Opèn-opènané Pak David

Swara gedebag-gedebug kaya ora keprungu, kuping rasané buntet. Semono uga swara gendhing techno mung krasa pecicat-pecicit. Mataku mung tumuju marang polahé disc jockey sing kenès, njogèd mégal-mégol. Udelé katon mlekèk, kaosé gondhil tur cendhak, marakaké isisé kèlèk. Mata rasané nganti mecothot kaya pingin mlumpat.

Para nom-noman, lanang-wadon, pating dlajig. Sirahé gèdhag-gèdhèg. Wong tuwa-tuwa uga ora kurang akèhé, malah ana sing pethakilan ngadeg ana sandhuwuré lespèker, jejogedan kaya wong édan. Mbakyu disc jockey ngomong nganggo cara Inggris kanthi wasis, nyebut jeneng Pak David sing nembé lungguh ana pojokan. Mbokmenawa wong sing disebut jenengé mau wis lengganan lawas. Nyatané, akèh wong sing sapa aruh marang dhèwèké sasuwéné aku mlebu diskotik iku, awit rong jam kepungkur.

Pak David ora ijèn. Kancané pirang-pirang, wadoné uga ora kurang. Malah luwih akèh saka cacahé wong lanang sing ngancani Pak David. Méjané kebak gelas lan gendul. Sajaké, blanjané ora ècèran. Pisan-pindho, Pak David nengah dikancani telu utawa papat wanodya ayu-ayu, njogèd ana mestèr alus banget sing sajak bisa murup, kamangka mung kena cemloroté lampu-lampu spot sing pating grandhul. Padhangé ora mekakat, jaréné iku jinisé lampu laser.

Saka panggonanku lungguh, watara limang mèter ana sakiwa mejané Pak David sakanca, mataku tumuju marang bocah wadon, sing awit mau lungguh waé, ora tau menyat apa manèh ngancani njogèd Pak David. Mung lungguh mèsam-mèsem, clegak-cleguk ngombé banyu sing diiling saka gendul, nanging sajak katon paling ketengen déning Pak David. Nyatané, ya mung bocah iku sing awit mau diambungi pipi lan bathuké, paling kerep dielus-elus rambuté. Umuré kira-kira selawé taun, nyandhangé rada béda tinimbang wong-wong wadon sing ana sakiwa-tengené.

Pisan-pindho, aku konangan lagi nggatèkaké dhèwèké. Ora nganggo mèsem, apa manèh ngguyu. Malah, dhèwèké terus ndhungkluk saben bubar ngonangi aku nyawang dhèwèké. Sanajan ngiling ombén-ombèné rada kerep, nanging ora klepas-klepus kaya wong-wong wadon liyané. Sajaké pancèn ora doyan udud. Aku banjur mikir, aja-aja bocah iku anaké Pak David. Yèn nyawang umur-umurané, bocah iku pancèn luwih pantes dadi anak mbarep utawa nomer loroné.

Aku menyat, niyat nguyuh karo pingin raup. Wis limang gendul ngombe banyu putih, sebab aku rumangsa kudu njaga awak. Sing jenengé nèng njero papan nganggo AC sing njekut adhemé, ora becik yèn nganti kurang banyu. Gurung uga gampang garing, nèng telak ora énak, apa manèh ududku wis ngentèkaké luwih saka karotengah pak.

“Mas…”

Aku kagèt, metu saka peturasan wis dicegat wong wadon sing jebul dakgatèkaké awit mau. Durung sida semaur, bocah iku ngulungaké dluwang sasuwèk, sing banjur daktampani. Bocahé lunga klépat, ndhisiki lakuku tumuju ana palungguhané sakawité. Ora pamit, nolèh waé ora.

Watara jam telu ésuk, aku mulih. Kanca-kancaku mung ngeteraké mulih, banjur padha nerusaké laku, jaré pingin madhang sega Padang neng Pasar Senèn. Aku ora mèlu, jalaran wis ngantuk pingin énggal turu. Sésuk ésuk kudu mlebu, netepi wajibé wong mburuh luru rejeki supaya terus lumintu.

Ana kamar indekosan, aku kelap-kelip dhéwé. Dadi angèl turu, kelingan bocah mau. Aku ndudut dluwang saka kanthongan kathok. Dakwaca, dhèwèké mènèhi nomer tèlpun, lan aku dijaluk nèlpun dhèwèké sésuk soré.

“Hai…. Mas, panjenengan sing kula panggihi wau dalu nggih, Mas?” Swarané cemengkling, grapyak. “Kula Dhani, sing wau dalu ngréncangi Pak David.”

“O…nggih. Kula Doni. Wonten napa kok nilari nomer tèlpun dhateng kula?”

“Dalu niki longgar mboten? Menawi jam-jam pitu kepanggih wonten Bènhil kersa?” ujaré Dhani.

“Kula mboten janji saged dugi jam pitu pas. Kula nembé saged wangsul jam setengah pitu saking Cikini,” jawabku.

“Mboten napa-napa. Kula tengga wonten rumah makan Seulawah, ngajengé Rumah Sakit Angkatan Laut,” jawab dhèwèké.

Wis nyedhaki jam wolu aku lagi bisa tekan Bènhil, ndilalah aku rada telat metu saka kantor. Dhani wis lungguh, mesthiné rada suwé. Nèng méja wis cumepak sega lan lawuh manéka warna. Uga ana masakan andhalan, yaiku iwak hiu sing wujud masakané nganggo duduh kuning kaya opor.

