Tukang Becak Apikan

Sewulan kepungkur, Kang Iman Brotoseno sakanca dolan ing Sala. Angkahe, padha pingin mangerteni kahanan pahargyan Imlek sedulur-sedulur Tionghoa sa-Sala ing Klenteng Avalokitecwara, sakidule Pasar Gedhe. Apese, Kang Iman kelalen. Monopod-e ketinggalan ana ing becak sing ndherekake dheweke menyang warung sate Tambaksegaran, sakidule Pasar Legi.

Dhasare priyayi misuwur, luhur budi lan jembar penggalihane, sanadyan barang kang migunani kanggo ndhodhokake kamera Nikon D1x iku bisa bae ilang, dheweke ora ngatonake rasa getune babar pisan (mbokmenawa pancen wis akeh duit dolar-e, dadi bisa mundhut maneh sing luwih apik. Hehehehe…). Aku matur marang Kang Iman kaya mengkene: aja kuatir, Kang. Yen tukang becake iku mangkale ana ngarep hotel, aku yakin bakal dibalekake. Priyayine nyicil ayem. Aku rumangsa tentrem.

Rampung nyate, aku sakanca banjur nerusake laku menyang Pasar Gedhe, nyekseni kahanan kang wus beda. Atiku seneng, wong-wong Tionghoa wus ora dhelikan maneh anggone padha nganakake Imlek-an kaya rikala Pak Harto isih kuwasa lan daksiya marang sapadha. Kang Iman, Antok, Dony lan aku padha biyayakan golek panggonan kanggo nginceng. Asyiiikkkkkkkk!!!

Watara rong jam, aku ngancani Kang Iman sakanca, banjur nerusake laku ritual wedangan ana panggonane Kemin ing sacedhake Monumen Pers. Saka kana, banjur padha kondur hotel saperlu nyelehake awak kang wus kesel amarga begijigan ing Pasar Gedhe. Aku ndhisiki laku menyang hotel Jayakarta, papan nginepe kanca-kanca ana sakiwane Stasiun Balapan.

Rindhik asu digitik, aku mbludhus ana papan panampi tamu alias resepsionis. “Pak, punapa kala wau wonten titipan barang ingkang ketinggal ing becak?” pitakonku.

“Inggih, Mas. Wesi bunder, nggih?” jawabe bapak-bapak kang jaga hotel kanthi ngathungake monopod tjap (yen ora kleru) Velbon.

Aku manggut-manggut, ngaturake panuwun marang bapak-bapak petugas hotel. Aku banjur gage-gage metu, ing pangangkah arep nggoleki tukang becak kang wus ndherekake Kang Iman. Sepi nyenyet, ora ana sapa-sapa. Thingak-thinguk sawatara, aku malah ditawani ojek, dikira nembe golek cengklakan dumeh rangsel-ku gedhe lan katon mbentoyong.

Ing sajeroning ati, aku seneng. Tukang becak kang jujur kaya mangkono iku banget migunani tumrap kemajuane kutha Sala. Aku uga yakin, Kang Iman bakal crita marang sapa wae bab ‘ilange’ monopod iku.

Muga-muga kabeh tukang becak, sopir taksi lan masyarakat Sala kaya mangkono kabecikane. Amin.

9 thoughts on “Tukang Becak Apikan

  1. ichwan prasetyo

    Saeba apike kaanan bangsa lan negara iki yen para pangarsaning negara, pangarsaning paprentahan, para politisi, mligine sing dha lungguh kepanak ing Senayan, Istana lan sakiwa tengene kuwi kabeh duwe watak lan sikep kaya tukang becak kuwi….Emane, aku mung bisa ngarep-arep babagan iki ing impen, lamun dadi kanyatan weh…ketoke tangeh lamun. Apamaneh yen kelingan guritan basa Indonesia Kyai Mustofa Bisri: Malu aku jadi orang Indonesia.

    Ndherekake ing alinea ndhuwur apike ngeterke wae, wong kanggo awake dhewe ngono lho….sakorane sing nulis lan sing ditulis drajat pangkate padha.

  2. Lha yen bab priyayi Sala mesthine ya apik to?
    Banjur cerita bab monopod kuwi sakjane kepriye to genahe? Kok keprungu dudu mung penthungan wesi sing mrucut ananging monopod liyane uga mrucul.

Leave a Reply