Tombok Hèlm Jalaran nge-Blog

Aku kapétung begja nduwèni hèlm murahan. Sirah melar sauntara wektu, ngesuk hèlm nganti hèlmé benthèt. Coba hèlm larang, mbokmenawa aku malah tombok akèh banget. Kudu nggraji hèlm banjur priksa menyang ndhokteran jalaran sirah dadi ngelu keliwat-liwat.

blogjawa_dikoran_blog

Coba, bocah labil endi sing ora bakal megar sirahé yèn olèh akèh pangalembana, apa manèh saka koran-koran pinunjul kaya Koran Tempo lan Solopos. Nyatané, sanajan wujud lan umur wis tuwèk ngèklèk, kapribadènku durung sepiroa mateng, kemrampo waé uga durung.

Nanging, bareng dakpikir-pikir, jebul sesrawungan iku uga ninggali ngèlmu rasa, ora kétang mung sethithik kanggo aku. Sinebut sethithik, jalaran aku durung bisa nyesep saripathiné ngèlmu tuwa (basa Éndonésané bebal!). Sebab, apa kang dakgawé ana blog Caturan iku, ora ana liya ya mung srana kanggo gegojègan, madani kanca lan pisan-pindho kanggo lojon, utawa onani ngetokaké uneg-uneg tinimbang dadi kukul lan kutil yèn nganti kebablasen.

Mesthiné, kanca-kanca juru warta ing Koran Tempo lan Solopos (uga koran-koran liyané) bisa nggolèki pawongan liya kang padha nguri-uri basa lan kabudayan Jawa lumantar blog. Sansaya ngrembaka blog Basa Jawa ing internèt kang dimangertèni priyayi akèh, wis samesthiné mbésuké bisa dadi jujugan kanggo papan pasinaon.

Ora mligi kanggo bocah cilik lan nom-noman, nanging uga kanggo para priyayi rada sepuh. Wis dudu wadi manèh, akèh para asepuh kang prigel lan titis ngendikan nganggo Basa Jawa, nanging jebulé mawut yèn wis tekan kudu nyerat, nulis nganggo tembung Jawa kanthi bener lan pener. (Ora usah muluk-muluk tekan nulis nganggo aksara Jawa utawa hanacaraka. Babagan iki, kapétung aku, ora mung grothal-grathul, nanging apal aksarané waé ora. Percaya kena, ora ya ora dadi ngapa. Sing paling apal, mung aksara pa!)

Pingiiiinn…banget rasané Basa Jawa bisa ngrembaka manèh ana kalangané kawula mudha. Tur ya ora usah mingklik-mingklik. Cukup bener lan pener saben padha nulis weling cekak, pesen cekak utawa SMS waé, wong kaya aku wis bungah banget.

Malah pernah kepikiran, yèn ana wong kirim SMS marang aku nganggo basa Jawa kanthi bener lan pener, aku arep ngirimi hadhiah. Embuh iku awujud voucher pulsa utawa tembung atur panuwun kanggo lelipur utawa pangalembana. Nanging, piyé carané, iku isih kudu dipikir.

Mbokmenawa, sawise aku bisa tuku hèlm anyar kanggo nggantèni hèlm sing kebacut benthèt.

Ngaturaké panuwun kang salebet-lebetipun dumateng para sanak kadang kang wis kersa ngaprésiasi blog Basa Jawa: Mas Ichwan Solopos, Mas Dimas Koran Tempo, Mas Antyo Rentjoko lan kulawarga ageng dagdigdug ing mBetawi.

Sumangga, katuran maos blog-blog Basa Jawa liyané kang isiné uga apik-apik lan pepak:
Padhang mBulan
Born Java

Ki Demang
Témbré
Lik Paijo
Tumètèsing Kabar

Mligi babagan blog Basa Jawa kang dakgawé, sumangga maos èdisi cétak Koran Tempo utawa pangalembanané saka Mas Antyo kang nyerat kanthi irah-irahan Blog Berbahasa Daerah: Untuk Apa?

5 thoughts on “Tombok Hèlm Jalaran nge-Blog

  1. sakjane boso inggris kae yo basa daerah kok, daerah enggres, ming kondang wae tekan kene. lha ngopo basa jawa iso kurang kondang… opo merga bahasa indonesia,… yen tak pikir basa indonesia kui ya ming kumpulan basa daerah ugo, pancen aneh nek basa daerah iku di politisir opo diutak-atik kanthi jero. Lha piye para simbah nenek moyang jaman mbiyen kui dek kala semana nggawe duwit koin eh logam opo kertas ya tulisane malah 3 bahasa, ono arab’e, ono landane, ana jawane… apa merga sosialisasine sumpah pemuda ana ing basa daerah mbiyen ora mlaku, koyo pekok’e jaman saiki sing ya raiso sosialisasi… dadi intine komenku iki embuh sosialisasi opo komunikasi, aku ya ora paham 😆

Leave a Reply