Basa lan Rasa

Kancaku siji iki kemekelen sasuwéné dolan nèng Bandung, 14 taunan kepungkur. Wektu iku, aku lan Mas Warta nembé mlaku-mlaku ana terminal sacedhaké Statsiun Hall, golèk angkutan jurusan Lèdeng. Akèh calo lan kernèt nawakaké lungguhan montor-montor kang arep budhal. Mas Warto tansah cekikikan.

“Basané lucu, nggih? Mosok, calo mboten kétok kerengé babar blas.”

Bareng dak eling-eling lan dak gagas, jebul pancen ana beneré omongané Mas Warto mau. Ana yèn mung telung tahun aku ijlag-ijlig Sala-mBandung-Jakarta wektu semana. Sewulan malah bisa kaping telu utawa kaping papat. Tengah wengi gonta-ganti numpak angkot saka kampus ASTI (saiki STSI) Buah Batu menyang omahé Kang Tisna, prasasat ora duwé wedi.

Jalaran apa? Ora liya amarga basané wong kana kaya ora pantes kanggo nesu, utawa misuh. Pethukan gali wis makaping-kaping, nanging yèn wis omongan nganggo basa Sunda, rasané alus pisan, euiy… Piyé sing arep wedi?

Umpama ketemu lan dipenthelengi Iman Solèh, umumé wong mesthi pada gigrik. Pawakané gedhé dhuwur, kulitané rada peteng, brengosé njlekethèt lan ketel, tur yèn nyawang, mripaté mencereng. Waton ora nganggo caturan, sapa waé bakal keslimur. Kamangka, sing jenengé Iman, yèn wis ngomong, alusé ngungkuli wong apus-apus.

Semono uga yèn ketemu wong mBatak. Aku uga kerep kagèt luwih dhisik. Yen ngomong seru, rasané kasar kanggo kuping (apa maneh rasa) Jawa. Kamangka, iku mau watesé mung ana lisan. Mbokmenawa, aku wis kena pengaruhé wong-wong mBatak ana Jakarta, utamane kang makarya ana ndalan, kaya déné para sopi lan kernèt MétroMini utawa angkot.

Iku mau mung cathetanku. Aku ora arep mbedak-bedakaké siji lan sijiné, ananging pingin ajak-ajak panjenengan sadaya supaya ora gampang mbiji liyan amung saka tata lair utawa kang kasat mripat. Sing ngendikané keprungu kasar, durung mesthi yèn priyayine uga kasar.

Nyatané, sanajan kondhang kawentar babagan alusé basa lan tata krama, akèh wong Sala bisa tumindak aniaya marang sapadha-padha. Malah ana sapérangan kanca, pisuh-pisuhan waé nganggo krama inggil kang alus lan dakik-dakik. Mbokmenawa uga, iku mau amarga warisané raja-raja Jawa mbiyèn, kang matèni mungsuh waé kanthi mèsem utawa ngguyu.

Malah, keris wae kepara diakehi luk-é, supaya  Malah, keris wae kepara diakehi luk-é, supaya yèn matèni mungsuh dadi ana ‘seni-né’. Pucuké dicublesaké ana wetengé mungsuhé, banjur diunyer-unyeraké karebèn brodhol jerohané. Kamangka, keris iku kerep dijamasi, diadusi nganggo lenga kang mawa wisa supaya kang séda amarga léna kecubles keris mau, ngrasaaké patiné kanthi ‘sampurna’.

Kejem? (Gumantung saka endi anggonmu nyawang)

2 thoughts on “Basa lan Rasa

Leave a Reply