Atur Panuwun Kagem Ichwan, Mas Tyo, Muchus…

Matur nuwun kanggo Ichwan kang ngesuhi Solopos edisi Basa Jawa, Mas Tyo lan Muchus (detikcom) kang wis maringi cathetan lan atur apresiasi kang dhuwur marang blog iki. Kadang sayekti ya pancen kaya dheweke iku: kersa ngritik apa anane, gelem alok tanpa tedheng aling-aling.

Parmila, aku ora bakal ngowah-owah apa kang wus diaturake dening Ichwan lumantar comment kang wus digawe, supaya para sedulur kang maos tulisan-tulisanku bisa mangerteni perangan endi kang keliru, ana sasar-susuring aturku kang wus tinulis. Atur panuwun uga kaaturake kagem Mas Adi kang wus ngelingake bedane ketinggalan lan keri utawa kentun aneng posting kanthi irah-irahan Tukang Becak Apikan.

Sumangga, cubluking pangertosan kang dak duweni bisa sansaya (sadurunge dielingake dening Ichwan, aku nulis nganggo tembung samsaya) suda awit aku bisa ngiras-ngirus sinau uga saka komentar-komentare para sanak kadang. Mbokmenawa, iki dadi dalane Gusti Allah maringi ganjaran kanggo para kadang. Tholabul ‘ilmi, wujud ngamal jariyah kang paling gampang dilakoni, ananging akeh sing padha nyirik.

Matur nuwun sadayanipun kagem panjenengan sadaya. Nuwun…..

5 thoughts on “Atur Panuwun Kagem Ichwan, Mas Tyo, Muchus…

  1. Kita sadaya, utaminipun kula, namung ngombyongi kemawon.

    Basa Jawi kula awon sanget, lajeng wonten ing blog kados punika kula saget ngangsu kawruh supados lantip kados dene paman patih blontank ingkang misuwur saha ngrejekeni.

    Bab “kantun” lan “ketinggalan”, swargi bapak kula kagungan conto sanes. Mekaten pengandikanipun, “Cah, turah lan sisa kuwi beda. Mulane kowe ora bakal gelem disisani panganan ning luwih milih diturahi.” 😀

    Manawi bab tembung “beda”, wonten pundi bentenipun sakung “liya” lan “seje”?

    Oh inggih wonten cathetan. Para kanca lan sadherek ingkang piyantun Semarang langkung remen tembung “seje” kagem nyebat “dudu”. Lajeng kula moyoki, “Lha yen ngono tembang Bapak Pucung kae mengkene unine, ‘… seje watu, seje gunung…’.” 😀

Leave a Reply