Jamané (Wong) Ngemis

Jaman yen wis owah, apa waé bisa diarani lumrah. Ngemis cara alus, malah wis ora kurang contoné. Wong ngamèn, umpamané. Sanajan nembé genjrang-genjrèng lan nyanyi sakecap, yèn wis diulungi dhuwit banjur klépat. Minggat. Kerepé, malah tanpa ngaturaké panuwun.

Sing jenengé politisi, ya mung semono uga wateké. Umuk janji lan pamèr rai, kamangka bakuné ya mung ngemis biting, butuhe cacah swara. Wis pirang pemilu, kahanané popog waé. Mbengok banter ana sangarepé juruwarta, cekak aosé ora luwih saka éthok-éthok nuduhaké marang wong akèh, yèn sajroning dadi wakilé rakyat, wis nyoba tumindak becik. Satenané piyé? Kabèh wis melok. DPR(D) wis dadi papan bakulané wakil rakyat.

Rada béda sethithik karo pengamèn lan politisi, wong sugih-sugih saiki uga wis akèh kang nduwèni lelara anèh. Ngemis terang-terangan, dikétok-kétokake lumantar sedhahan, layang ulem. Tembungé pancèn ngatonaké momot kasusastran. Alus, nanging kabèh kang maos bisa énggal nyandhaki karepé.

Umumé kaserat cara Mlayu, kira-kira mangkéné surasané: Tanpa mengurangi rasa hormat, mohon ucapan tanda kasih tidak berupa kado atau karangan bunga. Kado tandha tresna, dianggep mung bakal ngebak-ngebaki omah, sanajan wujudé gedhong magrong-magrong kakèhan senthong.

Umpama digawé mlaha, mbokmenawa unine bakal mangkéné: Yèn niyat nyumbang, mugi kersa awujud dhuwit waé.

Kanggoku, wong-wong kaya mangkono iku uripé tanpa ana seniné babar pisan. Atiné garing, rasa-pangrasane wis papak. Mula uripé dadi ora pepak. Paribasan bisa ngregani kekancan utawa paseduluran, dhèwèké bisa nampa tandha tresna, kang wujudé bisa apa waé. Pelukis, umpamané, bisa ngaturaké lukisan kang paling apik minangka pengéling-éling marang wong kang ditresnani.

Yèn wis kebacut owah, pancèn angèl digawé nggenah. Ananging, ora ana luputé umpama aku lan panjenengan sadaya wani sithik-sithik nabrak ‘angger-angger anyar’ kang èlèk kaya mangkono. Kekancan lan paseduluran tan bisa kaukur dening gedhé-ciliké dhuwit sumbangan.

Ora ndésa ora kutha, dhuwit wis kaya raja. Aku kangen kahanan guyubing paseduluran kaya rikala aku isih cilik mbiyèn. Saben mantu, supitan utawa slametan kelairané jabang bayi, kang duwe gawé mesti ngideraké punjungan marang tangga teparo nganggo ténong. Isiné manéka warna: sega-jangan, roti bluder, wajik, lemper lan sapanunggalané. Ujubé, ora liya mung atur pawarta yén ana kang nembé kagungan kersa.

Adaté, kang oléh punjungan bakal énggal genti sowan, ngaturaké panuwun lan mèlu bungah. Sing putri ngasta bondhotan, isiné uga werna-werna. Bisa awujud beras, gula-tèh, utawa woh-wohan. Arang kang awujud dhuwit. Malah, umumé banjur padha mlebu ana gandhok, mélu olah-olah: kelan jangan, nyithak roti utawa ngungkusi ketan kanggo gawé lemper.

Kabèh mau, ora liya kajaba kanggo ngènthèng-ènthèngaké kang kagungan kersa, amarga biasané para kakung, anom-sepuh, banjur lék-lékan, saka bengi nganti ésuk. Perlu unjukan, nyamikan lan dhedhaharan. Sabab ana papan lék-lékan, wis lumrah yèn sapérangané padha gawé kalangan, banjur dolanan domino, gaplé, ceki utawa remi. Pancèn ana siji-loro sing dhuwitan, nanging uga ora kurang kang main mung sadrema kanggo cegah lèk, supaya ora gampang énggal arip. Ngantuk.

Jaman mbiyen, rembugan dhuwit ana sajroning paguyuban dianggep saru. Ora ilok! Dhuwit dianggep mung sadrema srana. Ora wajib ana, apa manèh ndadak diana-anaaké. Anane sithik bisa nambahi becik, ana akèh uga ora ndadèkaké wong gampang nolèh.

Jaman mbiyen uga, wis akèh wong mbarang. Ana kang nganggo gamelan jangkep karo lèdhèké, ana siteran, uga ora kurang kang mung nganggo kothakan kanthi jebug ing satengahé. Sanajan iringané jebug lan kothak ditaboki, ananging tukang mbarangé bisa nembang kanthi pener lan kepénak ana talingan, tur tutug. Jangkep sagendhing utawa tembang. Ora nggresula yèn ora dibayar, nanging énggal ngaturaké panuwun sumpama diparingi dhuwit sanajan rècèhan.

Saiki? Nyatané pancen wis owah.

(Muga isih bisa diowah-owah, lan ana kang kersa mèlu ngowah-owah manèh. Mbalik menyang jaman becik)

4 thoughts on “Jamané (Wong) Ngemis

  1. warungselatsolo

    Jaman pancen wis owah, Dhimas Blonthank. Tukang mbarang —pengamen— yen wis diulungi dhuwit banjur klepat, minggat; yen ora diwenehi duit nesu, muring-muring….

  2. Kulo nemu ukoro “jaman biyen” kang dipun ambali bola-bali. Panjenenganipun ingkang mbaurekso blog endah edi peni puniko mesthi satunggaling priyantun lawas, sampun yuswo, utawi mawi boso terminalipun wes tuwek…hahahaha…

  3. témbré | bala dhupak pidak pedarakan

    Kala rumiyin, nalika kula sekolah, wonten satunggaling profesor ingkang asring ngendika, “Without duit yo can’t do it.”

    Lah panci jaman edan.

Leave a Reply