Sega Sambel Teri

Wengi kuwi, rembulané katon isin anguk-anguk ana suwaliké mega. Ora mendhung, nanging sunaré rembulan ora bisa madhangi donya. Sega sambel teri ana sangarepku waé mesthiné bakalé mung kétok lamat-lamat. Begjané, mbiyèn tau ana wong sing jenengé Thomas Alva Edison, saéngga lampu plenthong utawa bolam mèrkuri ana sandhuwurku bisa ngetokaké sunar sing bisa madhangi anggonku madhang.

“Koko ndhak sukak teri yang ini, ta?”

Sukaké, sih sukak. Tapi akuné luwih sukak teri yang ndhak lembut kayak gini. Teri itu ya kayak yang dijuwal Lik To itu, lho! Sing jenis gini ini kasinen,” jawabé Koko Tam.

Cik Lin sing mauné wis bungah bisa ngenalaké panggonan sing dodol sega sambel teri marang Koko Tam sajak gela. Cik Lin rumangsa yèn sega sambel teri sing disenengi iku uga bakal disenengi Koko Tam, sedulur raketé ana Kutha Sala. Sebab sing jenengé Koko Tam iku dhemen banget marang sega teri warungé Lik To, sing durung sepira suwé ditemoni.

Koko Tam bungahé ora mekakat. Malah, paribasan saben dina ngajak Cik Lin mangan bengi cara lèsèhan ana angkringané Lik To. Sanajan wédang tèhé ora patia krasa sepeté, nanging sega sambel teriné bisa kanggo nglalèkaké kekaremané: tèh kenthel sepet wangi sing ora sepira legi.

Jaman isih urip ana ndhésa, Koko Tam paling seneng mangan asin-asinan, klebu sing jenenge teri lan sakabèhing jinisé gerèh. Apa manèh yèn teri lan gerèh iku diganepi nganggo sambel ulegané Mbah Putriné, mesthi thèlap-thèlep anggoné muluk segané.

Saking senengé marang gerèh-gerèhan, Koko Tam malah tau kondhang dadi bocah sing senengané turut sawah, utamané yèn pinuju ana nedhuni lan wiwit. Dhèwèké apal, saben lebar mangsa tandur utawa nyedhaki panènan, mesthi cepak-cepak lungguh ngebuk, matané lingak-linguk nyawang sawah.

Yèn weruh ana wong mlaku jèntrèk-jèntrèk nyunggi tampah utawa tambir karo nggendhong ténggok, mesthi ing kana bakal ana upacara nyajèni sawah. Apa manèh yèn kétok ana peluk kemutuk, bisa dipesthèkaké iku rombongané wong kirim sajèn menyang sawahé. Yèn wis mangkono iku, Koko Tam bakal njranthal, mlayu nyedhaki saperlu golèk sega gerèh.

“Koko itu gimana, ta! Aku kok didiemké terus dari tadi?!?” Cik Lin ngomong kanthi ngetril, utawa setengahé nyentak rumangsa ora digatèkaké. Dhasaré Cik Lin sing sok gampang kumat alemané, dhèwèké mbanteraké swarané supaya ora disalahaké, sebab rumangsa klèru milihaké kesenengané kancan raketé.

Kamangka, Koko Tam ora nggagas babar pisan babagan bener-klèruné utawa énak-orané sega sambel teri pilihané Cik Lin. Tegesé, dhèwèké uga seneng lan bisa ngrasakaké sega sambel teri pilihané Cik Lin. Mung arep muni matur nuwun waé durung kewetu, jalaran ya pancèn isinan babagan mblakakaké rasané. Ja’im manut tembungé wong-wong jaman saiki.

Ngadhep sega teri, Koko Tam banjur kaya diélingaké jaman cilikané, mula katoné nglamun, banjur nglirwakaké kuwajibané rembugan apa perluné, utawa gegojègan sacukupé. Jenengé waé madhang mung wong loro, mosok urip ana donyané dhéwé-dhéwé. Genah ora lucu, nanging malah tambah kétok wagu lan kurang ajaré.

