Suruh Garing

(kanggo wanita-wanita prakosa, kang lagi mèngeti Dina Kartini)

Krungu tembung Kartini sinebut, mèh kabèh warga Éndonésa éling marang lelabuhané pahlawan putri pesisir sing nyerat kitab Entèk Peteng, Sumunar Padhang. Sanajan urip kepénak dadi nyai bupati, nanging ora nglunturaké tresnané marang wong cilik. Ngajari maca-nulis, banjur ngupaya supaya aji lan adeg-adeging wanodya bisa tuwuh lan migunani tumraping kamanungsan.

Iku crita jaman biyèn, kang saripatiné bisa kanggo tuladha (sanajan kanggoku isih Jawa-centris) tumeka jaman saiki. Nyatané, akèh para putri kang nduwèni tumindak ngédab-édabi. Prasasat ora duwé kesel, ana kang ngajari maca-nulis bocah-bocah lan warga anom-sepuh ing satengahing alas. Ana uga sing numpak prahu nyambangi warga ing pulo-pulo mencil saperlu wènèh pambiyantu kasarasan lan tetulung marang wong babaran. Tulus, tanpa pamrih.

(Muga-muga Pengèran Kang Maha Asih paring lintu kang murwat kanggo priyayi-priyayi kaya mangkono iku. Amin)

Béda ndésa, béda kutha. Kahanan kang sarwa cumpèn ing ndésa malah nuwuhaké rasa welas marang sapdha-padha. Éwa semana, para kenya ing kutha kang luwih kepama, samubarangé sarwa cumepak, malah njalari bilai. Pancèn uga akèh kang wis akèh tumindak kabecikan, nanging isih luwih akèh kang lali marang ajiné dhéwé.

Pupur lan lulur jebul mung dadi labur. Katoné resik, becik lan apik jebul mung ndhelik. Aku dadi kelingan ngendikané mbah putri mbiyèn kang kerep ngucap suruh garing-garing, kudhung rukuh kanggo tèdhèng aling-aling, saben weruh wanita kang ngendikané alus èdi-pèni nanging kebak srèi.

Satenané, pancèn jaman wis owah, sanajan iku uga lumrah. Ukumé alam pancèn kudu mangkono, bebasan cakra manggilingan. Mesthi ana rotasi.

Wanita kang mbiyèn kerep sinebut kudu wani ditata, saiki wis tumeka wanciné kudu diowahi. Wanita kudu mèlu mranata. Kaya ngendikané Kanjeng Nabi, ndhidhik wanita siji boboté padha karo ndhidhik patang jalu. Panceré balé somah (uga jagad kang luwih gedhé) ora liya anané mung manggon ana wanita.

Sarusak-rusaké wong lanang, waton putriné becik, omahé ora gampang miring apa manèh ambruk. Aku nyawang kiwa-tengen, sing jenengé bégal-kècu iku kalahé marang wanita. Sing sisihané becik, anak turuné melu apik. Kosokbalèné sing putriné mbedhal kurang ajar, lha mbok kakungé tukang ngaji, pinter ngendikan becik kaya ngapa, kahanan omahé mesthi morak-marik.

Gandhèng saiki mangsané coblosan, aja gampang milih pawongan. Yèn kakung, pancèn kudu dipilih sing becik-apik. Yèn ngerti putriné seneng nyandhang penganggo sarwa larang, alon-alon nanging bakal kelakon, mbésuk bakal njeguraké lanangé dadi maling dhuwité rakyat. Nanging yèn nemu calon putri, ya kudu luwih ngati-ati. Jaman saiki, golèk pupur luwih gampang, tur ora larang. Suruh garing-garing, kudhung rukuh kanggo tèdhèng aling-aling. Mangga padha diéling-éling.

[Yèn aku dhéwé, ndilalah durung sreg milih. Pilihanku mung siji, angkat topi kanggo para wanita-wanita prakosa, kang ora kèli ing banjir bandhang sesrawungan, kamangka laku uripé ngédab-édabi, ora kurang rekasa lan lara-lapané, lair tuwin batiné. Hormat saya paling dalam untuk meréka, yang telapak kakinya lebih pantas disujudi, meski saya tahu, belum tentu meréka mengagumi Kartini….. Dari merékalah, saya berjuang menegakkan pancang rumah.]

Wahai Perempuan Éndonésa, Selamat Hari Kartini!

Leave a Reply