Nyamikan Nggrawut-grawut

Bengi kang regeng sajroning kantore sedulur kang mapan ing sakiwa-tengene Rumah Sakit Pertamina, Jakarta. Rembugan ngalor-ngidul, gojegan ora ana juntrungane salebare padha meeting, ngendikan wigati babagan kepriye carane bisa nambahi kagunan anyar ana jerohane barang kang kawastanan Nampan Ireng utawa Blackberry (yen mBah Basiyo, mesti bakal ngarani barang siji iki nganggo istilah beri saka blek).

Lima Sekawan (lima ya gangsal, sekawan iku papat kok bisa sama denganLima Sekawan?) nembe ngrubung Patih Bengkring kang nembe dolan ing kana. Kemruyuk, kaya laron nemu petromaks.

“Bengkring! PKI kowe! Kok kancaku wingi kleleran ana Sala, apa kowe ora nyuguhake kekaremane Den Bronto?” Kang Dinuhadi bengok.

“Mesakake Den Bronto lho, Kring. Dheweke gela, nganti telung dina ora bisa turu amarga awakmu ora ngandhani panggonan ahli ngembani akik,” Ndoro Bicak nambahi bengokane Kang Dinuhadi.

Bengkring blingsatan, raine pucet. Kabeh padha bingung, pandeng-pandengan siji lawan sijine. Aneh, Bengkring samsaya pucet. Bisa dibayangke kaya ngapa penggalihane Patih  Bengkring kang bisa metu pucete kamangka kulitane kaya Sunan Geseng. Njanges.

Durung klakon mangsuli protes-e Kang Didinu, durung ilang pucete Patih Bengkring, dumadakan ana koor dening Paman Botak, Peppy lan Busro. Kompak, gandhang lan merdu kaya swarane Masnait Grup. Saka sacedhake undhak-undhakan loteng, priyayi  kang telu (kabeh lemu-lemu!) cacahe mau, nudhing-nudhing Patih Bengkring.

“Kowe kudu tanggung jawab! Kowe kudu njaluk ngapura karo Den Bronto!” Koor kang lucu, merdu nanging gawe batine Patih Bengkring samsaya ngonggo-onggo.

Watara limolas menit, Patih Bengkring bisa nata ati. Kanthi swara lirih lan ngati-ati, dheweke matur apa anane marang para-para pinunjul ing Jakarta iku, sapa maneh yen dudu Lima Sekawan.

“Makaten para sepuh. Kawula mboten wantun matur dumateng Den Bronto ngengingi panyuwunanipun Den Bronto. Panjenenganipun mboten ngendika, punapa malih dhawuh kawula supados nyawisaken kekaremanipun panjenengan dalem,” ujare Patih Bengkring, rada ndhredheg.

“Lho, samang lak nggih saged ngaturi pirsa Den Bronto. Liwat sms punapa mboten saged? Menawi mboten kagungan pulsa mbok ngendika, tinimbang ndamel kuciwanipun sadherek,” mangkono ngendikane Paman Botak.

Paman Bengkring ethok-ethok watuk, banjur mlebu gandhok ngiling banyu saka dispenser. Ing mburi, Paman Bengkring mikir piye carane bisa matur kanthi runtut supaya kepenak tinampa dening para-para mau. Ora suwe, Patih Bengkring njedhul maneh.

“Makaten Paman Botak, Kang Dinuhadi, Ndoro Bicak lan Mas Peppy saha Mas Busro. Sejatosipun, kawula sampun nyobi pesen nyamikan ingkan dipun kersaaken Den Bronto. Ananging kula ajrih matur, amargi panjenenganipun Den Bronto ngendika bilih tindak Sala sesarengan kaliyan rencang-rencang lan kulawarganipun,” ature Patih Bengkring.

