Panjenengan, Menus!

Bengi iki, aku nemu tembung lawas: menus. Rasané piyé, ngono lho. Tembung arkais, ujaré wong-wong kang mangan sekolahan. Larah-larahé, sajroning caturan ana rai-buku (iki dudu basa Jepang, nanging negesaké saka tembung facebook) karo Oyos, kancaku kang keceluk dadi penyair, mapan ana ing Lampung.

Ujaré Oyos, ”Si*** iku kemakèn tenan! Wis sugih, gayané tetep kaya kéré waé, menus siji kaé!”

Ora amarga nesu yèn Oyos muni mangkono. Malah kepara nuduhaké sepira raketé anggoné padha kekancan, mligine marang wong kang kasebut menus mau. Menus, ora ana bedané karo tembung manungsa, lan sapanunggalané. Saélingku, aku ora krungu tembung watara rong puluh taun suwéné, bisa uga malah kliwat.

Simbah putriku, kang paling kerep nyebut tembung kuwi waé, wis entèk sèwune sadurungé aku sekolah ing Pakistan. (Ojo gumun, yen saben dina aku numpak pit onthèl mèrek Raleigh warna ijo, dak lajo saka Klatèn tumekaning Pakistan, yaiku Pakis mangétan).

Seneng rasané krungu tetembungan kang manékawarna. Bisa nambahi rasa beda. Urip uga dadi krasa sansaya pepak. Jaréné basa adpertènsi: hidup lebih berwarna!

***

Béda Oyos, béda manèh pikolèhku chatting nganggo fesbuk kalawan panjenengané Kangmas Aboeprijadi Santoso. Dak aturi nganggo sebutan panjenengan, priyayiné sajak njenggirat. Kagèt. “Jangan pakai kata panjenengan, lah…,” mangkono ngendikané.

Aku matur, kagunané tembung panjenengan ora ana sambung-rapeté marang undha-usuké ana ing bebrayan agungé wong Jawa. “Ini bentuk penghormatan saya terhadap siapa saja, jangan dilihat dari perspektif feodalisme,” aturku. Katrima!

Mas Aboe dhemen, bisa nampa apa kang dak jlèntrèhake, sanajan ora dawa. Bejané ketemu priyayi lantip. Gampang nyandhak babagan apa waé.

Ananging uga, aku isih kerep bingung. Ora kurang anané wong seling-surup babagan tata krama kaya mangkéné. Umume padha mangira, basa krama (madya lan inggil) nuduhaké asor-dhuwuré drajad manungsa. Apa manèh ana kalangané para aktivis utawa priyayi kang nduwèni sesrawungan sajembare donya, luwih-luwih kang naté ngrasaaké jaman Soeharto.

Wektu semana, kabèh kang mambu Jawa tansah dianggep keliru déning sapérangan kanca. Aku ora bisa ngluputaké panemu kaya mangkono mau. Nyatané, jaman Soeharto, Indonésia prasasat dadi Jawa. Uber alles. Tetembungan apa waé, utamané gedung-gedung pemerintah mesthi dijenengi nganggo basa Jawa kawi, saéngga krasa ana Jawanisasi, kalebu anané pogram transmigrasi. (Mula ora gumun yèn sedulur-sedulur saka Acèh dadi nggebyah uyah kabèh kaluputan pemerintah jaman semana banjur dibrukké marang wong Jawa, wong Jawa dimungsuhi)

Oalaaah… menus! Dumèh pingin nguwasani Indonesia wae, banjur apa-apa diraketaké nganggo tetembungan basa Jawa. Anèksasi kultural, ya? Dhasar, menus!

2 thoughts on “Panjenengan, Menus!

Leave a Reply