Ibu Milara Bayiné

Soré iku langité resik, tanpa mega. Padhang njingglang, sunaré rada kuning. Srengéngé katon éman netepi wajibé kudu angslup, malah ngutus candhik ayu ngancani warga désa sing pada lagi nglumpuk ana ngebuk. Sisih kiwa dalan ana kira-kira wong lima, kosok balèné ing buk tengen dalan luwih akèh, watara lipet teluné. Anom-sepuh, lanang-wadon, ora kèri siji-loro ibu-ibu ngemban bayi.

Sajak tentrem ayem para warga, manggon ana omah-omah anyaré sing katon sragam: ya ambané, bentuké lan warna cèté. Wujudé kaya pomahan anyar ing Kutha Sala, jinisé RSS sing dicepakaké kanggo wong sing dipeksa narima jalaran wis ora ana lemah amba, apa manèh sing murah. Jèntrèk-jèntrèk tur cilik-cilik, kaya pagupon sing nembe rampung digawé, mula kudu nèmplèk lemah.

Sadurungé mlebu dhésa anyar kuwi, anggonku numpak pitmontor rada yak-yakan. Ketemu bulak dawa, pinginé banter kaya playuné raseksa. Gasé waé prasasat ora tau disuda. Dhasar umur isih mudha taruna, drajaté mahasiswa tur ketambahan penggawéyan sing klebu peng-pengan wektu semana. Dadi wartawan, sanajan mèluné koran cilik tur ora patia kondhang, nanging wis cukup kanggo gemblèlèngan. Bayaran sithik ora nyilikaké ati, wong nyatané malah bisa dadi modhalé kemaki.

Ngerti ana wong numpak Honda arep mlebu satengahé dhésa, katon saka kadohan, para warga kang sapérangan padha ngadeg ana ing satengahé dalan, enggal-enggal sumingkir. Ngaturi margi kanggo wong kemaki. Mbokmenawa, para priyayi desa iku malah duwé anggepan putrané penggedhé lagi ngersakaké liwat.

Dhasaré pitmontor isih klebu tumpakan larang. Ora pendhak wong kuwat tuku, apa manèh kanggoné wong ndhésa, sing uripé ana tengah alas satengahé ing laladan Kedungombo. Kanggo mangan waé, paribasané kudu diréwangi lelaku, yaiku ramban godhong jati utawa mronggoli pang-pang garing saperlu diiolaké dhuwit banjur kanggo nempur beras, uga jagung kanggo campuran adang. Pari ora urip, kajaba ing mangsa rendheng, saluwihé kanggo tandur tela pohung utawa jagung.

Sangsaya nyedhaki papané warga kang nembé jejagongan, aku ngerém supaya pitmontor bisa mlaku luwih alon. Kambon Sala, dunungé para raja lan kebak priyayi menjila, aku dadi éling tata krama. Kepriyé waé, aku uga wong ndhésa, sing ndilalah nglakoni urip ana kutha, Surakarta Hadiningrat. Langsam lakuné pitmontor, pamrihé bisa uluk salam kanthi gandhang, cetha tinampa ana talingané para warga dhésa.

Kurang limolasan mèter, dumadakan ana bocah lanang umur karotengah taunan pingin nyebrang. Ibuné mbengoki supaya bocah iku nolèh lan bali marani dhèwèké. Dhasar bocah durung udur, nolèh tetep dilakoni, nanging tetep waé mbablasaké lakuné. Wis lumrah bocah sing nembé tètèh mlaku mesthi lagi seneng-senengé playon. Ibuné njerit, ngranggèh bocahé sing katon kagèt.

Aku tetep mlaku alon-alon lan bocah iku wis kasil dikanthi déning ibuné, sing banjur mèsem, mènèhi pratanda supaya aku énggal-énggal liwat. “Ndhèrèk langkuungg, Paakk…,” ujarku, kanthi ndhungklukaké awak.

