Crita Babagan Babu

Ana celathu mampir ana ing blog-ku. Tembungé cekak aos, nanging kanggoku, surasané mbungahaké. Bakuné, dhèwèké bungah nemu blog-ku kang nggunakaké Basa Jawa. Asmané Rie Rie, URL-é momot tembung rinoncé saka ukara babu lan ngeblog. “Mesthi, priyayi iki prasaja lan nyenengaké kanggo kekancan. Bener-bener down to earth,” gunemku.

Aku banjur buka blog-é Mbak Rie Rie. Saka tulisan-tulisané kang kapacak ana kana, aku banjur nggawé kesimpulan sepihak. Mbak Rie Rie mesthi salah sawijining buruh utawa migrant worker kang lagi luru pangan ana sebrang, yaiku Hongkong. Nanging apa nyambut gawéné, ya? Mosok babu?

Babagan panggautan, kanggoku ora wigati. Waton ana manpangaté kanggo wong akèh, apa manèh tumraping kabecikan, mesthi ndayani, sanajan ngakuné ‘mung’ babu. Awaké dhéwé waé sing isih kerep mbedak-mbedakaké, lan nganggep gawéan kang sarwa resik iku luwih apik, luwih becik lan luwih migunani tinimbang regedé tandang gawéné.

Apa dumèh bisa mbayar babu banjur bisa daksiya marang sapadha-padha titahé Gusti Allah? Nyatané, saben pungkasan wulan pasa, wong-wong sugih mblegedhu kepeksa asah-asah piring, ngepèl jobin lan olah-olah janganan dhèwèkan, to?

Aja ngira, yèn ana Hongkong kana, sanajan drajad babu, nanging wis suwé nganggo I-Phone utawa ‘nampan seng’ alias Blèk-Bèri, lan ora pethènthang-pethènthèng kaya para anggota DPR(D) ing kéné, kamangka gunané isih wagu, mung kanggo nampa/kirim pesen cekak (SMS) utawa tilpun-tilpunan. Coba, gatèkna critané Mbak Rie Rie sing jebul pinter ng-install laptop cap Lenovo utawa Macintosh, lan prigel golèk dhuwit nganti bisa duwé Netbook anyar tanpa ngetokaké dhuwit sanajan mung saringgit!

Babu, kanggoku mung sebutan waé. Tegesé, gawéané minangka kanggo mbantu wong liya kang duwé jabatan utawa adeg-adeg kang luwih dhuwur. Mentri iku uga pantes lan trep sinebut babu, jalaran dhèwèké iku kongkonané Presiden. Kancaku, uga seneng ngarani awaké dhèwè kanthi sebutan jongos. Sebabé, gawéané dhèwèké iku nglayani klien lan production house. Sanajan bayarané sedina selawé yuta, saben daktilpun utawa dakkirimi pesen cekak nembé ngapa, dhèwèké kerep semaur yèn lagi ‘njongos’.

Bali menyang crita ing ngarep, sanajan ngaku babu, Mbak Rie Rie sakanca iku tetep waé heroin! Dudu jinisé obat-obatan kang mbebayani tumraping kasarasan, nanging luwih saka iku, dhèwèké iku pahlawan wanita kanggoné Éndonésa.

(Anèhé, sanajan sinebut ‘pahlawan dévisa’ déning pemerintah, nanging akèh para nayaka praja kang mlèsètaké para babu mau dadi ‘pahlawan kulawarga’, yaiku kulawargané para nayaka praja mau: ana pulisi, pegawé imigrasi, pegawé negri lan sapanungalané. Isih éling to, sapa sing paling kerep ngrampok ing Terminal III pirang-pirang taun kepungkur?)

Pancèn pantes sinebut Pahlawan Dévisa, jalaran dhuwit Ringgit, Reyal, Dollar lan sapanungalané kang mlebu Éndonésa, pikolèhé saka priyayi-priyayi kang dianggep ‘babu’ mau. Taun wingi waé, luwih saka US$ 9,6 miliar (kira-kira Rp 100-an trilyun) dhuwit kang mlebu saka kecuté kringet mbak-mbaké kang isih kerep diasoraké drajadé iku.

Mula aku banjur kèlingan lan melu bungah krungu critané Mbak Sumiati, yaiku aktivis ‘babu’ ing Hongkong. Wektu ketemu ana acara International People’s Forum nèng Batam telung taun kepungkur, Mbak Sum crita yèn para (nyuwun ngapura) babu utawa migrant workers ing Hongkong naté mboikot, suthik numpak Garuda Indonésia. Gara-garané katon sepélé, nanging sejatiné pancèn banget nyepèlèkaké. Daksiya marang sapadha-padha.

