Rambute Brutus

Neng Solo, jeneng Brutus wis kondhang kawentar, apa maneh neng kalangan seniman. Sekolahe dhuwur, sarjana senirupa saka universitas negri. Ora suwe maneh, dheweke mesthi enggal guwe titel master. Mungkin langsung program doktor. Dheweke nembe wae entuk beslit, ketrima dadi dosen kampus negeri, sing urusane mligi babagan kesenian. Telung sasi maneh, dheweke kudu melu latihan prajabatan, kanggo sarat wajib dadi pegawai negri.

Aja takon karyane. Dheweke mung duwe sithik, aja-aja malah mung siji amarga wajib gawe kanggo sarat ujiane sarjanane mbiyen. Sing aku ngerti, karya senirupane sing bisa dipamerke yang mung siji. Lukisan gambar gunung, judule Karja Toegas Achir.

Nanging, yen bisa dipenging, kanca-kanca sing nembe kenal dheweke dak elingke supaya orang nyinggung babagan lukisan. Yen ngajak diskusi, aku malah nyurung-nyurung. Brutus paling seneng diskusi. Tema-ne apa wae ora masalah. Wacane akeh, sirahe kebak ilmu. Saka puisi-puisine Wiji Thukul nganti cerpen-cerpene Utuy Tatang Sontani, utawa babagan drama. Pikirane Stanislavsky, Brutus uga ngerti. Nglothok kaya yen crita ngenani almarhum Arifn C Noer. Brutus uga suwe dadi aktor, malah kerep dadi rol.

Neng dhuwur panggung, Brutus pancen njenggo. Mangkane, akeh para wadon kesengsem marang dheweke, sanajan Brutus ora mudheng yen disenengi para kenya. Lambene lunyu, omongane tlunyar-tlunyur, tapi sarwo diatur. Malah, kanggone sing ora duwe pengalaman, kenya-kenya seniman iku rumangsa disenengi amarga Brutus enthengan marang dheweke. Apa maneh ngladeni unjukan, ngeterake penari blanja kostum neng Klewer wae mesthi dilakoni kanthi sumringah.

Nyritakke ilmune, yen ditulis nganggo MS Word, komputer bisa dadi rendhet saking akehe. Babagan filem, dheweke jagone. Saka Djamaludin Malik, Yudi Datau, Garin Nugroho, Akira Kurozawa…. Wis suwe dheweke gawe paguyuban tukang gawe filem dokumenter barang. Apa maneh mung tulis-menulis. Sipiiilll….. Brutus malah wis suwe gawe majalah gratisan kanggo ngajari nulis bocah-bocah sekolah SMA-nan. Malah, wis akeh sing mentas lan bisa gawe novel dhewe, sanajan mung kelas chicklit-an.

Brutus pancen guru sejati. Dheweke setiti babagan ndhidhik bocah-bocah saiki. Dheweke wedi yen Indonesia ajur mumur amarga rakyate bodho lan ora ngerti seni. Anane paten-patenan lan gegelutan, kabeh mau jalaran wong Indonesia saiki wis suwe kelangan jatidiri. Amarga ora ngerti seni, dadine ya kaya saiki, ora ana harmoni. Mangkono ujare Brutus.

Nanging, durung suwe iki, Brutus kaya wong linglung. Diajak rembugan ora tau nyambung. Doel Sumbing, wentene Brutus uga bingung. Lik Brambang semono ugo. Ditakoni ora bisa mangsuli.

Seminggu nganti sesasi, kahanane Brutus panggah wae. Ora malih sithik-sithika. Aku dhewe nganti kesel nggoleki sebabe kenapa Brutus muwun terus. Ana wong satus sing dak takoni, prasasat kabeh mung gedheg-gedheg. Mung siji-loro sing mangsuli sekecap mboko sekecap. “Sir-sirane rabi, yake…,” mangkono ujare Rahayu, penari sing jenenge moncer jalaran kerep diskusi karo Brutus.

Aku mutung, judheg mikirake Brutus. Bola-bali dolan neng omahe, sing nemoni mung ibune. Brutus ora gelem metu saka kamare, ora gelem disusul kanca-kancane. Dikunci rapet saka njero, malah adike nganti perlu gawe lawangan cilik neng tengah lawang kamare. Kabeh mau amarga ibune uga dadi sedih, amarga Brutus ora gelem njupuk dhewe panganan neng gandhoke.

Sawijining dina, aku diajak kanca motret banjir neng Demak. Satengahe motret, aku dibengoki wong. “Bengkring, kowe ngono keceh neng kene?”

Aku clingukan, nggoleki sumbere swara mau. Jebul sing mbengok mau si Pepeng, tangga indekos jaman neng Sala, sing saiki urip neng Juwana, sawise gagal dadi pelukis neng Bali lan Jakarta. Dheweke saiki sukses bisnis kaligrafi saka kuningan, bahune ana seket wong cacahe.

“Piye kabare Brutus? Apa dheweke wis kumpul-kumpul maneh karo kanca-kanca?”

Aku kaget lan ora bisa jawab pitakonane. Jebul kabar babagan Brutus wis sumebar tekan ngendi-endi. Pepeng ngaku krungu kabar iku marga ditelpon Jamblek sing saiki netep neng Magelang.

“Aturan negara ki wis ora genah. Yen sing natar ora seneng weruh wong gondrong, mbok gawe peraturan supaya peserta penataran kudu tampil rapi. Ora perlu meksa wong wajib ngethok rambut kanggo peserta latihan prajabatan. Opo sekolahane ora rugi dhewe yen gara-gara rambut wae, Brutus ora bisa nularake ilmune neng sekolahane. Ngono kuwi rak ya bisa gawe dispensasi to? Nyatane, akeh dosen lanang neng kana sing rambute dawa-dawa, malah ngungkuli dawane rambut penari bedaya.”

5 thoughts on “Rambute Brutus

  1. brutus

    aku brutus. cen bab potong rambut ki bakal dadi masalah. saka jaman samson nganti saiki. tur kawit jaman samson mbiyen, deweke ki ya mung diapusi delilah. kuwi ya nganti saiki..hahahaha..

  2. Aku moco cerito ing dhuwur kuwi dadi mikir, “berarti si Dony kae penampilane kudu digawe njenggo, ben akeh wong wadon sing minimal gelem nglirik lah..”. Ning tekan aku mencat-mencet keyboard ngetik komen iki, opo sing diarani njenggo kuwi babarblas isih durung mudeng sing kepiye… opo iyo Dony kudu bersekutu dhisik ro sampeyan ben iso diwarahi njenggo?? hahahaha

Leave a Reply