“Mangg……,” jawabé para priyayi mau. Ora diterusaké, nanging kapenggak anggoné njawab uluk salamku. Mripaté padha tumuju ana papan ing sisih kiwaku.

“Léééé…….!!!” ujaré ibu mau. Jebul, bocahé mberot, banjur mlayu pingin nyebrang.

Aku kagèt, sikilku ngidak rém kanthi dumadakan, lan tangan tengenku uga nyandhak rém ngarep. Kurang saka semèter saka pitmontor sing daktumpaki, bocah mau tiba mengkurep. Aku ora wani nyawang, jalaran yakin ora bakal bisa ngéndhani. Jaraké wis kebacut cedhak.

Gegerku kambrukan kanca sing dakboncèngaké. Awaké gedhé, nanging aku wis ora krasa apa-apa. Semrepet, mbayangaké si bocah keplindhes rodha ngarep. Apa manèh aku ora krungu tangisé bocah.

Aku kagèt bareng krungu swara tangisé si bocah. Umpama telat, sekilan manèh waé ban pitmontor sing daktumpaki wis ngremuk guluné. Ana tangis, ana urip.Rada ayem, nanging uga dheg-dhegan. Aku wis mikir sing ora-ora, malah kepara yakin sedhéla manèh bakal direncak para warga.

Sawetara ora ana tumindak apa-apa. Aku nyetandratké pitmontor ing tengah dalan, énggal-énggal marani bocah sing wis dibopong ibuné. Ora kelepyan, aku ngaturaké panyuwunan ngapura marang para warga kana, kan jinawab kanthi bebarengan, jaré ora apa-apa.

Ana sisih kiwa dalan, bocahé nangis nganggo njerit. Bokongé ditaboki ibuné, kanthi tambahan ngonèk-onèkaké bocahé yèn nakal, kurang ajar lan sapanunggalané. Aku gumun, bocah durung udur kok malah didukani, tur nganggo dicethoti lan ditaboki. Bocah banjur dakparani, pingin mangerteni ngendi waé sing babak utawa tatu, sebab mesthiné dhadhané uga ampeg jalaran tiba mengkurep ana dalan makadham. Watu kapur lan krikil pating pendhosol ora rata.

“Cobi, Bu, dipun tuwèni tatunipun? Mbokmenawi wonten ingkang besèt, badhé kula padosaken tèntir,” ujarku marang sang ibu.

“Mboten, Pak! Mboten napa-napa. Wong niki laré kula sing nakal… Pun, mboten napa-napa,” wangsulané ibu. Bocahé isih nangis, tangané ibuné isih cengkiling, naboki putrané. Saka sisih tengen, bapak-bapak uga ngendika yèn bocahé ora papa, malah aku dijaluk énggal ninggalaké dhèwèké, karepé supaya aku énggal nerusaké laku.

Tarèn karo kancaku, aku banjur ngulungaké dhuwit gambar Kartini, telu cacahé. Karepku, kanggo tinggalan mbokmenawa mengko utawa mbésuké diperlokaké kanggo mbayar mantri utawa mbutuhaké obat. Dhuwit ditampik, warga liyané mèlu-mèlu kandha yèn aku ora perlu ninggali dhuwit.

“Pun…Mboten napa-napa, Pak. Dipun tilar mawon mboten napa-napa, wong niku bocah bandel, kok. Mboten-mbotené nèk sakit,” ujaré salah sawijining kakung sing yuswané wis kaya bapak-bapak.

“Inggih, Pak. Mangga dipunlajengaken kémawon tindaké, sampun badhe peteng, lho,” ujaré liyané.

Aku meksa ninggali dhuwit tetep ora bisa. Kabèh nampik, kabèh padha kandha supaya aku lan kancaku énggal nerusaké laku. Aku kepeksa nuruti……

Ana ndalan tumuju ing pos, pikiranku mabur ngléyang menyang ngendi-endi. Gumun kenapa padha ora gele nampa dhuwitku, lan kuwatir yèn bocah iku lara tenan, tur bakal ngalami trauma ing mbésuké. Aku wedi, gemeter dhéwé.