Yaiku, saben numpak Garuda, pramugariné mbédak-mbédakaké anggoné leladi dhedhaharan, nyamikan lan unjukan antarané TKW lan penumpang liyané. Jaré Mbak Sum, mesem waé ora apa manèh ngatonaké sumèhé, sing jaréné dadi semangat hospitality-né wong Éndonésa. (kamangka, pramugari iku uga mung babuné perusahaané negara iku, to?)

Cekak aosé, para TKW mau wegah numpak Garuda, nanging padha pindhah tumpakan maskapai asing. “Tapi, akèh-akèhé padha milih numpak èS-Kyu. Ana kana, aku sakanca dimulyakaké tenan, pramugariné ora ngrèmèhaké,” ujaré Mbak Sum.

Garuda banjur ngglondhang, sepi penumpang. Yèn ora keliru, malah nganti nganggo lèrèn mabur Jakarta-Hongkong amarga ora cucuk kanggo tuku bahan bakaré. Manajemen Garuda bingung, banjur ngrèmpèk manèh, paribasan setengah ngemis marang para TKW. Para TKW ing Hongkong diajak kembul bujana andrawina, lan akèh kegiyatané di-<i>sponsori</i> Garuda. Asilé apik, para ‘babu’ mau banjur gelem manèh numpak Garuda, sawisé olèh jaminan yèn para pramugariné ora bakal mbédak-mbédakaké pelayanan-e.

(Piyé sing ora gawé nggondhok manajemen Garuda, yèn mlayuné para penumpang mau malah ana èS-Kyu utawa SQ, yaiku Singapore Airlines kang kondhang larang nanging pelayanan-e kalebu paling apik sadonya? Kamangka, wong-wong sugih lan pejabat Éndonésa senengané numpak èS-Kyu sing naté dadi titihané para babu saben lunga menyang njaban rangkah)

Sepisan manèh, urip ora perlu daksiya, apa manèh nyawang drajad kanthi mbédak-mbédakaké penggawéané. Sanajan aku iki ya mung babuné pabrik kata-kata, nyatané apa sing daktulis ya ana paédahé tumrap kabecikané wong akèh. (sing daktulis kanggo koran, lho… yèn tulisan ana blog, sih isiné ya mung sapénaké dhéwé, sing penting mbungahaké atiné dhéwé)

Mbak Rie Rie, salam kanggo M. Fananie, Mbak Sumiati lan kanca-kanca liyané, ya… Ayo ngramèkaké blog sing nggunakaké Basa Jawa. Nyuwun ngapura yèn tulisanku iki ora kepénak diwaca, apa manèh nganti gawé kuciwa. Ora sengaja néka-néka, ora duwé niyat ala. Sing genah, aku seneng, sampéyan gelem nge-blog kanthi Basa Jawa.

3 thoughts on “Crita Babagan Babu

  1. suwun. Lha kok malah ngalembana aku tho? Sing luwih pantes entuk pangalembana kuwi njenengan je. Aku sakjane ya pengin gawe blog abasa jawa ning penulisan jawaku ora pener. Karo maneh kok ora kodeng saiki, blog siji wae arang di update. Apamaneh nek ketambahan siji maneh, ora kodeng tenan.

    Salam sing kanggo mbah Fanani wes di lantarake, ning mbak Sum, kok ora nate ketemu aku ya…suwun.

  2. pie mas aku iki wong jawa ora nyawani, miturut pandanganku tulisan sampean apik tenan runtut lan nyambung. Aku duwe turunan solo nanging ora bisa basa krama sing apik, amarga aku wiwit cilik manggon ana surabaya lan maneh ning omaj kerep nggawe bahasa indonesia. Pancen sak moncer moncere kita nggayuh piwulangan aja nganti nglaleake leluhur kita, yaiku bangsa jawa , Sebab yen ora kita sing nguri nguri bakalan cure katrajang jaman.

  3. nonreni

    buruh, babu, guru, dokter, lan sak kabehane ora masalah, amung kudu mituhi, amargo mbesuk bakal ono pitakonan, sliramu biyen wektu dadi babu, babu, guru, lan liya-liyane kepriyen anggone lumaku, kabeh kudu dipertanggung jawabne dewe-dewe, saya gede panggawehane saya abot tanggung jawabe, mula iku ojo cilik ati masia babu, kabeh Gusti wis ngatur sak kabehe lumaku,
    “SUGENG DINTEN BURUH/ BABU” dulurku, dadi sopo wae sing gelem kerjo bisa diarani babu, yo sampean, ugo aku

Leave a Reply