Upil

Senin soré, 27 April wingi, aku nyéwa ojèk –tunggangan kekaremanku saben menyang mBetawi, saka sTasiun ngGambir menyang Pasar Minggu. Jalaran udan, aku mampir warungé Alèx ana sajroné komplèks TIM Cikini, nyruput tèh*) lan tahu pong kesenenganku.

Udané lèrèn, aku nerusaké laku. Dalan macet, ndilalah aspalé uga nembé rampung ditelesi dening Gusti Allah, saéngga ora pati akèh bledug sing mabul-mabul. Kamangka, adaté saka Jl. Saharjo tumeka Pasar Minggu iku akèh bledug, nanging ndilalah soré iku kok, ya kena gebyuran udan. Metromini sing biasané pamer peluk ireng, kok ya ndilalah ora akèh sing mlaku.

Wusanané, aku rada kuciwa jalaran ora ana srana kanggo nglelipur ati, apa manèh bareng wis arep tekan gedhong Salihara, dalané macet banget. Ana sepuluh menit antarané, aku dlongap-dlongop, lingak-linguk golèk sawangan kanggo hiburan, nanging ketemuné mung montor alus ungkag-ungkeg, maju sethithik banjur dirém manèh. Kacané bening, nanging malah nambahi gela: sing nyopir lan penumpangé katon mlaha, lanang kabèh!

Jenthik kiwa daklebokaké irung kiwa, banjur diubengaké karo golèk mangsa. Suwé ora nemu, ganti jenthik tangan tengen dakkongkon nyambut gawé sing padha karo seduluré, Si Jenthik Kiwa. Uga ora nemu apa-apa. Jebul, irungku bener-bener resik soré iku…..

Ora kaya biasané, gawéan uthik-uthik upil dina iku tanpa asil. Sithik waé ora ana sing katut ana kuku, kamangka kuku sengaja dakingu ana jenthik loroku, mligi kanggo keperluan kang kaya mangkono iku. Wong aku ora seneng nggrawut, apa manèh nguwik, ngapain ndawakaké kuku?!?. Umpama daktakoni, Si Jenthik Kiwa lan Si Jenthik Tengen mesti ya bakal isin anggoné njawab. Jenthik mesthi rumangsa salah, ora bisa gawé bungah atiné juragané kaya padatané, apa manèh iku kalebu gawéan ènthèng, ngluwihi gampangé pingsut.

[Percaya kena, ora ya ora papa. Jenthikku iku senengané mrovokasi marang driji-driji liyané. Aku tau krungu, Si Jenthik Kiwa lan Si Jenthik Tengen rasanan supaya mbébasaké kabèh pucukan seduluré kaya Jempol, Driji lan liya-liyané (remasuk Si Driji FakYu) saka regedan mangsi. Incimané medèni, sapa sing wani nerak dianggep kianat, bakalé di-amputasi, dikethok bareng-bareng.

Mula, nganti saiki aku kepeksa ngurmati keputusané para driji, salah sijiné nganggo cara nyirik melu coblosan utawa contrèngan ana TPS yèn saraté kudu ngregeti driji nganggo mangsi. Dadi, yèn banjur diarani Golput, iku mung reka-reka waé. Aku sengaja golèk alesan bèn dikira melèk pulitik.

Mesakaké yèn ana driji sing nganti cacat gara-gara diregeti mangsi, apa manèh mangsi sing jebulé ya bisa kanggo alesan korupsi.]

Sing genah, nganti tumeka Sala manèh, produksi upil durung mundhak. Driji lan jenthik pancèn padha tilik irung, paling ora sakjam pisan, refleks. Nanging tetep waé ora nggawa olèh-olèh saka njero irung. Kamangka, juragané driji lan jenthik iku paling seneng yèn weruh jenthik nuduhaké pucukan kukuné ana barang wujud putih semu soklat utawa rada ireng-ireng sithik. Sokur yèn sing dituduhaké gedhéné mèh padha karo gedhéné laler. Ning kapan?

Umpama numpak sepéda motor sedina mubeng kutha, mesthiné sok ya ana upil sing ‘layak panèn’, apa manèh yèn nganti tekan Wonogiri banjur balik manèh. Sukoharjo ngidul nganti Selogiri rada potènsial mènèhi kontribusi bahan baku upil. Bledug akèh, bis-bis lan montor dhisel sing duwé peluk ireng uga rada akèh.

Nanging, kena ngapa upil luwih gampang njedhul yèn dikancani bledug utawa peluk (utawa keluk?), ya? Sing genah, loro-karoné ora apik kanggo keséhatan, sanajan èfèk lan sènsasi ngupil, kanggoku, durung ana tandhingané.

*) nèng mBetawi, aku mung nemu tèh rada énak nèng nggoné Alèx. sanajan sok-sok ana rasa kaporité, nanging tèh sing digawé ora nganggo tèh celup. ngerti dhéwé, wong mBetawi iku wagu-wagu. ngombé tèh mesthi Sari Wangi sing rasané ora karuan iku. nyuguh tamu, paling pol ya mung Sari Wangi…

5 thoughts on “Upil

  1. nderek prihatin kaliyan turunnya produksi upil njenengan pakde, ampun kendat-kendat ingkang berusaha menggali tambang wonten ing irungipun panjenengan, yeah..!!!

    btw, sari wangi pancen wagu…

Leave a Reply