Tukang Pijet

Wis suwé aku ora wédangan nèng Yosoroto, pojoké Hotèl Diamon. Saploké Juki mulih nèng ngGunung Gajah, cedhak mBayat, wédangané wis dadi ora ramé. Mbiyèn, saben jam lima soré, aku mesthi wis ana kana. Kancane akèh. Paling ora ana Pak Bini lan Kang Pétruk, pilot kang duwé sambèn dadi naip.

Yèn rada bengi, gentènan karo rombongan tukang pijet tuna nétra (yèn tuna iku rugi lan nétra iku mripat, apa tegesé tuna nétra iku rugi mata?). Yen lagi jangkep, ana nenem cacahé. Biasané, jam-jam 12-an bengi, wédangané Juki kanggo jujugan kencanan sadurungé banjur mulih bebarengan ana kos-kosané wong-wong wuta kuwi. Yèn mlaku irit-iritan, kaya bocah cilik dolanan sepur-sepuran.

Saking kulinané, kanca-kanca biasa gojèg kéré karo wong-wong mau. Ndilalahé, ana sawijiné wong wuta kang uga senengé celèlèkan. Lagi pénak-pénak padha jagongan, wong wuta mau sengaja ngrusak kahanan.

“Iki jam pira to, Juk, kok peteng temen. Apa listriké lagi oglangan?”

Mas Kribo sing nembé jagongan karo Pak Pédro ngèkèk. “Wedhus, ki. Mbok kacamatané dicopot sik, bén kétok padhange! Genah listriké kencar-kencar ngono, kok,” ujaré Mas Kribo.

Wong wutané mangsuli, “O iya, ya. Aku lali isih nganggo kacamata ribèn.”

“Lha kacamata baca-ku mau kèri ngomah apa, ya? Pantesan awit mau, aku pijer kesandhung waé. Malah disenèni pulisi barang merga aku ora liwat penyebrangan,” wong wuta mau mbacutké tembung. Ndremimil dhéwé.

Ora let suwé, kancané teka siji manèh. Sing teka luwih dhisik mbagèaké kancané. “Wah, iki…, sing bar éntuk pasièn ayu kinyis-kinyis. Piyé, gegeré putih mulus apa ireng kaya kowe?”

“Olèhé arep ngerti putihe ki, piyééé… Wong sidané ora njaluk pijet, kok. Aku diajak mlebu kamaré mung diajak mangan. Rotiné énak tenan. Empuk, gurih, ana rajangan dagingé ana njeroné. Nyoh, rasakno!”

Wong wuta sing lagi teka ngulungaké wungkusan saka sak jakèté. Sing diwènèhi bungah. “Uéngak tengangy. Njenengé oti o-o, ya?”

“Mbok dientèkké sik, lagi takon. Apa ngombé sik ngono, lho….!”

Nurut. Bubar nyruput tèh angeté, wong wuta sing sepisanan mau banjur takon marang kancané. “Apikan temen tamuné. Wis makani kowé nganti wareg, kok isih gelem nyangoni roti.”

“Ssstt… Kuwi mau olèhku ngunthet. Pas wongé méngo nyawang berita tipi, rotiné tak saut siji.”

Pak Pédro ora kuwat ngampet ngguyu, banjur nakoni. “Apa kowè weruh tamuné lagi nonton tivi?”

“Weruh waé. Wong aku ora nganggo kacamata ribèn! Tak tinggal metu waé yo ora ngerti, kok.”

“Ngertimu!?!” ujar´Pak Pédro.

“Nyatané meneng waé, tur ya ora alok kélangan. Berarti wongé ora ngerti yèn tak tilapké, to?”

“Sakarepmu! Wong wuta kok bisa nyawang wong nolèh barang,” Pak Pédro gemremeng.

Wong wuta mau mbisiki kancané, omongané klesak-klesik. “Wis genah padha ngerti yèn awaké dhéwé wuta kok isih dièyèli, ya? Pekok tenan wong kaé……”

3 thoughts on “Tukang Pijet

Leave a Reply