Sindhèn

Weling cekak utawa pesan pèndèk mlebu ana tilpun gegemku, seminggu kepungkur. Surasané nrenyuhaké. Juraganku gumun banjur kepéncut marang pawongan kang prigel nembangaké Sinom Parijatha. Bakuné, aku banjur didhawuhi nggolèki sindhèn sing jebul kelairan Chiba, Jepang iku, kanggo ngisi rubrik pawongan, sing ana koranku diwènèhi jeneng PEOPLE.

Jemuwah awan aku sowan. Kencan ana dalemé Mbak Hiromi Kano, sindhèn Jepun iku, malah dadi rada kakèhan geguyonan. Gampang akrab, jalaran aku kenal-kenal kebo karo Mbak Yumiko, sènior-é Hiromi babagan nyindhèn. Mbak Yumiko dirabi Mas Darsono, kancaku dolan wengi sing pakaryané mulang karawitan marang para foreigners ing Sala.

Priyayiné grapyak, semanak, sanajan ora sepira crawak. Wawan pangandikan dadi kepénak. Ndilalah, garwané sing duwé asma Wiyono, jebul dudu wong liya. Wektu kuliah ana jurusan Pedhalangan ana STSI Surakarta, Mas Wiyono klebu wong sing kerep mèlu gawé ontran-ontran ana kampus lan donya pedhalangan bebarengan karo Slamet Gundono, dhalang lemu sing duwé swara (karakter vokal) kaya Ki Nartosabdho. Mathuk, Gathuk!

Cekaké, kepénak tenan anggonku grèsèk bahan tulisan. Mbak Hiromi sing jago (apa babon?) piano klasik tamatan saka Tokyo College of Music, jebul bebles banget anggoné nyinau seni karawitan. Kamangka, sadurungé ceblok dhemen marang gamelan Jawa, dhèwèké luwih dhisik kepincut marang karawitan Bali.

“Aku mung sepisan krungu gamelan Bali saka radio ana ing Jepang kana. Embuh kena ngapa, aku kesengsem,” mangkono ujaré Mbak Hiromi.

Dhèwèké banjur golèk-golèk referènsi gamelan ana Jepang. Sepisan nemu, nanging ora lega. Malah kepara nambah rasa gregeten, pingin ngerti karawitan sing sayekti. Golèk kabar mrana-mréné, dhèwèké krungu bakal ana Pekan Wayang Indonésia ing Jakarta. Tahun 1988, dhèwèké mabur Jakarta, njujug ana Taman Mini, panggonan kanggo fèstival iku.

Ana Taman Mini, Mbak Hiromi banjur jatuh hati marang karawitan Jawa iku, sing miturut dhèwèké, luwih apik tinimbang gamelan Bali. “Gamelan Jawa iku alus lan kebak ing rasa-pangrasa. Tur, béda adoh yèn ditimbang karo musik-musik barat,” ujaré.

Begja, taun 1996 dhèwèké olèh bantuan béya-siswa saka Pemerintah Éndonésa kanggo sinau karawitan ana STSI (saiki ISI) Surakarta. Ana Sala, dhèwèké sansaya bebles, banjur nambah ilmu nembang supaya bisa nyindhèn. Meguru taunan marang Mbah Tarman utawa Ki Sutarman, guru nembang kang uga abdi dalem ana Kraton Surakarta. Saliyané iku, dhèwèké uga meguru marang Nyi Supadmi, sing mbiyèn kawentar dadi sindhèné Mbah Nartosabdho. Rumangsa durung genep, Mbak Hiromi uga blusukan ana kraton kidul, mèlu kumpulané para pengrawit kraton. Bakuné: sinau!

