Bédané Kliwonan lan Pasar Kliwon

Tumrapé wong gaul utawa blatèr, krungu tembung ’crita pasaran’ mesthi banjur ngira, yèn sing dakkarepaké saka judul utawa irah-irahan ing ndhuwur ora liya kajaba crita sing wis lumrah. Tembung pasaran dikira kaya yèn awaké dhéwé ngarani barang utawa babagan apa waé sing wis ngembyah, kaya déné sing dikarepaké ana ukara Melayu utawa Basa Éndonésa. Kamangka, pasaran ing kéné ora liya, ya kuwi aran dina kang lima cacahé tumrapé wong Jawa: Legi, Pahing, Pon, Wagé lan Kliwon.

Dakwiwiti saka Kliwon dhisik, ya…

Mbiyén jaman isih urip ana ndhésa ing Klatèn kana, aku bola-bali dolan ana Pasar Klembon, sanajan ora kerep. Saben dinané, pasar iku rada sepi. Raméné mung ana dina pasaran Kliwon, mula sebutané dadi KliwonanPasar Kliwon. Sajroning pasar, ana kéwan warna-warna sing padha didol. Sapi, wedhus, pitik, menthok lan bèbèk, ana kabèh. Sisih njabané, akèhé wong dodolan pacul, lading, bodhing, pangot, arit lan sapunggalané. utawa

Kétoké anèh kanggoné wong kutha: mosok arit lan pangot didol ana pasar kéwan?

Wong kutha mesthi ora mudheng, yèn wong ndhésaku kana iku wis lumrah yèn ésuk-ésuk lunga nuntun sapi utawa kebo liwat lurung, iku tegesé wong iku bakal nglempit kéwané. Olèh-olèhé bakal manékawarna wujudé: bisa nganyarké lading utawa pacul kanggo piranti nggarap sawah, bisa tuku sandhangan anyar kanggo badan, bisa uga mipik L2-Super utawa pit montor.

Wis lumrah wong ndhésa iku nyèlèngi bandha awujud kéwan. Anané diarani rajakaya, mbokmenawa jalaran saka opèn-opèn kewan mau banjur bisa nambahi kaya utawa pametuné. Mula, kéwan-kéwan mau dirumat kaya raja. Yèn kebo utawa sapi diguyang, dipakani suket utawa dami sing apik, jalaran klèru pakan bisa ndadèkaké mendemé si kéwan. Bisa mbilaèni, nyilakakaké sing ngingu. Sapi-kebo bisa ngènthèngaké gawéan nggarap sawah, bisa kanggo ngluku tinimbang maculi sawah pirang-pirang pathok.

***

Béda pasar Kliwonan ing Klatèn, aku uga duwé crita sing nyenengaké, sing ana sambung rapaté karo Pasar Kliwon ing Kutha Sala. Nanging sing bakal dakcritakaké ana kéné dudu babagan kéwan, nanging crita babagan manungsa sing (mbokmenawa) sapérangan uripé bisa rada mambu-mambu donyané kéwan. Kena ngapa bisa dakarani kaya mangkono, tutugna waé anggoné nyemak critaku.

Mangkéné:

Sawijining dina, kancaku sing omahé Pasar Kliwon sing arané ora perlu daksebutaké ing kéné, nyilih kamar indekosanku. Aku mulih ndhésa sawetara, kunci kamar daktinggalaké marang dhèwèké. Karepé, timbang ndadak mulih menyang omahé keluargané ing Pasar Kliwon terus bali manèh ana kampus kanggo kuliah kang jadwalé bisa ésuk lan soré saben dinané, dhèwèké pilih ndolani kanca-kancané.

Ndilalah, sing paling kerep ya menyang panggonanku. Malah, siji-loro kathok lan klambiné ditinggal ana indekosanku, kanggo jagan mbokmenawa sawayah-wayah merlokaké ganti sandhangan. Senengé ngombé ora umum, nganti tau ninggal Henessy sing regané (yèn ora klèru) $385 ana ndhuwur lemariku. Ombèn-ombèn larang, jalaran umuré wis luwih saka 50 taun!

Gandhèng lemariku cedhak cendhéla nako lan gampang dibuka, ombèn-ombèn mau padha diiling bocah-bocah tangga kamarku. Gampang ngranggèhé, banjur ngiling ana gelas cilik sing gampang dilebokaké saka sela-selaning nako. Kancaku saka Pasar Kliwon sing irungé mancung iku misuh-misuh sawisé weruh gendulé angok.

Bocah-bocah sing rumangsa nyolong Henessy mung ngguyu waé dipisuhi. Begja, kancaku ora misuh nganggo basa Arab kaya sing digunakaké mbahé lan sedulur-seduluré nèng kampungé. Saumpama misuhé nganggo cara Arab, mbokmenawa hancaku malah padha anteng, ora wani nggeguyu nanging malah padha muni hamin-hamin, dikira lagi diajak ndedonga.

