Ati Gapuk Nyah Limbuk

Ganep sewulan, Nyonyah Limbuk kaya wong mabuk. Sapa wae kang nyedhak disepak, sing ngajak ngguyu malah disatru. Pikirane buneg, atine sumpeg. Rina-wengi tansah mikirake nasib putrine sawiji, Konyil, kang nembe njago lurah ing Desa Alasbrukut. Ndilalah, Konyil pancen uthil babagan dana driyah, malah kepara sawiyah-wiyah marang tim suksese. Kamangka, rakyat ing Alasbrukut wis padha pinter, sinau saka tipi, tiru-tiru para priyagung Jakarta kang seneng bancakan dhuwit negara.

“Pokoke, aku ora bakal milih lurah sing medhit,” mangkono kandhane Satrio.

Kang Sabar nanggepi kanthi gandhang. “Aku juga! Wong uthil biasane nggrathil. Tiap ana kesempatan mesti ngembat!”

Kang Sabar banjur ndongeng. Dheweke crita, Pak Kawit sing mbiyen omahe digogos banyu Kali Ciliwung, saiki wis duwe gedhong magrong-magrong ing Setyabudi. Lotenge malah mung kanggo papan peturone pembantu lan sopir-sopire. “Omahe apik, kamangka mung dadi anggota DPR propensi sa-periode, lho,” ujare Kang Sabar, nggrenengi tangga lawase iku. Satrio manggut-manggut. Percaya yen Kang Sabar ora nate goroh, sanajan drajade mung tukang kayu kang urip mboro lan ndhekos ing sacedhake Kali Ciliwung iku.

Kanggone Satrio lan Kang Sabar, Konyil bakale ora beda karo Pak Kawit saiki. Semono uga tangga-tanggane kang sumebar ing pitung pedukuhan. Saumpama dipilih, Konyil dianggep mung arep nyengsaraake wargane. Sing wis genah padha dimangerteni, Konyil iku senenge mung macak, mangan enak lan nyandhang sarwa pepak: gelang pating krempyang, anting-anting kaya hola hop, lan kalunge gedhe kaya rante kamrat Honda bebek.

Gunemane warga durung cuthel babagan trekahe Konyil. Ing sawijining dina, ana warga kesripahan. Konyil uga layat sanajan dikanthi ibune, Nyah Limbuk. Sawise ngaturake asung bela sungkawa marang kulawarga kang kesripahan, Konyil misah saka biyunge. Dheweke nyedhaki para mudha taruna, banjur sesorah ngalor-ngidul, lan njaluk dukungan swara kanggo ngadhepi coblosan.

Konyil ora direwes. Kabeh padha meneng, nuduhake rasa kelangan supaya kulawarga kang nembe nandhang sedih dadi bombong atine, rumangsa dikancani tangga teparone. Rumangsa ora ana kang nggatekake dheweke, Konyil kaya dibrongot atine. Tambah suwe, samsaya banter unine.

“Kowe kabeh ora ngelingi, Biyungku iku kurang apa anggone labuh-labet kanggo Desa Alasbrukut kene? Dalan wis diaspal, pangan murah lan gampang golek gaweyan. Mbok digatekke, remuke ekonomi warga desa kene iku, kan wektu desa iki dipimpin Sus Silo, to?”

“Ya mung aku kang bisa mulihake kahanan, supaya makmur kaya jaman Biyungku biyen,” ujare Konyil kanthi praenan mangar-mangar.

Kabeh meneng, ora ana kang ngucap sekecap. Satrio, kang ana ing papan iku mung mesam-mesem nyawang Konyil. Dheweke banjur kelingan nalika dadi mandor ana proyek ngaspal dalan desane. Juragane Satrio, saben Jumat esuk mesti lunga menyang kutha nge-bank-ke dhuwit, ngirim neng rekeninge Pak Tompi, bojone Nyah Limbuk.

Ujare juragane Satrio, kiriman liwat bank iku mau minangka dhuwit komisi proyek ngaspal dalan, ngiras-ngirus dadi besel supaya tetep entuk garapan proyek saka Nyah Limbuk.

Adegan Konyil nggemprong-nggemprong ana papan layatan iku, jebule terus nambah ruwet-renteng atine Nyah Limbuk. Judeg, nanging ora bisa sambat marang sapa wae amarga lingsem. Salawase, Nyah Limbuk rumangsa dheweke iku anak-turune wong agung, penggedhe saingga ora pantes sambat marang wong kang drajade mung sangisore. Apa maneh, sadina sadurunge Nyah Limbuk nampa lapuran saka kader-kader lan tim suksese, yen para warga wis ngerti yen kabeh ragad kampanyene Limbuk asale saka dheweke uga.

Malah, wektu ngadhep Nyah Limbuk iku, para kader ngaku pasrah bongkokan, pilih nyagdhong dukane Nyah Limbuk tinimbang dikrumpyung anak-bojone amarga wis ngentekake dhuwit jatah pawon.

Nyah Limbuk puyeng. Puyeng yen sejatine dheweke uga wis ngerti, yen Konyil pancen ora pantes lan durung wayahe mimpin warga Alasbrukut. Apa maneh, saben sore penggaweane Konyil mung nonton gambar corek neng tipi sinambi nyendhoki es krim sacepuk gedhe.

4 thoughts on “Ati Gapuk Nyah Limbuk

Leave a Reply