Mas Wiji

Mbiyèn, aku sakanca duwé langganan kanggo mangan bengi. Warungé cilik, mung wujud brak, payoné terpal. Méjané dawa, dhingkliké mung loro, yèn kanggo wong wolu, genahé mesthi suk-sukan. Mèh saben wengi aku mrono, ngiras pantes srawung karo para priyayi kampung. Ana Mèyèk sing senengané mendem, ana Mas Dar, guru karawitan sing ora seneng nginum nanging nanging kekaremané ngendhangi bokong, lan liya-liyané.

Anèh-anèh patrapé, nanging sing paling marakaké thukul gumunku, ya mung bakulé sing jenengé Mas Wiji. Asli Semin, ngGunung Kidul, Mas Wiji pancèn élok tenan laku uripé. Ora gelem ngèlèk-èlèk liyan, uga ora dhemen nyritakaké apa sing dirungu saka rembugané wong-wong sing jajan marang liyané. Bakuné, ora bisa nanggap apa-apa saka Mas Wiji. Dhèwèké suthik dadi mata lan kupingé warga Panggungrejo.

Sanajan pawongané ora sumèh, nanging Mas Wiji uga ora kalebu golongané wong kang nganyelaké. Omongané gandhang, sajaké (aja klèru, yèn sajaké a-b a-b tegesé iku pantun) pancèn gawan awit cilik, amarga wong ndhésa biasané ngendikané arang lirih.

Nadyan mangkono, sapérangan laku uripé Mas Wiji kalebu bisa kanggo ngilo (sanajan ora kudu karo nginang). Yaiku, babagan pasrahé marang Gusti, utamané yèn wis tekan panggonan rejeki. Nganti saiki, aku dhéwé gumun lan ora ngerti Mas Wiji iku ngrasuk aliran Kejawèn sing endi. Sing dakngertèni, saben malem Jemuwah Kliwon, dhèwèké mesthi ora dodolan. Nepi sewengi, embuh menyang endi.

Kanggoné wong-wong jaman semono (uga tumeka saiki), apa kang dilakoni Mas Wiji mesthi dianggep wagu, kuno, malah sapérangan (utamané sing padha sregep saba mejid lan melu kumpulan Front Paling Islam) nganggep iku tumindak musrik tanpa ngerti niyat lan wujud lelakuné.

Bisa waé kungkum ana tempuran kali utawa nyepi ana kuburan saperlu kanggo golèk swasana kang wening, kaya lakuné wong sufi sing suka tapa ngramé. Kanthi swasana wening, manungsa bisa luwih mat anggoné mulat sarira, ngèlingi kabèh tumindak kang kelakon banjur nemu apa kang durung ditandangi.

Sing genah, Mas Wiji iku gemi lan setiti. Babagan rejeki, uga ora kemaruk kaya wong-wong saiki. Rejeki, kanggoné Mas Wiji, wis pinesthi déning Gusti. Paribasan sesasi dijatah sangangatus èwu, Mas Wiji mesthi golèk bathi ora luwih saka telungpuluh èwu sewengi.

Ya, babagan rejeki, Mas Wiji bener-bener ngati-ati. Sanajan laris, lan akèh wong sing padha kecélik, dhèwèké ora gelem nambahi dagangané. Dadi, saben wengi mung popog semono kuwi. Ora disuda, uga ora diluwihi, saéngga yèn sega utawa mi wis entèk, sing teka kèri mung kebagèan wedang (jeruk utawa tèh) utawa kepeksa ngaplo. Mlongo lan ngucap “Woooo….!” Mangkono.

Naté dakwanèk-wanèkaké takon, kenapa Mas Wiji ora ngundhaki dagangané supaya bisa buka tekan ésuk, wong nyatané sing tekan tengah wengi ya akèh. Ndilalah, kampung kono iku akèh wong dhemen keplèk, mbanting kertu karo nyruput ciu. Mula yèn wis keluwèn, umué banjur padha lèrèn sedhéla utawa kongkonan bocah tuku sega utawa bakmi ana panggonané Mas Wiji.

“Wah, Mas, rejeki niku pun diatur déning Gusti Pangèran. Yèn sakniki kula sadéyan kathah, jatah kula énggal telas. Njur njing mbèn anak kula kebagèan napa?” mangkono jawabé.

Aku ora trima, banjur nerusaké pitakonan, “Yèn awaké dhéwé (awak kok dhéwé, lha endhasé ana ngendi?) sregep lan tekun, nggih lumrah yèn Gusti Allah maringi tambahan rejeki.”

“Nggih mboten, Mas. Kados déné umur, manungsa niku pun dijatah déning Allah. Mboten saged lan mboten pareng nganyang,” ujaré Mas Wiji.

Yèn dakpikir, pancèn bener ngendikané Mas Wiji mau trep, jumbuh karo janjiné Gusti Allah ana sajroning Qur’an. Jodho, rejeki lan pati itu wis pinesthi. Nanging, kabèh mau paribasan isih ana njero kothak wasiat sing sopo waé ora bisa buka, sanajan malaékat. Sing jenengé tekdhir, mung Gusti Allah Sawiji kang mangertèni.

Kanggoku, sapa tekun bakalé tekan. Sapa gemi lan setiti ing tembé bakalé ora nemu rugi. Gandhèng ora bakal ngerti sepira jatah rejeki saka Gusti, mestiné kita bisa ngudi kanthi ikhlasing ati. Wong sing temen nyambut gawé, mesthiné bakal diganjar rejeki luwih akèh tinimbang sing ongkang-ongkang.

Nanging Mas Wiji? Aku ora nyalahaké keyakinan lan laku uripé. Dhèwèké nrima, nganggep wis cukup paringané Gusti, sanajan kanggoku tetep waé anèh cara mikiré babagan ngudi rejeki. (Mbokmenawa aku wis kesuwèn ajar matematika lan ngerti sithik-sithik kawruh ékonomi, saéngga akèh sing kudu dilakoni nganggo étung-étungan sing rada njlimet).

Sing ora kurang gumunku, tau aku ngertèni dhéwé, Mas Wiji nggenjot bécak saka Sala menyang Semin. Rékaké mudhik, mulih ndhésa sakulawarga amarga wis nyedhaki riyaya. Anak-bojo lungguh ngarep, suk-sukan karo bondhotan. Ana sandhangan, beras, gula, tèh lan sapanunggalané.

Kamangka, wektu semana Mas Wiji isih kerep mulih ana ndhésané ing ngGunung Kidul kanthi ngonthèl, numpak pit kebo wernané soklat. Bojoné mboncèng karo mangku anaké, déné gawan (mbokmenawa olèh-olèh saka kutha) didokokaké ana dhalangan. Paling suwé telung sasi pisan, Mas Wiji ‘pulang kampung’ tilik wong tuwa lan seduluré. Dalané munggah-mudhun, ora bisa ngimpèkaké mendah rekasané. Nanging, Mas Wiji pancèn priyayi nrima. Kring…kring…..

Leave a Reply