Seniwati Wagu

Luwih sepuluh taun kepungkur, aku tau dionèk-onèkaké déning seniwati saka mBetawi. Jalarané sepélé, aku nuduhaké panggonan kang ora mathuk karo karepé. Jujur waé, wektu semana aku ora wani piya-piyé, apa manèh aku gumun marang karya-karyané. Apik lan pantes disawang, tur kerep bisa gawé kèliné rasa kanggoné sing ndelok. Nyuwun dimaklumi, jenengé waé nge-fans…

Apa manèh, wektu iku dhèwèké klebu seniwati sing kendel. Mèh kabèh isi sandiwarané ngemu protès marang kahanan, utamané ditujokaké marang pemerintahané Soeharto. Pentas-pentasé kerep dicekal utawa ora olèh ijin saka kantor pulisi, utawa dioyak-oyak déning tentara jalaran pedhes protèsé.

Seniwati kuwi duwé dhasaran kang kuwat. Pancèn wong sugih, mula dhèwèké bisa pentas menyang pirang-pirang kutha kanthi ragad dhéwé, saumpama kurang sponsoré. Kamangka, ora sithik paraga lan wadyabalané. Butuh ragad, ora mung kanggo ngebis utawa nyepur, nanging kanggo ngurusi wadhuk supaya ora ana swara koor.

Bab aku dionèk-onèkaké, larah-larahé mangkéné: Awan-awan sawisé mungkasi pentas wengi sadurungé, seniwati iku ngajak sakancané dolan menyang Kedungombo. Aku dijaluk mèlu numpak montoré, perluné nuduhaké dalan menyang Kedungombo. Montoré kebak, sing numpak para seniman/seniwati saka mBetawi.

Nggeblas saka Sala wis sawetara wektu, sawisé mangan awan. Nusukan ngalor bablas, banjur menggok mangiwa sadurungé Sumberlawang. Cekaké, rombongan mBetawi mau daktuduhaké Waduk Kedungombo, papan piknikan anyar, sing mbiyèn dadi papané Soeharto ngresmèkaké blumbang raksasa.

Kok, ke sini? Mau ngapain?” ujaré seniwati iku. Rada nyenthé, nanging aku ora wani ngulati rupané. Aku wis apal wujudé, yèn pas ngonoiku biasané mripaté mentholo, sajak kaya arep ucul-ucula kaé putihané.

Lho, katanya mau lihat Kedungombo? Ya di sini ini tempatnya,” jawabku.

“Ngapain lu tunjukin tempat beginian ke gua?!? Gua kemari bukan mau piknik…!!!

Suarané tambah ngetril, atiku mengkeret dadi saupil. Arep ndalil, aku ora wani tinimbang diarani pokil. Ya wis, aku meneng waé. Ndepipil sinambi golèk-golèk jawaban sing ora marakaké tembungé ngetril.

Sauntara wektu, atiku wis bisa ditata. Banjur aku mènèhi jawaban sing ora diréka-réka. “Lha yang dimaui Mbak itu kemana? Dari tadi kan belum cerita tujuannya mau kemana, dan tahunya saya, Mbak mau ngajak teman-teman wisata.”

Gua itu pernah ngirim banyak buku buat anak-anak di sini, waktu waduk belum ditenggelemin dan penduduk masih diintimidasi tentara!

Ooo… Aku ora ngerti yèn Mbak Seniwati iku dermawati sing isih duwé ati lan rasa welas asih lan tresna marang sapadha-padha. Dakpikir ora kaya mangkono, wong aku kerep mangertèni piyé anggoné dhèwèké nggetak, ngonèk-onèkaké lan daksiya marang para paraga sandiwara lan wadyabala. Aku waé isih kerep bingung marang dhèwèké. Karyané apik, mihak marang wong cilik lan sing katindhes, nanging yèn karo anak buahé, galaké ngalahé babon angon kuthuké.

“Nama desanya apa?” pitakonku marang Mbak Seniwati.

Gua lupa. Pokoknya Kedungombo, namanya pakai Su…Su… atau apalah! Pokoknya, mana daerah yang pakai Su!

