Blog Tukang Kendhang

Kemajuan iku pancen maneka warna wujude, gumantung kahanan sakiwa-tengene. Kanggone wong kang lair lan gedhe ana kutha kaya dene Ndara Kakung, nganggo internet iku paribasan sega jangan, dibutuhake saben dinane. Apa maneh ora bisa mbukak email, ora nge-plurk setugel dina wae, rasane kaya urip ana jamane homo wajakensis.

Beda Ndara Kakung, beda uga donyane Ki Sukarwan. Dhinapuk dadi tukang kendhang dalang kondhang kawentar pancen ora baen-baen. Kabeh niyaga padha manut marang dheweke, ora mung ana sajroning konser karawitan, nanging nganti tumeka ana urip saben dinane. Arep diarani apa wae, pengendhang iku senopati perang saumpamane.

Kaya dene senopati, Ki Sukarwan mesthi ketengen dening dhalange. Bayare uga akeh dhewe tinimbang kanca-kancane. Kang bisa madhani bayarane, ora liya kejaba para sindhen, sanajan tetep beda sakabehane. Sindhen bisa owah sawayah-wayah, nanging pengendhang ora bisa diganti sawanci-wanci.

Ngganti pengendhang tanpa jalaran, bisa nyilakani marang awake dhewe. Dene babagan sindhen, dhalang bisa golek ganti sindhen kang wis ora dikersaake. Biasane, sindhen ora mung dipilih karana apik-eleke swarane, nanging uga rupa lan solah bawane, jalaran umume dhalang seneng karonsih sinambi diura-uraake.

Bayaran akeh lan sarwa ketengen, ndadeake Ki Sukarwan lali bibit sekawite. Dheweke kerep daksiya marang para niyaga liyane. Malah, ana siji-loro niyaga kang dikaryaake ana omahe, ujube dianggep nyantrik supaya kecipratan kapinterane. Nanging dhasare niyaga mau uripe kesrakat, bisa melu Ki Sukarwan wae rumangsane bakal bisa dadi niyaga mumpuni ing tembe, kaya dene gurune. Kabeh dhawuhe Ki Sukarwan bakal ditindakake dening para cantrike, sanajan urusane mung saperlu methuk anak-anake saka sekolahane, utawa ndherekake Nyi Sukarwan blanja menyang Matahari.

Urip mulya pancen wis gawe lenane Ki Sukarwan. Apa maneh saploke ngerti internet, sanajan nganggone mung gratisan saka kantore. Karana wis 30 taun dadi pegawe negri, mula lumrah yen pangkate lumayan, bisa ngereh anak buah. Ora mung anak buah ana kantore, nanging uga anak-anak buah liyane.

Jlentrehe mangkene: kantore Ki Sukarwan iku kang ngurusi bab kesenian lan kabudayan. Tanggapan saka pusat utawa propinsi, mbuh kuwi gambyongan, kethoprakan utawa langendriyan, dalane mesthi kantore Ki Sukarwan. Mula, para niyaga, sindhen, lan pambeksa njaga kekancan marang dheweke, supaya bisa diajak pentas sawayah-wayah.

Wis ora kepetung cacahe, kaping pira Ki Sukarwan sakanca ngisi pahargyan lan pasamuan agung kang dirawuhi presiden. Malah, wis limang presiden. Jamane Pak Harto, Ki Sukarwan sakanca kepetung paling kerep jalaran presiden siji kuwi kondhang seneng mamerke kabudayan Jawa, sanajan acarane ana Merauke, Tapanuli utawa neng Kalimantan.

Pokoke, Ki Sukarwan melu moncer, dadi kawentar sanuswantara, ora mung karana melu ngendhangi dhalang kondhang. Kabeh gendhing nglothok, awi saka anggitane Mbah Martopangrawit, Mbah Nartosabdho, nganti jamane Pak Anom Suroto lan Warsena Slank kan seneng grombyangan nggawa campursari ana sajroning pakeliran.

Ing jaman maju kiyi, Ki Sukarwan ora trima yen ketinggalan. Laptop gambar apel kecakot tansah ana sajroning montor aluse. Neng bangkekane, ana baki ireng utawa Blackberry, lan sana sak klambi isih ana tilpun gegem-e kang wis momot wi-fi, HSDPA, lan kamera foto uga. Pokoke, sawayah-wayah, dheweke bisa online, mligine kanggo urusan babagan undangan tanggapan.

Kabeh wong ing sakiwa-tengene padha gumun. Ki Sukarwan bisa entuk tanggapan sarwa cepet, prasasat ora kudu nganggo tilpun-tilpun-an utawa sing nanggap kudu marak sowan rembugan lan aweh panjer kanggo kekenceng. Para niyaga lan pesindhen ya padha ora ngrewes rega tanggapane. Bakune, tukang demung wis rumangsa tentrem yen oleh bayaran nyatus seketan, apa maneh yen kerep ditimbali wayangan utawa gambyongan. Semono uga para pesindhen, wis seneng yen entuk nglimangatusan samenyangan.

Kabeh padha ora ngerti, yen sejatine entuk-entukane Ki Sukarwan kuwi gedhe makaping-kaping tinimbang gunggung bayarane sepuluh sindhen. Kabeh mau, karana Ki Sukarwan duwe website utawa blog kang momot sapa lan apa kapinterane para niyaga lan sindhene. Tanggapan selawe yuta isih kepetung murah, sanajan kudu menyang Jakarta nyangking sindhen lima lan limolas niyaga. Kamangka, Ki Sukarwan isih entuk res-resan paling ora pitung yuta.

Umume para niyaga lan sindhen pancen sumarah, sarwa narima marang rejeki peparinge Gusti. Mula, uripe padha tentrem. Ora kaya kang padha disawang ana sangarepe saiki, Ki Sukarwan kelaran kakehan sambat. Unine, dhadha krasa seseg, gurunge muneg. Ujare dokter, Ki Sukarwan kudu istirahat sawetara. Gajih ana badane kudu disuda, disedhot supaya mbesuke gampang anggone ambegan. Jare dokter, paling ora, ana 15 kilo gajih kang ora ana gunane kesuwen mondhok ana badane Ki Sukarwan.

Mula, wis sawetara Ki Sukarwan ora bisa lenggah dhemes saben ngendhangi ki dhalang kondhang. Ana setaun wis ora diajak. Begjane, dheweke duwe blog, mula anggone bakulan kanca-kancane isih tetep lancar lan ketingal gangsar.

5 thoughts on “Blog Tukang Kendhang

Leave a Reply