“Cik, kita balik ndhèk nggoné pendhapa saja, yuk… Aku mau liak tariné,” ujaré Koko Tam, munggel wektu mangané. Ndilalah, anané réka-réka mangan iku mung sadrema kanggo ngisi wektu, nunggu wiwité tari utawa jogèdan ndhayak-ndhayakan sing paragané wis adoh-adoh mudhun saka pèrèngé Gunung Merbabu menyang Sala.

Cik Lin mecucu banjur gemreneng dhéwé. Ududé banjur dicecek, menyat ngadeg tumuju menyang pit montoré. “Aku ndhak sukak…. Ndhak sukak kaya gini ini! Mangan kok ndhak dinikmati… Dhasar Koko teri!” ujaré Cik Lin.

Diécé nganggo sebutan Koko Teri, Koko Tam uga ora semaur. Meneng waé jalaran rumangsa salah lan gagal manèh, ora bisa nyenengaké Cik Lin sing sejatiné lagi ora kepénak atiné, nanging ora tau gelem ngakoni kahanané. Koko Tam uga bingung, aja-aja Cik Lin durung sepira percaya marang dhèwèké, sing senengané éthok-éthok tumindak becik nanging jebulé ya mung aji godhong aking.


Cathetan:

Nedhuni iku upacara ngaturaké panyuwun marang Pangèran Kang Murbèng Jagad supaya pari kang tindandur bakal urip lemu-lemu, ijo royo-royo lan sempulur, diadohaké saka ama lan rubéda. Biasaé, upacara nedhuni dianakaké pirang-pirang dina sawisé tandur.

Wiwit iku upacara ngaturaké sembah panuwun marang Pangèran Kang Murbèng Jagad sing wis maringi uripé tanduran saéngga bisa ngasilaké woh-wohan sing akèh lan ngrejekèni. Upacara wiwit dianakaké paling ora sedina sadurungé dipanèn.

Tembung ndhayak-ndhayakan iku biasané dadi sebutan (setengah ngenyèk) kanggo apa waé sing dianggep ora lumrah.

Upacara nedhuni utawa wiwit biasané disarirani déning priyayi putri sing disepuhaké lan dianggep ngerti lan duwé keluwihan babagan olah kebatinan. Upacara jinis iki, saiki wis ora dilakoni déning para tani. Dudu jalaran dimungsuhi déning para santri, utamané sing seneng mbid’ah-ake lan ngafiraké marang liyan, nanging miturut aku jalaran ora ana sing nerusaké sebab ora apal donga rapalé sing uga nyebut-nyebut asmané Dewi Sri.

3 thoughts on “Sega Sambel Teri

  1. Denmas jemblung

    Koreksi, ndherek langkung…
    Sing nemoake lampu sentir nganng tenaga listrik kuwi jenenge Thomas Alva Edison, sanes Albert Einstein…
    Ngono lho sedulur lanangku…
    Piiisssss

    caturan: matur nuwun, Kang Jemblung. aku sing salah tulis… padahal, aku kerrep nyanyi senggakan lagune Mas Kenthut Gapit (alm). lagune mangkene: E….dison, nemokake listrik….

  2. nonreni

    wis pancene, priyayi kok diaturi neng angkringan, beja gak murus,
    yen dipikir-pikir angkringan ki saiki wis sumebar sak tanah jawa, suwe suwe bisa kaya mc donal, kentuky, wus ilat jawa kulina marung, pada nonreni yen wis timpuh neng angkringan karo bocah-bocah, ora lali es teh susu jae (pepak sak gelas isine macem-macem) sega kucing sambel teri, tempe tahu bacem.
    sak keluarga gak ngentekne 9 ewu, kapan angkringan iso teko amerika???

Leave a Reply