Jaman Édan

Sabegja-begjané wong lali, isih luwih begja wong kang éling lawan waspada…..

Pengetan Agustusan 1998

Pengetan Agustusan 1998

Ing jaman kiyi, ngendikané pujangga Jawa kang misuwur, Radèn Ngabèhi Ranggawarsita kang kawentar kanthi sebutan Jaman Édan, iku pancèn nemu cocogé. Jumbuh marang kahanan, nalika akèh manungsa padha ngédan banjur rayahan, jalaran rumangsa yèn ora mèlu ngédan ora bakal kaduman.

Ora mung para ningrat, pejabat, politisi, ora ketinggalan ngulama lan wong cilik uga padha kecipratan penyakit ora becik iku. Coba dititèni wulan-wulan iki, bakalé tambah akèh wong kang ngédan, golèk dum-duman bandha sétan kanthi janji ngijoli biting utawa cacah jiwa kanggo klumpukan swara.

Bakalé akèh wong teteg, rumangsa prigel, rumangsa duwé akèh kanca lan bala, banjur tawa bisa golèk klumpukan swara. Sing disrawungi, ora liya ya wong-wong kang duwé dhuwit, utamané sing wis dimangertèni duwé ‘posisi’ dadi tim suksès. Kamangka, sing jenengé tim suksès, racaké padha karo jenengé, yaiku pancèn tim kang kudu suksès, embuh caloné bakal suksès utawa ngecès!

Reca RÉFORMASI ing Jaman Édan

Reca RÉFORMASI ing Jaman Édan

Mula aku ora gumun, yèn ana sapérangan warga Sala, sing sejatiné duwé nalar waras banjur nekad gawé reca, yaiku patung kanggo tetenger yèn jaman mbiyèn, sewelas taun kepungkur, sapérangan rakyat kaya wong ‘kaulan’. Kaulan padha rebutan bandha sing dudu darbèké utawa njarah bandhané liyan, utamané sedulur-sedulur keturunan Tionghoa. Malah, pèngetan Proklamasi kaping 43 waé ditengeri nganggo sebutan Jaman Édan.

***

14-15 Mèi 1998, Sala kaya ngAlengka. Akèh kethèk nglambrang sangu mawa banjur ngobong kutha. Sapérangan kethèk liyané ngojok-ojoki supaya warga padha ‘njupuk jatahé’ kanthi cara ngrebut bandhané ‘wong Cina’. Alesané, seprana-sepréné ‘wong-wong kulit kuning’ iku uga wis luwih dhisik numpuk bandha kanthi ngrayah liwat cara korupsi-kolusi-nepotisme utawa KKN.

Gandhèng urip pancèn rekasa lan angèl golèk kaya, akèh wong banjur lali. Suburé sogok-sogokan, ngrembakané dum-duman proyèk iku, ora liya jalaran kabudayan kang binangun déning Soeharto pancèn ‘meksa’ sapérangan pengusaha keturunan Cina kanthi cara sing kétoké alus, kamangka kebak apus. Sithik wong Cina sing katon mulya jalaran ‘diopèni’ Soeharto banjur nglairaké sujanan, rasa mangkelé wong sanuswantara, lan undur-undurané banjur padha nggebyah uyah: kabèh Cina patrapé padha, dhemen sogok-sogokan lan sapanunggalané.

Saumpana ora ana wong-wong sugih mblegedhu kaya Sjamsul Nursalim, Edy Tansil, Hendra Raharja lan sapanunggalané kang mbiyèné diuja déning Soeharto, mbokmenawa ora bakal kedadéyan obong-obongan lan jarah-jarahan ngrayah bandhané liyan. Wong-wong ora perlu ngédan yèn tundhané mung mburu dum-duman rejeki utawa bandha donya. Seriké marang wong-wong kang diopèni Soeharto, nanging amuké diparakaké ing sakiwa-tengené, tanpa ngetung salah lan dosané ana lingkungané. Pokoké Cina, mesthi sirna. Édaannnn……

Bangsaku jebul tau dadi bangsa paling wengis sadonya. Njupuk bandhané banjur ngobong omahé, sawisé iku turu angler jalaran wis kuwaregen wadhuké. Ing sapérangan papan ing Jakarta lan Sala, malah ana siji-loro sing ‘nyucukaké’ péstané: meksa wanodya keturunan Tionghoa nglayani nepsuné, ngumbar manuk ora perduli larané wong-wong mau ing tembé mburiné. Uédaaaannnnnnnnnn…………. Bangsaku pancèn asu!

Nyawang patung utawa reca ing kampung Tegal Kuniran iku, pancèn nggawé trenyuh. Aku weruh dhéwé, Kemis soré iku, watara jam 5, akèh ibu-ibu playon nggawa bondhotan kang isiné manékawarna ing Jl. Kolonèl Sutarto, sakiwa tengené kantor PMI utawa Rumah Sakit dr. Muwardi. Isine bondhotan ana sing awujud beras, lenga klentik, bumbon gawéyan pabrik lan sapanunggalané. Waton dimangertèni, Tegal Kuniran sing sisih kidul iku watesé ya Jl. Kol. Sutarto, déné patungé dipacak ana sisih lor dhésa.