Sabanjure, “Mboten sakeco, nyamikan namung cekap kagem priyayi satunggal, mangkeh saged ndadosaken iren rencang-rencang. Bilih punika ngantos kadengangan kulawarga, malah saged ndadosaken brantayuda, wong nyamikan kala wau sampun dados sirikanipun kulawarga Den Bronto.”

“Ora ngono kuwi, Kring. Den Bronto iku lunga ijen, tanpa bala tanpa kulawarga,” Kang Dinuhadi nyauri.

“Wah, kawula mboten mangertos bab punika. Sangertos kula, wekdal dipun tangleti rencang-rencang Den Bronto tindak piyambak utawi kaliyan kulawarga, ngendikanipun kulawarga nembe ngaso wonten kamar……,” ngono ature Patih Bengkring.

“Kamangka, kula sampun pikantuk nyamikan ingkang menawi dipun dhahar, raosipun wonten lebet kados nggrawut-grawut.  Eco, tur ngangeni. Mboten wonten nyamikan ingkang eksotis kados makaten kejawi wonten Sala,” Patih Bengkring mratelaake.

Sanalika, Lima Sekawan mau padha meri. Isih gumun menawa ana Sala, jebul ana nyamikan kang rasane bisa mangun sensasi ana sajroning ati, njalari wong-wong padha pingin bali.

“Tukune menyang ngendi, kuwi???” Ndoro Bicak takon kanthi ngedhepake mripat marang Patih Bengkring.

Drijine Patih Bengkring jejogedan. Mijeti keypad telpone lan ngobah-obahake scroll up-down nganti layar telpone metu tulisan: Send to…

Patih Bengkring wis kasil milih jeneng, banjur matur mangkene: Ndoro, kawula sampun kentun nawala. Wonten mrika sampun wonten nami saha nomer telponipun ingkang sadeyan nyamikan…..

5 thoughts on “Nyamikan Nggrawut-grawut

  1. niesdri welsh

    Iki nyamikan tenan opo nyamikan sanepan ta?
    Aku durung tau ngrasakne nyamikan “nggrawut-grawut”, ning yen nyamikan sing nggrawuti weteng akeh kuwi neng Pasar Gede. Wis angger keno bledug genah nggrawuti usus nganti Typus mondok neng nJebres.

    Yen moco tulisanmu aku kelingan jaman SD gawene moco cerpen boso Jowo neng Dharmo Kondo.

    wis samesthine iku mung sanepan. nanging aku nate ngguyu kemekelan, jalaran kancaku nganggep kuwi panganan tenan. kamangka, kancaku iku nulis babagan blog basa Jawa ana korane, lan nganggep iku panganan khas Sala. hahaha…
    /blt/

  2. blaik!!

    koyo moco djoko lodhang utowo kandha raharja….
    gyahahaahahahaha..

    ah aku ra mudeng ah, iki kebak simbolisme.
    gojegan internal.
    aku njaluk jagading lelembut waeeeeeeeeee….

    bengi iki rak wengi jumat telulas…errr…..friday the 13th :mrgreen:

  3. ichwan prasetyo

    Weh, nyamikan ngawut-awut, kok nembe tumon iki? Sing adol ngendi lan sapa Pakdhe, bisa nggo ngisi Jagad Jawa iki….

    Basane apik kok, wus lunyu. Yen babagan kosakata, miturutku pancen ora kudu ndeles ngugemi undha usuke basa Jawa. Amarga iki rak tulisan kanggo umum, lan utamane kanggo para kanoman.
    Yen basane ndeles sok-sok sing maca malah ora dhong. Ya sing penting regetan basane (karepku basa-basa impor saka njaba sing dipeksa dilebokake ing basa Jawa) ora kakehan.

    Bali neng awut-awut mau, enak ora ta kuwi, temen aku nembe tumon pisan iki….Lah yen blek duweke beri, mengko dhisik, mbayar sekolahe anakku wae gunggunge padha regane blek duweke beri kuwi….wakakakakakakka…….

Leave a Reply