Liya wektu, aku mulih ndhésa rada sauntara. Kunci kamar, kaya adaté, daktinggalaké ana nisor pot cedhak kamar, supaya nggampangké yèn dhèwèké butuh ngaso. Nanging ora kaya biyasané, aku dithuki kahanan sing paling nganyelaké. Dhèwèké pas ora kétok dolan, ndilalahé aku bali menyang indekosan rada maju saka rencanané.

Ana ndhuwur kasur gabus tipis sing ditutupi seprèi putih, ana rambut rong macem. Cacahé rada akèh. Sapérangan rambut ireng mlunther-mlunther rada dawa, sapérangan liyané rambut rada alus, ora ireng nanging semu soklat kaya warnané rambut ing pucuké jagung. Pikiranku wis ala, pandakwaku genah warna-warna.

Mesthi cah sing duwé irung mancung mau ngajak bocahé uleng ana kasurku. Nanging, apa yèn uleng bisa ngogrogaké rambut? Aku sansaya bingung. Dhasaré wektu semana aku isih lugu, ora kaya jaman wis omah-omah kaya saiki, mula dadi ora bisa gamblang njlèntrèhaké. Aja-aja, kancaku karo bocahé padha gegojègan rada kasar, genti-gentèn njabuti wulu, embuh sikil utawa wulu pérangan awak sing liyané, sing rada primpen manggoné.

Cekaké, rambut-rambut mau dakcuthiki nganggo suwèkan dluwang, dak klumpukaké ana dluwang HVS kwarto, nithil saka tumpukan dluwang sing kanggo jatah sekripsi. Daktunggu pirang-pirang jam ora njedhul, nembé ngétok bareng wis ganti dina. Kancaku dak kongkon mbukak laci lemari bukuku, banjur njupuk lempitan dluwang putih ana njeroné.

“Apa iki?” pitakoné kancaku.

“Tilikana dhéwé! Iku gèlèk titipané cah-cah. Mung sithik, nanging asli olèh-olèh saka Acèh,” jawabku.

Praènané dadi ketok padhang, lambéné mlèngèh rada sumringah, banjur mbacutaké pitakonan semu golèk-golèk, “Duwé Job Paris?”

“Ketoké isih ana. Golèkana neng kiwané laci, mbokmenawa isih ana turahané cah-cah mau bengi!” Aku njawab sakenané.

“Duwé campurané?”

“Ora!”

“Wah, dicampur mbako rokok putih ya ora énak, no…”

Aku meneng waé, daktinggal éthok-éthok maca buku. Ora sida mbuka lempitan dluwang, kancaku metu. Ora suwé, dhèwèké wis teka manèh karo nyanyi-nyanyi. Lungguh sila ngethepes ana karpèt, dhèwèké ngudhari rokok Samsu lan njèrèng mbakoné ana ndhuwur papir utawa shag. Nyaut lempitan dluwang putih, isih karo nyanyi-nyanyi.

“Bajinguk!” Mangkono uniné kancaku mbareng ngudhari lempitan dluwang putih mau.

“Sing bajinguk ki kowé! Ora duwé tata! Mbok yèn uleng ora ninggal wisa neng ndhuwur kasur!”

Dak pisuhi ngono, kancaku meneng waé, nanging banjur nyekikik. “Wah, sorry. Rumangsaku kowé ora énggal bali mréné, kok,” mangkono wangsulané.

“Hayo, kuwi rambuté sapa?” aku nerusaké nesuku.

“Ya, rambutku”

“Ora percaya! Kowé mesthi nglebokaké bocahmu nèng kamarku. Jinis rambuté waé béda, rambutmu luwih kandel tur kriting,” mangkono wangsulanku. Tetep kanthi setan nesu.

Dhèwèké banjur meneng waé, sirahé mléngos ora gelem nyawang rambut jagung lan rambut brintik sing ana nèng ngarepé. Dakgatèkaké, rainé semburat abang ngampet isin. Sasuwéné kekancan karo aku, dhèwèké ora tau nggawé gelané kanca, apa manèh marang aku, tur nganggo cara sing ora cetha kaya mangkono.

***

Dadi, cukup seméné critaku babagan donya sing nganggo dina pasaran, mliginé Kliwon. Liya wektu, daktuturi crita-crita sing ana gandhèng-cènèngé karo dina-dina liyané….

3 thoughts on “Bédané Kliwonan lan Pasar Kliwon

  1. nonreni

    masio manggon neng endi wae uyah tetep asin,
    ora wigih neng arap, amerika, australia, uga neng jawa iki,
    uyah tetep wae asin

    neng ngendi wae wong mabuk ki ana wae,
    amerika, australia, uga neng jawa iki,
    lan ora keliya neng sepur lan bis (mabuk darat he he)

  2. walah alah jebul ya wus padha wae to Kang tetekone ki…….
    Nanging kancane sampean ki wus mambu lemah lho kui umure, mbok ya ndang kon tobat ngono to Kang….
    hihihi, nyuwun sewu nek tembungku keladuk ya Kang…

Leave a Reply