Krèwèng

Kabèh wong lawas sing biyèn dolané ana Té-Bé-èS mesthi kenal karo sing jenengé Krèwèng. Kulitané ora njanges, malah sapérangan rambuté rada nayèng. Semu coklat kaya rambuté ABG lan bulik-bulik (karepku: tante) jaman kiyi. Krèwèng pancèn gaul! Grapyak marang kang wis dikenal, seneng bengok-bengok, kakèhan alok marang wong kang durung naté ditemoni.

Ana Té-Bé-èS, Krèwèng tansah tumindak becik. Anane Té-Bé-èS dadi aman, iku kabèh jalaran wohing pakertine Krèwèng. Nanging, amarga kahanan badane, Krèwèng ora gelem nampa dhuwit saka kanca-kanca kang manggon ana Té-Bé-èS. Dhèwèké trima dijajakaké mangan, ésuk, awan utawa wengi. Ora diwènèhi, dhèwèké uga ora nggrundhel. Apa manèh nyacat.

Rikala semana, Krèwèng digematèni déning priyayi akèh. Apa manèh para suniman kang wis mapan, kaya déne para pelukis lan para koreografer. Saben weruh Krèwèng, mesti énggal diundang lan dijajakaké panganan. Werna-werna panganané. Sega-iwak prasasat wis dadi menu harian.

Nanging, sansaya suwé, Krèwèng rada nganyelaké patrapé. Dhèwèké dadi rada pilih-pilih saploké ana sawijining suniman kerep wèwèh luwih akèh. Suniman kang keceluk pelukis laris (ngakuné) iku paling kerep nguja Krèwèng. Mangane ora trima mung daging utawa gramèh, malah kerep rempela ati. Malah, kerepé ora mung siji.

Pelukis laris iku kaya mangkono terus kelakuané, nganti ndadekaké Krèwèng adoh saka wong-wong kang kerep ana Té-Bé-èS. Apa manèh, kanca-kanca mahasiswa Akademi Ngisor Pelem. Kabeh dadi kaya njothak Krèwèng. Saben pelukis laris ora teka, Krèwèng kang nyedhak ora dirèwès.

Bola-bali disepèlèkaké, Krèwèng sedih. Dhèwèké banjur kerep ngijeni, ngadoh saka kanca-kanca. Diundang wae ora gelem nyedhak. Mbokmenawa pancèn kisinan lan ngrumangsani patrapé dhéwé. Sedhihé Krèwèng tambah ndadi bareng pelukis laris mau kapundhut sowan marang ana ngarsané Gusti Kang Mahakawasa. Krèwèng bener-bener kijènan.

Ora sawetara suwé, Krèwèng nandang lara. Pirang-pirang kanca sing naté ketemu ing papan nyepiné, padha meruhi matané Krèwèng ngetokaké luh. Krèwèng tumeka ing patiné. Kabeh civitas academica Akademi Ngisor Pelem ngrasa kélangan sanajan ora mèlu ndhèrèkaké prosesi nyareaké almarhum Krèwèng, ana sajroning komplèks Té-Bé-èS. Tak ada karangan bunga duka cita!

Sedina rong dina, kabeh durung krasa. Ganep sewulan, kanca-kanca bener-bener rumangsa kélangan. Donya kaya ana kang kurang tanpa Krèwèng. Sepi. Apa maneh yen wis wengi, kanca-kanca kang wis padha sepuh samya ora permana. Ora ngerti sapa dhayoh kang teka ana Té-Bé-èS, apa manèh yèn tamu anyaran, mesthi ora bisa nyapa dhisik sadurungé cedhak lan ana panggonan padhang.

Mbiyèn, paribasan ditinggal turu waé, Krèwèng bakal nggugah saben ana dhayoh anyaran. Krèwèng mesti njegog banter, tur dibolan-balèni nganti ana kanca kang nyedhaki utawa mbagèkaké dhayoh mau.

10 thoughts on “Krèwèng

  1. témbré | bala dhupak pidak pedarakan

    Punika cariyos cekak ing nrenyuhaken, saged dipun olah dados langkung nyastra. Panjenganipun Kang Blonty ingkang Mbois panci sekti.

Leave a Reply