Sapérangan liyané, ana sing kanthi gotong royong njunjung kulkas, utawa sekarung beras. Benginé, sadawané dalan Ir. Sutami-Kol. Sutarto-Monginsidi, utawa saka Sekarpacé tumekané Stasiun mBalapan, dalan katon tambah padhang jalaran. Lampu mèrkuri isih murup, ketambahan sepédha montor lan mobil mbulat-mbulat jalaran diobong kanthi kebak nepsu.

Saélingku, saka Sekarpacé tumeka Cèmbèngan waé ana limang papan kanggo ngobong montor. Banjur saka Tugu Cèmbengan tumeka mBalapan, ora kurang 15 titik kanggo ngobong mobil lan montor ana tengah lurung. Aspalé mlenyèk jalaran barang sing diobong pancèn dudu barang èlèk.

Swasana pating jlerit sadurungé sepur jurusan mBandung sing daktumpaki dibudhalaké. Ewon wong tumplek bleg ana kana. Ana sing mung butuh mlayu saka omah saperlu golèk keslametan, nanging ora kurang uga sing pingin lunga adoh, ninggalaké kutha sing wis dadi karang abang. Ing mBalapan, aku uga ketemu kanca sing pingin nggawa nyinggir éyang putriné menyang Ngayogyakarto, nanging éyang putri mau wegah, ora kersa ninggalaké kutha, malah pingin bisa nunggu dalemé, ora perduli risikoné.

Swara pating jlerit nambahi miris, bareng ujug-ujug lampu PLN mati. Kutha peteng ndhedhet, kaya petengé atiku wektu iku, luwih-luwih atiné para sedulur kang ndilalah lair ceprot duwe kulit luwih kuning saka aku lan umumé wong-wong Sala. Lair putih dadi salah, dianggep lairé mung kanggo ngrayah, lan sapunggalané.

***

Reca RÉFORMASI ing pojok dhésa

Reca RÉFORMASI ing pojok dhésa

Kaya tinulis ing iketé si reca, tembung Réformasi mung kaya ngimpi. Amien Rais sing jaré tokoh réformasi, nyatané nyontoni congkrah karo Mas Trisno Bachir gara-gara rebutan papan bandhulan koalisi. Sing mbiyèn padha pingin tatanan anyar, kaya partainé Mégawati, nyatané wis lali maknané tembung réformasi (apa manèh révolusi kaya aturé bapakné suwargi). Kabukti, Mas Prabowo sing mbiyèn melu nyulik lan gawé ontran-ontrak rekiblik malah disrawungi lan dirangkul, kamangka kuduné digiri-giri.

Pilihan presidèn bakalé mung dadi dalané wong-wong sing wujudé ya mung kuwi-kuwi waé, kanggo nglali lan ngédan. Pangajabé, ya mung supaya bisa kaduman. Kaduman bandha lan panguwasa, ora perduli rakyaté tambah mulya apa sengsara.

Yèn wis ngéné iki, aku dadi bingung. Arep ajak-ajak golput, wedi akibaté. Yèn mung diculik ora papa, sok malah dadi nge-top mbesuké. Lha yèn ‘lobby-lobby’ PKS marang Gusti Allah berhasil, yaiku golput iku haram>, rak ya banjur répot, to? Tiwas sithik-sithik nandur kabecikan, jebul tetep mlebu neraka gara-gara golput.

(Aku rada kuatir tenan marang PKS, sebab sasuwéné iki paling nyolok anggoné umuk cedhaké marang Gusti Allah. Jaréné ora korupsi-lah, jaréné dhèwèké sing njalari petani tambah makmur-lah… Akèh tenan ngamal jariyahé, mula bisa ngapling suwargané…….. Babagan Rama Pratama kesandhung korupsi, iku perkara liya sing sajaké dianggep manusiawi)

===========================================

Tulisan iki kanggo mèngeti rusaké Éndonésa lan rekasané sedulur-sedulur Tionghoa sing wis dadi korban kejemé para anthèk-anthèk panguwasa, sing wektu semana nembé nguji kasektèné kanggo ngobrak-abrik negara, kaya sing diarani Perang Kota utawa ngetrepaké taktik bumi hangus ing Kutha Sala.

===========================================

5 thoughts on “Jaman Édan

  1. jho

    nalika ‘jaman edan’ neng solo, aku malah keluwen. lha piye bar bong-bongan, bengine ora ana bakul sego kucing karo mie instan rebus. arep ngrokok yo kudhu ngenteni srengenge mlethek, jean kecut tenan ….

  2. témbré | bala dhupak pidak pedarakan

    Sabegja-bagjané wong kang édan lan kuwasa, isih kuwih begja blogger kang mbois tur migunani

Leave a Reply