepriyé to, Lik?” pitakoné Senthun.

“Kowé ki piyé to, Thun. Néolib iku ya tatakramané utang-piutang negara siji lan sijiné, sing mlarat lan sing sugih mblegedhu.”

“Sing sugih ki sapa, sing mlarat ya sapa? Yèn ana kéné kan wis cetha, aku kesrakat, Lik Manto sing sugih……Ya, to?” ujaré Senthun.

“Hush! Dhéwé ki padha waé,” jawabé Lik Manto. “Coba gatèkna, saben wayah tandur, aku kudu nyepakaké dhuwit pirang-pirang yuta kanggo nyéwa traktor, nyedhot banyu nganggo dhisel, lan tuku rabuk sing regané sansaya dina sansaya mundhak larang. Durung obaté, éndrin lan sapanunggalané iku kabèh rak ya muni ta regané? Beja, sawahmu ora amba, dadi, modhalé ya ora akèh.”

Ngalor-ngidul padha ngayawara ngrembug néolib, kamangka ora ana sing padha ngerti sejatiné néolib. Rumangsané, angèlé golèk banyu ora ana sambung raketé karo praktèké néoliberalisme ekonomi sing mbiyèn mula dimungsuhi Soekarno lan banjur diterusaké déning Abdurrahman Wahid.

Kamangka, angèlé banyu jalaran wit-witan wis ora ana, kebonan digantèni wit-witan beton kanggo padha ngéyup. Udan salah mangsa wis mataun-taun, ketiga ngerak bisa wolung sasi-sangang sasi suwéné. Bisa uga udan telun sangsi muput tanpa kendhat banjurnjalari banjir ana ngendi-endi. Kabèh mau jalaran alas wis resik, ditegori banjur didol nèng luwar negri utawa dijenang dadi bubur kanggo gawé dluwang.

Ora ana réboisasi sing lumrah, jalaran sing duwé HPH pilih nyogok pejabat supaya bisa ngasak anggoné mbabati alas. Ora kurang uga, akèh pabrik-pabrik raksasa saka manca negara sing nyéwa lemah, ngedhuk isiné puluhan taun suwéné, lan bathiné digawa mulih menyang dhangkané dhéwé-dhéwé.

Larangé banyu banjur nglarisaké dodolané dhisel lan traktor, mesin-mesin séwan sing digawé déning pabrik-pabrik saka Jepang, Koréa, Jerman, Amérika lan sapanunggalané. Ana kutha-kutha, wong-wong padha tuku banyu PAM, sing rega meterané sapérangan akèhé kanggo nyaur utang menyang Bank Dunia utawa Bank Pembangunan Asia lan sapanunggalané. Wong-wong kutha diwedèn-wedèni yèn banyu sumur ora séhat kanggo mangsak jalaran akèh baktèri, mula beciké tuku menyang PAM utawa blanja banyu galonan sing pabriké duwèké Prancis lan Amérika.

Aja manèh mung banyu, gathukané sing aran sabun adus, sampo lan sabun kumbahan waé, sanajan digawé ana Tangerang, Bekasi, Sidoarjo lan kutha liya-liyané, pabriké diduwèni wong Walanda. Lampu-lampu sing temèmplèk ana omah-omah uga duwèké Walanda. Kabèh bathiné digawa lunga, Éndonésa mung kumanan nyéwakaké lemah lan tenaga. Ora ana liya.

Pajek tambah manékawarna wujudé, rakyat tambah rekasa blanjané. Rabuk sing dibutuhaké kadang tani ana pejeké, saumpama ana tembung dimurahaké, sejatiné disubsidi déning negara sing pikolèhé dhuwité ya saka utangan. Dadi, rakyaté sing nanggung utang kang diputusaké déning para penggedhé ing Jakarta kana.

“Lik…. Lik Manto……!” Senthun nggugah kancané rembugan sing keturon jalaran sajak kesayahan. “Wis kawanen, lho. Mengko bauné selak keluwèn. Ndang, kirimané diterké sik waé, mengko diterusaké manèh jagongané.”

“Wah, blaik! Klakon gemremeng iki sing nggarap sawahku,” ujaré Lik Manto.

Menyat ngadeg karo ucek-ucek mripat, Lik Manto takon marang Senthun, “ Kowé sésuk arep milih présiden sapa, Thun?”

“Mbuh, Lik… Kabèh ya mung dodolan rakyat waé, kok. Bu Méga, jaman éntuk kanugrahan awit Gus Dur dipeksa lèngsèr saka Istana, ya malah kakèhan kélangan tambangé negara, kaya Indosat lan liya-liyané. Jaré prorakyat, kok nyandhangé larang-larang, montoré akèh, pom bènsiné ya akèh banget. Gèk mas-masané pating krempyang, marakké pingin.”

“Kowé thik pinter temen, Thun!” ujaré Lik Manto.

Sajak ora ngglapé, Senthun mbacutaké kojahé. “Pak SBY ya padha waé. Jaré, saiki awaké dhéwé kudu nanggung utangé negara luwih akèh tinimbang wingi-wingi. Pak JK dakkira ya padha waé, wong dadi wakilé Pak SBY, mesthiné ngerti lan melu mutusaké apa sing becik kanggo negara lan rakyaté. Nyatané??? Aja-aja mung mèri waé, wong dhèwèké ya pengusaha, paling wataké ora beda akèh karo pengusaha-pengusaha ndonya ngendi waé.”

“Kowé ki malah nggladrah, Thun. Wis, aku dakngeteraké kiriman sik…..,” ujaré Lik Manto kang banjur pamit mbacutaké lakuné.

Rumangsa wis rada bergas manèh, Senthun mlaku nengah, nerusaké maculi sawahé. Lemahé atos, paculé ora bisa mangan lemah kanthi jero. Karo ngipataké lemah ana paculé, Senthun mikir piyé carané ngempukaké lemahé. Sepisan manèh, dhèwèké pasrah. Macul satekané, dhèwèké sambat marang Gusti Allah. Sanajan mangsané wis mlebu ketiga, mbok menawa diijabahi. Cupet ilmuné, nanging tansah kèlingan janjiné Gusti Allah ana Surat Yasiin ayat 82. Apa waé bisa kelakon.

Sanajan ana pilihan loro cacahé, yaiku nyéwa dhisel utawa ngentèni udan salah mangsa, Senthun milih sing kaping loro. Ora duwé bandha, luwih becik ngupaya upa kanthi prasaja.

Leave a Reply