“Kemusu, ya?”

“Ya, itu dia, Kemusu! Kita kesana aja sekarang….”

“Wah, kalau itu jauh, Mbak. Kita mesti balik arah lagi, karena Kemusu itu di sebelah barat kita. Kalau dari sini, saya tak hafal jalannya. Takutnya nyasar, karena jauh dari kampung,” aku nyoba njelasaké.

Ya, sudah… Kita balik saja ke penginapan.

Ana ndhuwur montoré, seniwati siji iku terus ndremimil, nyalahaké aku. Dhèwèké crita marang anak buahé, yèn mbiyèn tahu ngirim buku akèh kanggo warga korban Waduk Kedungombo, mliginé katujokaké kanggo bocah-bocah sing kangèlan sekolah.

Ana yèn karotengah jam suwéné, aku ngrasakaké sumuk sing ora ana watesé. Ora salah nanging dionèk-onèkaké, wis ngono ana nèng njero montor isiné mung anak buahé sing mesthi bakal manthuk-manthuk marang dhèwèké. Saumpama ana sing cemuwit ngréwangi aku, mbokmenawa bakal salin babah, wong kuwi sing bakal diunya-unya genti.

Tekan Sala, atiku rada ayem. Aku ngomong sakecap, intiné mintak maap. Si Seniwati wagu ora ngguyu, ora ngrèwès. Nembé sésuké dhèwèké nyapa aku, njaluk di-afdruk-ké foto-foto péntasé. Rada sumèh, nanging aku wis kadhung anyel karo males nyawang Bethari Durga. Daksaguhi, banjur dak serahaké sadurungé rombongan mulih menyang mBetawi.

Pitung taun suwéné ora ketemu, ndilalah kok ya kepethuk ana sawijining acara kesenian nèng TIM Cikini. Daksapa, dhèwèké éthok-éthok pangling. Sawisé aku nyebut jenengku, dhèwèké kagèt, banjur nakokaké kabarku. Aku nerangaké saperluné, sebab aku paham dhèwèké mung lamis. Nyatané, durung rampung anggonku crita, dhèwèké wiss ninggalaké aku tumuju ana rombongané seniman-seniman gedhé.

Aku gumun, sing jaréné seniman iku alus ing budi lan rasa-pangrasa, jebul mung crita…..

(Mbokmenawa panjenengan gregeten pingin ngerti pawongané, kaya déné ukumé donya Googling, dakaturi bedhèkan waé supaya nemu tembung kunciné: Sapa seniwati ing Éndonésa sing mbiyèné kerep didhémo seniman jalaran wagu patrapé lan èlèk caturané? Wis, golèkana dhéwé. Aku luwih wedi marang pulisi lan jeksa, sebab isih akèh sing seneng mlintir KUHP lan UU ITE)

4 thoughts on “Seniwati Wagu

  1. he… he…. kulo sakonco pecasndahe th 93, pun nate bade pentas wonten ndaleme kampung melayu, nanging panggenane sampun di kepong pak tentara lan polisi, sakonco di lebetaken truk tentara, terus pun kirim wonten TIM, kamdulillah mboten di lebetaken kantor polisi.
    setunggal taun (sakwise peristiwa) rencang tim sandiworone ngandani menawi tidak TBS bade maen sandiworo, nanging kulo nggih males teko, patrape niku lho, alias wagu, (miturut critane konco) menawi ningali tipi piyambakipun mbelo piyayi wadon kados makaten, sing kedah sejajar kalian piyayi lanang, anti KDRT lan sapinunggalane, bareng kalih pembantunipun – kelakuanipun “bu wagu” meniko masya allah, ra nguwongke….. nggih kados critane panjenengan meniko,”pokoke wagu” mboten kados mbok kulo ten klaten… bade nesu mawon pakewuh amargi wonten liyan…. nek pun “berdua” nha…nembe nesu e… ngandani ding…, nanging mboten ngange ngetrilll …….
    nek nandur mesti ngunduh……

Leave a Reply