Tekan pos, kanca-kanca wartawan sing padha mèlu rombongan peninjauan lapangan diadani déning Korèm Warastratama wis nglumpuk. Wartawan pancèn padha diajak keliling Kedungombo, supaya padha ngerti kahanan satenané banjur bisa mberitakake kanthi apa anané sing ditemoni ing lapangan, sadurungé diresmèkaké déning Presidèn Soeharto, pirang-pirang dina sawisé padha mrana.

Karo dheleg-dheleg aku banjur nggatèkaké plat nomer pitmontor sing daktumpaki. Aku lagi paham, ngerti kanthi cetha apa sing njalari wong-wong mau padha semanak marang aku sakanca. Uga, kenapa malah bocah ora salah sing dipilara déning ibuné dhéwé, kamangka aku sing kuduné luwih pantes disalahaké.

Sadurungé wartawan dibébasaké keliling dhéwé-dhéwé, ana perwira sing sesorah, ngabaraké yèn ana pos iku akèh pitmontor sing bisa digawa dhéwé-dhéwé. Nanging yèn wegah nyetir dhéwé, akèh petugas kang siap ndhèrèkaké. Wartawan mung kari nyéngklak lan aba njaluk didhèrèkaké menyang ngendi waé.

Pancèn wis dadi nasibku dadi wong ngalahan lan wegah rebutan. Kanca-kanca akèh sing éntuk pitmontor saksopiré, yaiku tukang ojèk lan para pegawé kecamatan, punggawa dhésa lan sapanunggalané. Déné aku, kebagian pitmontor sing warna plat nomeré padha karo warnané tèngki wadhah bènsin, sarwa ijo.

(Aku éling banget, sadurungé mlebu Kedungombo aku wis duwé akèh crita kepriyé kahanan sejatiné warga Kedungombo. Lemah semèter sing mung diajèni Rp 250, sing kanggo tuku rokok sawadhah waé durung ganep. Kanca-kanca mahasiswa lan aktivis LSM dioyak-oyak intel banjur padha ndhelik, salah sijiné ana papan indhekosanku.

Romo Mangun sing diusir warga, sing jaréné amarga didhawuhi bapak-bapak Koramil, lan sapanunggalané. Ora kurang medèni uga, crita babagan para warga sing dipilar ABRI, jalaran ora padha gelem manut nampa dhuwit ganti rugi, yaiku dhuwit kanggo ngganti lemah sawah, tegalan lan omah, sing wis mesthi rugi jalaran ana ngendi-endi wis diguntingi.

Sujarah ABRI pancèn beda banget yèn disandhingaké karo sujarahé TNI. Sing diarani TNI saiki iku asilé saka réformasi (lan repot nasi), déné TNI sing mbiyèn iku ora liya dadi asilé saka perjuangan jaman revolusi. ABRI iku aparat negri, nanging rasa-rasané mung Pak Harto thok sing paling nduwèni. Ora ana liya, klebu sing arané Pak Benny Moerdani sing kondhang dadi gegedhugé ABRI)

One thought on “Ibu Milara Bayiné

  1. duh koq menawi kemutan jaman semanten ndadosaken manah kula sakmenika sarwa “mbingungi” njih…..
    Rikala semanten aparat keamanan ingkang kasebat ABRI, kalebet aparat ingkang sanget kinurmatan. Jalaran saking menika ing akhiripun ndadosaken kumalungkung oknum aparat menika…
    Dene sakmenika koq kula ngeraos kuwatir njih menawi ningali pawartos sampun kathah montor mabur saking aparat menika ingkang dawah amargi kurang dana kagem beaya…
    wealah juan, kahanane mbulet wae to…

Leave a Reply