Babagan seni swara, sejatiné wis akèh wong sebrang kang padha nyinau tembang-tembang Jawa lan seni pedhalangan kang ora adoh marang donya karawitan lan tetembangan. Nèng Malang ana Mbak Elizabèth saka Amérika (?), déné ana Sala sing akèh malah wong-wong saka Jepang. Saliyané Hiromi lan Yumiko, ana uga Mbak Miki. Ana donya pedhalangan, ana sing arané Jèff, priyayi Perancis sing saiki dadi salah sawijiné diplomat Prancis, malah uga naté dadi Konsul Kebudayaan ana tlatah (yèn ora salah) Sumatera.

Jèff (aku lali asma jangkepé) nganggo jeneng Jawa (yèn ora kliru) Paijo. Wektu kuliah ana STSI Surakarta mbiyèn, dhèwèké uga seneng blusukan turut ndhésa kanggo pamèr ilmu pedhalangan. Mirip karo Mbak Hiromi, sing uga seneng njajah dhésa milangkori kanggo nyindhèn. “Étunganku, aku wis tau nyindhèni 126 dhalang, tlatah Jawa wis dakparani, kajaba Bandung lan sapérangan tanah Sunda,” ujaré Hiromi.

***

Siji sing marakaké gumun, wong-wong sebrang umumé padha temen lan bebles banget yèn wis kesengsem, utamané babagan kesenian Jawa. Donya sekolah seni swara, umpamané, sithik nglairaké pesindhèn. Saka puluhan siswa saben taun, durung mesthi mbrujul sindhèn siji.

Saliyané angèl, utamané babagan céngkok lan gregel, akèh wong wegah nyinau jalaran mbésuké durung mesthi ngasilaké, apa manèh yèn dijagakaké kanggo cagak urip. ‘Pasaré’ winates, ciut, jalaran sing bakal nggunakaké ora ana liya kajaba dhalang. Kamangka, yèn ora kagem déning dhalang kondhang, tangèh bisa ajeg pé-yé-né utawa kepayon. Tegesé, bisa kerep nyindhèn ana ngarepé wong akèh.

Sanajan ana jagad pedhalangan rega sindhèn klebu larang tinimbang niyaga (kajaba pengendhang, tukang rebab lan penggendèr), nanging payoné mung saben gludhug. Nom-noman jaman saiki luwih seneng dhangdhut utawa musik-musik saka negara manca. Mula, para dhalang uga kepeksa kudu bisa nglayani panjalukané masarakat: kudu bisa nyuguh iringan gamelan kanthi irama manékawarna, klebu dhangdhut lan sapanunggalané. Lha yèn para dhalang kondhang waé mung kepayon kaping papat sewulané, banjur dhalang cèng cèng po kapan payuné?

Mula para swarawati utawa sindhèn jaman saiki banjur padha ora duwé pengarep-arep nyindhèn sing sabeneré. Wong karawitan ya wis arang tanggapan, mula banjur padha ganti haluan, ‘nyindhèni’ kroncong lan campursari. Luwih bisa dijagakaké, lan bisa njejegaké kendhilé.

Yèn wis tekan kené, rembugan banjur cuthel. Sapa sing kudu nguri-uri, piyé carané, lan tekan kapan seni karawitan lan olah swara bakal bisa lestari? Ora usah dakik-dakik mikiraké ngrembakané, wong nyatané wong-wong jaman kiyi wis padha ora betah ngrungokaké karawitan. Marakaké ngantuk, alesané.

2 thoughts on “Sindhèn

  1. Didit

    nderek tepang mas.kulo remen maos blog panjenengan.o gih,tonggo kula gih sinden saking monco.Agnes(egi) asmane saking hungaria garwane mas sukamto pengendange pak mantep.

  2. nonreni

    waduh waduh……
    kabudayane wis akeh sing ngunduh
    amargo para taruna lan taruni pada ora saguh
    sebabe dudu lumuh
    ananging kurang weruh
    lan ora rumangsa butuh,
    lagi yen wong manca sukses kabeh lagi gupuh

    katur salam kagem piyanyi surakarto

Leave a Reply