Asu

Aku duwé tangga rada wagu. Ingon-ingonané asu cacahé telu. Sing siji embuh apa arané, sing loro genah cetha wéla-wéla, jinisé Dalmatian. Lorèng-lorèngé cetha kaya sapi poang utawa sapi perah, gedhéné sagedéné pedhèt umur selapan. Nanging, bedané karo sapi perah, asu lorèng iku luwih kopèn. Wuluné resik, ora kaya sapi-sapi sing akèh diingu wong mBoyolali iku.

Yèn sapi perah ora sepira resik, jan-jané ora lumrah. Wong wis mènèhi dalan rejeki kanggo sing nduwèni, kok ora dirumat kanthi becik. Nanging, yèn sing jenengé asu (Dalmation lan liya-liyané) umumé malah dirumat ngluwihi manungsa. Pakanané iwak-iwakan –dudu iwak plastik, yèn lara énggal-énggal digawa menyang dokter ahli kéwan. Pokoké, diragadi tenanan.

Malah aku tau krungu yèn asu mangkono iku uga dilatih ngambu utawa ngambus sembarang kalir, utamané ngambu jinisé panganan sing mbilahèni utawa bakal nggawé cilaka uripé si kéwan. Bakuné, aja nganti asu-asu sing dirumat kaya ngopèni anak iku gelem nguntal panganan saka wong liya.

Tegesé, wong sing duwé asu iku uga ajak-ajak marang asuné supaya duwé rasa sujanan utawa curiga marang sapa waé sing ora dikenal. Pamrihé, si asu tetep bisa njaga badha lan keslametané wong saomah. Satpam ora dipercaya, sebabé nganti saiki sing jenengé satpam isih klebu jinisé manungsa. Babagan keslametan bandha donya, asu luwih kinurmatan tinimbang manungsa.

Nanging, sing dakkarepaké tangga wagu iku mau ora liya jalaran anggoné opèn-opèn asu ora dibarengi kanthi sesrawungan sing becik. Omahé tutupan terus, rina kalawan wengi. Sapa aruh karo tangga, sangertiku ya ora tau. Embuh apa nyambut gawéné. Sanajan njaban omahé katon ora kerumat, nanging mesthiné duwé simpenan bandha ora sethithik, mula nganti diréwangi tuku asu sing regané mesthi mayuta-yuta.

Saumpama dibiji mèri, ya daktrima kanthi legawa. Ora dadi ngapa. Nyatané, sing sipaté kadonyan iku perlu, sanajan aja nganti ngawur anggoné luru.

Bali menyang perkara asu mau, anyelku marang tangga sing dakarani wagu iku, ya kuwi ora gelem ndhidhik asuné supaya duwé trapsila. Paling ora, njegog iku aja nganti dadi hobiné asuné, banjur sawanci-wanci muni mbrebegi tangga sakiwa-tengené. Wis ora pisan-pindho, asu-asu iku mau padha koor ing tengah wengi. Kamangka, ora ana glibeté maling utawa wong ana sacedhaké kono. Dadi, njegogé tanpa alesan.

Yèn mangkono iku, sing dirugèkaké ora liya kajaba tanggané. Arep turu kebribènan asu nembang, nanging sing duwé kok ya ora énggal-énggal ngélikaké asuné supaya ora gawé ramé, malah kepara ngorok waé.

Sawijining dina, aku tau nggodha asu-asu kuwi. Njegog suwé tanpa alesan, najalari aku anyel. Apa manèh aku ngerti yèn sing duwé asu lagi waé mlebu omah. Aku gedruk-gedruk ana cedhak omah iku, banjur asuné muni-muni saya ndadi. Pinginku, sing duwé metu omah banjur ngélikaké aku, sebab aku wis cepak-cepak ukara kanggo nyatru. Ditunggu karo mbebéda asu, jebul wongé ora metu. Malah aku sing banjur dadi wagu.

Sanajan ora saben dina asu-asu iku mau njegog utawa nyanyi, nanging kanggoku tetep ngganggu. Sayangé, nèng Éndonésa durung ana kedadèyan wong kaya aku bisa ngaku dadi korban, banjur mulisèkaké sing duwé utawa ngingu asu kaya iku. Wediku, tiwas nyoba adu-adu nèng kantor pulisi, malah diwalik rembugé, apa manèh sing jenengé ukum nèng Éndonésa bisa dituku.

Wis cetha, aku kalah bandha. Paribasan kanggo tuku endhog waé aku kudu krèkèl-krèkèl, tanggaku malah wis kulina blanja daging pirang-pirang kilo saben dinané, mung kanggo pakan asu. Kanggoku endhog kanggo program ‘perbaikan gizi’ kaya dhawuhé pemerintah, kana mesthi kliwat mampu kanggo tuku pasal. Wah…., pancèn sarwa répot! Karepé élik-élik, bisa-bisa dikunjara kanthi landhesan pasal <i>perbuatan tidak menyenangkan</i>.

Wis, ah…. Dak trima-trimakaké sik waé. Yèn asuné isih seneng koor, apa manèh ing tengah wengi, aku arep lapuran Pak RT supaya nglurug sing duwé. Yèn tetep mbrengkélé, aku arep golèk silihan bedhil cèlèng. Sekali-sekali, njaluk tulung mimis karo ajar titis. Endhas asuné, arep dak toltis!!!

2 thoughts on “Asu

  1. témbré | bala dhupak pidak pedarakan

    Sumangga lapuran dhateng Pak RT. Utawi kintun “surat pembaca”.
    Ingkang langkung prayoga inggih ngajak rembagan priyagung ingkang kagungan segawon.

Leave a Reply