Dhèwèké ngulungaké tangané, nyalami aku kanthi mbalèni nyebut jenengé. Semono uga aku, sepisan manèh nyebut jenengku, sanajan wis kenalan liwat tèlpun. Sinambi mangan, ngobrolé ngalor-ngidul sajak kaya wis kenal suwé. Saka pitakonan standar racaké wong sing lagi kenal, banjur takon asal-usul lan jatidhiri. Cekaké, aku banjur akrab lan rembugané wis ora tau nggunakaké basa alus manèh.

Sésuké lan dina-dina saterusé, aku banjur kerep telpun-telpunan karo dhèwèké. Grapyak, lan ngatonaké yèn dhèwèké ora pantes dadi cah nakal kaya sing kerep dakbayangaké. Dasaré asalé saka ndhésa sing kurang pangertèn donyané wong kutha, aku gampang mbiji ala marang wong-wong sing seneng klayaban wengi-wengi, apa manèh menyang papan sing mbiyèné kaceluk kanthi aran nite club. Nganti tumekané sawijining dina, dakwanèkaké takon luwih marang dhèwèké.

“Pak David iku bapakmu, ya?”

“Dudu! Apa pancèn perlu mangertèni sapa dhèwèké?” mangkono wangsulané.

“Ya wis, dhing, ora dadi ngapa. Aku ora arep mèlu ngerti urusanmu,” aku ganti mangsuli.

“Gak papa, kok. Timbang malah klèru tampa, mendhing dakkandhani waé. Pak David iku sing ngopèni aku,” ujaré Dhani.

“Lho, apa kowé wis ora duwé wong tuwa, banjur awakmu diopèni déning Pak David?”

“Piyé to, Mas?” ujaré dhèwèké.

“Piyé apané? Yèn Pak David gelem ngopèni awakmu, kamangka dudu wong tuwamu, apa kowé ora klebu wong begja?”

“Ndhésa tenan panjenengan, Mas! Jan-jané ora ngerti apa éthok-éthok ora ngerti?” swarané Dhani krasa rada anyel.

“Ora ngerti apa ta? Aku sansaya bingung….”

“Diopèni iku ya diopèni. Diingu! Kaya digundhik, diselir kaya para ndara nèng njero kraton kaé, lho….!” ujaré Dhani, njlènthrèhaké kahanané.

Aku bingung. Arep ngomong apa dadi kangèlan, lambé rasané kaya didondomi.

“Kok meneng?!? Gela, ya? Ora papa, Mas, aku bisa maklum lan mangertèni, kok. Yèn arep nesu banjur wegah kenal karo aku ya ora papa. Tapi aku percaya, panjenengan wong lanang sing ora kaya mangkono. Aku wis kenal wong lanang akèh banget lan duwé kelakuan kang manékawarna. Aku yakin, panjenengan ora kaya wong-wong sing wis dakkenal. Mula aku wani blaka jalaran rumangsa bisa percaya.”

“Hmmm……Kok….,” jawabku.

“Aja mikir werna-werna. Sanajan dadi wong sing diopèni, Pak David apik banget karo aku. Ora tau nglarani, apa manèh daksiya. Dhèwèké mènèhi jatah sasèn kanggo indekos, lan aku isih bisa kerja sanajan mung ana rental komputer sing uga nyéwakaké kanggo internètan.”

“Mosok ngopèni ora duwé pamrih? Paling ora, dhèwèké mesthi butuh kowé, butuh awakmu, ta?” pitakonku sajak nlesih.

“Percaya kena, ora ya wis lumrah. Aja manèh ngeloni, grayang-grayang waé ora tau. Yèn nèng diskotik waé sajak umuk ngambungi, kamangka niyaté mung nylametaké aku supaya ora dioyak-oyak wong lanang sing duwé karep lan nuruti nepsu.

Dak critani ya, Mas… Mbiyèn aku tau kerja dadi waitress ana diskotik kuwi sawisé telung sasi ora éntuk gawéyan ana Jakarta. Bos-é diskotik iku tau ngoyak-oyak aku, malah tau arep ngruda peksa sawisé bubaran. Pak David iku sing ngonangi. Aku diajak lunga, banjur ditakoni akèh-akèh,” ujaré.

“Lha kok apikan temen to, sing jenengé Pak David iku?” pitakonku. Isih gumun campur sujana.

“Aku tau niyat nyaur utang budiku awit rumangsa slamet amarga pitulungané. Aku nyéwa kamar hotèl, Pak David dakundang supaya mara. Dhèwèké teka, aku wis wuda, banjur pasrah marang dhèwèké. Sakjané, Pak David ya wis arep gelem, nanging wurung sawisé aku matur dhèwèke, yèn prawanku sengaja dakaturaké jalaran wis nylametaké aku saka pokalé bos diksotik iku.

Pak David malah nesu-nesu. Ngaku nakal, nanging ora arep melu-melu bejat ngrusak uripku……”

Gumun. Tetep durung bisa percaya. Siji, durung kenal suwé Dhani, lan kaping pindhoné, durung bisa nampa crita yèn ana Jakarta isih ana wong apik. Sing padha dandan necis waé jebul thokmis, sing kalungan serban nyatané uga akèh sing seneng golèk mangsan, apa manèh sing padha duwé panguwasa. Ngakuné waé apik-apik, sing dituduhaké sing sarwo becik, kamangka kelakuané licik, ambuné uga luwih pesing tinimbang uyuhé genjik.

4 thoughts on “Opèn-opènané Pak David

  1. lintang

    mbayangke setting lan aktifitas critane, rada aneh nek dialoge nganggo bahasa jawa sing bener kaya sing nang tulisan… dolane nang diskotik kok jagongane = “Diopèni iku ya diopèni. Diingu! Kaya digundhik, diselir kaya para ndara nèng njero kraton kaé, lho….!”….
    dialog ngeten niki bayangan kulo pentas teater basa jawa kaya gapit….piss, …:)
    sing penting pesan morale apik.

Leave a Reply