Blanja Menyang Pasar

(cathetan mèngeti Dina Kartini)

Awan-awan, aku lunga blanja menyang supermarkèt, sing papané ora sepira adoh saka omahku. Numpak pit onthèl nyambi tèlpun, pancèn ya nyenengkèh. Kanca kenthel (banget) iku ngakak ora uwis-uwis karo ngécé: wong lanang kok blanja! Wagu, ora trima!

Aku banjur mbatin lan protès: apa salahé wong lanang lunga blanja? Apa manèh nèng supermarkèt, menyang pasar waé aku kulina banget. Mbuh kuwi ijèn, apa lagi ngeteraké bojoku, kayata nèng Pasar Legi, Pasar Gedhé, Pasar Kléco lan sapanunggalané. Malah, aku kerep uga blanja ijèn nèng Pasar Legi, soré utawa tengah wengi sawisé klayaban karo kanca-kanca.

(Yèn dak critani, kuduné para lanangan mbeling sing senengé ngumbar mata dadi klayu aku. Saben soré nganti kira-kira jam pitu bengi, Pasar Legi akèh wong ayu. Ana sing ijèn, utawa ndhèrèkaké ibuné sing lagi blanja. Wis to, percaya marang aku, Pasar Legi ora kalah karo swasana parkiran sekolahan (umumé playgroup, TK utawa SD) favorit. Malah, nèng Pasar Legi luwih katon apa anané, déné nèng sekolahan, ayuné kang sinawang kepara rada semu palsu: kakèhan wedhak, ayang-ayang mata (eyeshadow), lan kekandelen bèngès!)

Kanggoku, blanja ana pasar iku akèh paédahé (yèn ana akèh sawangané, dianggep bonus waé, aja kedlarung mundhak dadi cluthak!). Panemuku biasa waé, bisa tinampa nalar, sebab iki mau dadi kaya candhakan, kena ngapa nganti saiki aku bisa srawung blatèr marang sapa waé.

Mangkéné: Awit cilik, aku wis biasa didhawuhi ibuku blanja bumbon menyang pasar ing sacedhaké omahku, anak Klatèn kana. Kira-kira nganti lulus SMA, aku isih kerep blanja dhéwé, sebab adhi-adhiku arang sing padha gelem. Simbah putri uga kerep titip supaya aku nukokaké piranti nginang: suruh, gambir, injet lan mbako énak. (Yèn ora dijanjèni opah, biasané aku ngunthet serupiah-rong rupiah kanggo tuku rokok ècèran, sebab aku wis doyan lan wani udud awit kelas 3 SMP).

Mbareng wis gedhé, aku ngrasakaké, jebul saba pasar iku olèh-olèhané awujud kabecikan: aku dadi wani lan bisa nganyang reregan, ora wedi marang juragan pasar lan sapanunggalané. Cekak aosé, saba pasar njalari kapribadèn (psikologi?) dadi luwih mentes. Mula, yèn panjenengan pingin ndhidhik anak supaya kendel, coba didhawuhi tuku apa waé ana pasar, sing regané bisa mudhun yèn gelem nganyang. Sebab yèn ana supermarkèt, kanthi mbisu waé bisa. Barang sing dipingini dilebokaké kranjang, banjur menyang kasir kari ngethukaké dhuwit, ATM utawa kertu kridit, bèrès!

Bali ana ing crita ngarep, kanca sing dak tèlpun mau malah nganti kepikiran warna-warna, nyatané nganti kawetu ngendika, “Yèn aku ora trima!” Mbokmenawa, dikira ajiku mung dadi kongkonané bojo. Ya ora papa, wong nyatané ora ngerti. Bojoku waé, mbiyèn-mbiyèn ya kagèt saben mulih saka nglayap rada wengi banjur dak olèh-olèhi sayur mentah asilé saka browsing ana Pasar Legi.

“Masak laki-laki beli sayuran. Biarin aku saja…. Laki-laki itu cocoknya nyuci bak mandi atau ngepèl,” mangkono bojoku naté ngelokaké aku. Aku, sih ngguyu waé, wong aku gelem tur ya seneng, kok. Malah, setaun kepungkur, Mas Garin Nugroho waé naté dak ajak mampir Pasar Legi tuku sayuran jam 3 ésuk. Wektu iku, dhèwèké ngajak aku jajan gudheg cèkèr ana Margoyudan.

Boncèngan numpak montor bèbèkku, Mas Garin dak takoni. “Mas, yèn mampir blanja nèng Pasar Legi sedhéla, sampéyan gelem ora. Aja kepeksa, lho. Sampéyan, kan sutradara top, mbokmenawa ngasorké drajad….,” ngono pitakonku.

“As**, ki. Aku ora masalah! Mbok kira aku gèngsinan, po?” jawabé Mas Garin.

Ya wis, jebul dhèwèké ya wis kulina blusukan ana pasar. Mathuk!

“Kowé kok ya athikan, gelem saba pasar barang. Kowé pingin dadi suami yang baik, ya?” Mas Garin malah nyemès aku.

Apa manèh nèng ndésa lan kutha Sala. Nèng Jakarta waé aku kerep blanja sawi, brambang-bawang, lombok, uyah lan endhog nèng Pasar Blora, Dukuh Atas, Mèntèng, kanggo ngganepi yèn pinuju butuh masak mi, jé…. Saliyané ngirit, pinginé uga nyambi ngumbah mata. (Cilakané, nèng pasar Blora iku, sing blanja rata-rata mung réwang utawa pembantu. Mosok, aku cah maju arep lirak-lirik pembantu…. Gèngsi, dong?)

Sing isih nggumunaké, kenapa nganti saiki isih ana sapérangan akèh wong kang isih mbéda-mbédakaké yèn sing ‘pantes’ saba pasar iku mung para wanita. Apa ora pdha mesakaké perjuangané Radèn Ajeng Kartini, kang ngimpi padhané drajad antarané kenya lan para priya. Wong lanang nyetrika ya lumrah, yèn niaté kanggo mbiyantu ngènthèng-ènthèngaké sisihané.

Apa ora malah kuwalik, yèn wong-wong mung padha njubleg, meneng waé saben weruh para putri nyunggi wedhi, ngipatké pacul nyampur wedhi lan semèn, utawa nggepuki watu supaya pecahané bisa kanggo isèn-isèn cakar ayam, kanggo gawé kantor lan apartemèn?!? Owah ya owah, ning mbok ya aja nganti ngowah-owahi kodrat, mudhak cepet kiamat.

Dadi, ngono iku, J****… Jrèng! (yèn blanja nèng pasar, aja lali, kudu mbayar kencèng!)

2 thoughts on “Blanja Menyang Pasar

Leave a Reply